Njejegaken Sejarahe Dhewek (2)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 25 November 2019 17:27 WIB)
- Opini
Ater-ater Redaksi
Penulis buku sejarah Suluh Blambangan, Hidayat Aji Ramawidi, ngejak wong-wong hang duwe wigati nyang sejarah Blambangan, nulis sejarahe dhewek. Maksude kelendi? Tulisan iki bagiyan nomer loro lan pungkasan teka bagiyan kawitan hang wis ana sedurunge.
Cathetan hubungan Belambangan ambi kompeni ya hing jelas. Mara-mara ada cathetan teka kompeni gok ring taun 1628 Belambangan njaluk tulung nyang VOC ring Batavia kanggo ngadhepi Mataram. Uga Van Diemen hang ngaku gok VOC olih penjaluk teka Belambangan lan Bali dienggo ngadhepi Mataram, taping ditolak. Apuwa gok ditolak yong kala semono VOC iku mbutuhaken kanca dienggo ngadhepi Mataram ring Batavia (1628-1629)? Iki radha mohale, kelendi bisa Belambangan hang nggawe hukum Tawangkarang nyang kapal-kapal liyan (kelebu kompeni) gelem gandheng renteng ambi hang duwe kapal?
Kadhung mula Belambangan njaluk bantuwan nyang kompeni, apuwa gok dudu Belambangan hang nekani Batavia, malah Gubernur Jenderal Brouwer ngongkon Jan Oosterwyck nemoni raja Blambangan Menak Lumpat ring Lamajang. Lan sak mareke kongkonan iku diusir nyang Menak Lumpat, nemoni Mas Kriyan, pemimpin oposisi ring Kuthadawung. Kerana Mas Kriyan hang gelem manut ambi kompeni, iyane hang diakoni dadi raja Belambangan hang sah ring cathetane C. Lekerkerker dan HJ de Graaf.
Kewolu, anane hubungan hang apik antarane Belambangan lan Mataram ring jamane Sultan Agung Hanyokrokusumo, hing tau diduduhaken.
Bengkerengan antarane Belambangan lan Mataram buru ana sakat Sultan Agung sampek umur lan Amangkurat Agung/Amangkurat I ngiyanati bapake, kelawan gandhengan ambi kompeni kanggo ngalahaken Belambangan. Sampe iyane dhewek dihiyanati ambi kompeni hang ring pungkas cerita morodi kabeh Pesisir Elor Jawa teka tangane Mataram.
Sawetara iku, gagale Sunan Amangkurat I nguwasani wilayah kulon (Sumedang) lan wetan (Blambangan), nggarai nggawe rasa frustasi lan ulihe nyenengaken awake dhewek kelawan nggawe mitos Ratu Pantai Selatan. Hing paran-paran wis, gagal ring elor, kulon lan wetan, tapin magih duwe kidul lan dari Ratu ring Segara Kidul.
Belambangan hing tau dikalahaken sekabehane ambi Mataram. Kadhung Lamajang lan Kuthodawung tau sempal, naming diraketaken maning ambi Susuhunan Prabu Tawangalun II.
Kesanga, Buru sak mareke Raja Agung Belambangan iku nemoni pestine taun 1691, dadi bentheng cewenge kerana ana cawe-cawene wong njaba Belambangan. Teka kene ah Belambangan kulon yaiku Lamajang lan Banger bisa direbut ambi Untung Suropati ngatasnamaaken Sunan Amangkurat II. Masiya ring mburi-burine Untung Suropati dihiyanati dhewek ambi Mataram, lan iyane ngumumaken Kerajaan Supit Urang ring Pasuruan saingga rong kadipaten Belambangan dadi bagiyane Pasuruan dudu Mataram.
Kesepuluh, hang nganeh-nganehi hang pungkasan yaiku Perjanjian Giyanti 1755 hang mungkasi riwayate Mataram kelawan anane Kartasura lan Ngayogyakarta. Perjanjian iku uga nyebutaken gok kabeh wilayah Javas Oosthoek (Jawa Timur) diserahaken nyang kompeni. Kelawan perjanjian iku, kompeni ngerasa nduweni hak ring Belambangan pisan. Saingga tepak 23 Maret 1767 kompeni teka ring Belambangan, sak kal ngibaraken bendherane ring Pelabuhan Teluk Pampang.
Ale tepak Perjanjian Giyanti diteken, Belambangan hang kala semono dipimpin Mas Sepuh/Pangeran Jingga Danuningrat (1736-1764) kerajaan hang merdeka. Dudu wilayahe Mataram lan dudu bagiane kerajaan-kerajaan cilik ring Bali. Pangeran Jingga Danuningrat hing weruh gok negarane mara-mara diserahaken nyang penjajah. Dadi ya hing maido gok Agung Wilis, Mas Rempeg, Sayuwiwit, Mas Surawijaya, lan sakteruse kerep ngelawan kompeni, malah sampek tahun 1815.
Kelawan sejarah hang bureng lan peteng iku mau, hang ndadekaken kaya-kayane peristiwa ring Belambangan hing ana hubungane, awak-awak iki wajib nggoleti Sejarah Sumber, utamane sumber lokal.
C. Sejarah Sumber
Ring tanggal 23 Maret 1767, bendhera Landa temancep ring Teluk Pangpang, pelabuhan internasional duwene Kerajaan Blambangan ring selat Blambangan. Marek iku Perang Belambangan I (Perang Wilis) kedadean suwine taun 1767-1769. Disusul ambi Perang Belambangan II (Perang Bayu/Mas Rempeg) taun 1771-1772 lan Perang Belambangan III (Perang Sayu Wiwit) taun 1772-1774. Dadi total Perang Belambangan suwine taun 1767-1774. Lan magih kedadeyan sampek 1815 masiya mung cilik-cilikan.
Taun 1773, VOC hang ngerampas kabeh cathetan ilmu lan informasi tinggalane Kerajaan Blambangan tepak penyerbuan taun 1767-1768, marek iku diobong kabeh. Dienggo mateni oncor sejarah generasi sak pengarepe ring Banger, VOC ngongkon Bupati Banger, Tumenggung Djoyonegoro (1767-1804) ngewani perentah para ahli Purwasastra nulis babad bab Blambangan.
Ring kono, Tumenggung keturunan Raden Brondong Lamongan iki nduweni penemu kanggo kepentingan dhewek, makene iyane kaya-kayane duwe oyot bangsawan nyang Kerajaan Blambangan. Iyane ngongkon patihe hang aran Kertajaya nulis babad sejarah Belambangan liyane maning.
Limang taun sak uwise (1778), salah sijine keturunan Susuhunan Prabu Tawangalun II hang aran Mas Serandhil (1713-1782) nyampekaken hang kepisanan kidung Suluk Balumbung nyang anak-anake ring Gunung Dupa. Isine yaiku cerita sejarah Kerajaan Belambangan hang iyane rungu teka bapake, Mas Aji Suranatha (1691-1771), anake Pangeran Arya Gajah Binarong, anake Susuhunan Prabu Tawangalun II.
Isine Suluk Balumbung mung diwarisaken nyang pirang uwong ring sak generasi. Mas Serandil ngewarisaken suluk iku kelawan cerita lisan nyang anake lanang arane Mas Agung Prawironagoro (1735-1800), lan seteruse.
Sak mareke perlawanan Arya Galedak tahun 1815 ring Puger, Welanda hang ndeleng semangat perlawanan para keturunan Belambangan pungkasane ngerasa perlu kanggo nguwahi kabeh Sejarah Belambangan, hang nduweni karep kanggo mateni semangat wong-wong local. Taun 1827 pemerintah Welanda ngetokaken aturan anyar kanggo Belambangan, lan kanggo ngelaksanakaken tugas iku mau, kompeni manpaataken pedagang teka Lamajang hang buru bain bangkrut lan butuh modhal usaha.
Wiraleksana arane, iyane dikongkon nulis Babad Perang Bayu hang kedadeyan selawe taun sedurunge (1771-1772). Kelawan olih bayaran picis, Wiraleksana mungkasi cerita babad sejarah perang ring Tegalperangan iku. Kerana hang ditakoni dienggo sumber tulisane iku wong hang milu perang Bayu teka Banger lan Bangkalan, hang sak mareke perang manggon ring Banger lan Panarukan, Babad iku seru akehe ngewani peran nyang VOC minangka pihak penyerbu lan nana cerita perlawanan teka Belambangan, malah Sayuwiwit bain hing diceritakaken.
Taun 1828, Bupati Banyuwangi, Tumenggung Surahadinegara, uga meritahaken sekertarise supaya nulis sejarah Blambangan liyane hang diwani judhul Babad Tawang Alun. Cerita ring babad iku wis cetha nyilikaken keagungane Belambangan. Umpamane nyebutaken gok Negeri Kedhawung iku asal-muasale Blambangan-Banyuwangi. Dudu hang ana ring Kuthadawung, Umbulsari (Jember) taping diuwah dadi Kedhawung ring Sraten (Banyuwangi). Karepe wis jelas, gok generasi seteruse mung weruh gok Belambangan iku mung sak keluthekan Banyuwangi. Ale Belambangan iku wilayahe teka Gunung Brahma sampek Selat Blambangan.
Seteruse taun 1852, Welanda magih ndeleng usaha dienggo mutus rante sejarah durung maksimal, iyane kepingin ngerusak hang lebih adoh maning. Welanda ngerancang maning Sejarah Jawa ambi cirine yaiku pating ngadu agama lan suku. Kanggo iki, Welanda nekakaken Helena Blavatsky, orientalis hang manggon ring Pekalongan taun 1852-1860. Blavatsky melibengi Jawa, teka Pesanggrahan Limpung (ring Pegunungan Dieng), Candi Mendut, Candi Borobudur, lan liya-liyane kanggone sinau kepercayaan masyarakat lokal yaiku Hindu-Bodha hang sing diakoni ambi pemerintah.
Taun 1873, salah sijine muride Blavatsky ring Kediri, dalang wayang purwa aran Ngabdurrahman asale teka Pati (Jawa Tengah) dadi penganut ajaran Blavatsky. Ngganti arane dadi Ki Tunggul Wulung lan diwani tugas nulis Babad Kadhiri, sejarah Jawa hang sumbere ditekakaken teka ‘alam liya’ kelawan ‘Ritual Nyeluk Arwah’ Butolocaya.
Kanggo ngadu antarane wong pribumi, ring Babad Kadhiri diceritakaken asal-muasale ancure Kerajaan Majapahit polahe teka hiyanate lan berontake Kadipaten Demak tahun 1478. Maksude dienggo ngadu Hindu-Buda ambi Islam. Islam ring Babad Kadhiri seru dimusuhine. Gedigu pisan nyang babad-babad turunane, kayata: Serat Dharmogandul, Serat Gatholocho, lan Serat Damarwulan hang terbit sak mareke.
Serat Damarwulan hang seru ngelek-ngelek Belambangan ring abad ke-18. Dijumbulaken aran Menak Jinggo, tokoh antagonis awake raksasa lan endhase asu, lan kabeh sipat elek menungsa ana ning iyane. Kabeh iku jelas dienggo ngelek-elek pejuang Belambangan makene tambah hing diakoni lan sekaligus dibangkeli kerana dudu keturunan menusa.
Hang pungkasan, kanggo ngagulaken prestasine, Bupati kasepuluh Banyuwangi, Tumenggung Haryo Notodiningrat sak suwene petang taun (1915-1919) nulis buku sejarah Blambangan Babad Blambangan Notodiningratan hang antarane nyebut Babad Kadhiri, Serat Damarwulan, Babad Tanah Jawi, lan laporan-laporan Welanda sedurunge iyane dadi bupati kanggo rujukane. Hing maido gok ring babad iku iyane nyebut leluhur Belambangan asale teka Menak Jinggo. Kerana iyane dhewek dudu keturunan aseli raja-raja Belambangan sedurunge.
Babad-babad iku mau nyeja disebaraken ring abad 18 dan 19. Cerita-cerita tutur digawe lan disebar kelawan cerita hang dituturaken ambi para pamancanggah menmen (tukang ndongeng keliling). Sak uwise generasi bengen wis hing ana, generasi hang mung rungu teka tukang ndongeng iki mercayani cerita hang disebar kompeni. Ya gedigu akibate, akeh versi hang nggawe bingung generasi anak putu. Sejarah Belambangan ditutupi mitos hang akeh nggawa semangat ngadu lan pitenah.
Ring sejarah, ana cerita Susuhunan Prabu Tawangalun II nduweni rabi wong Gelgel lan Mataram. Prabu Macanapura rabine wong Sumenep. Prabu Danurejo rabine puteri Buleleng, Mengwi, lan Pasuruan (anake Untung Suropati). Prabu Danuningrat rabine puteri Bangkalan. Lan pahlawan Blambangan, Agung Wilis rabine wong Jembrana lan Mengwi. Dadi hing aneh gok Belambangan iku wis sakat bengen multi etnis, multi bahasa, multi budaya, lan multi agama.
Awak hing nolak kabeh babad-babad iku lan hing anti nyang cathetan-cathetan wong liyan, naming kadhung ana hang aseli Belambangan hang dadi rujukan utama.
D. Nulis Sejarahe Dhewek
Kerep ditemoni hang aran ahli adu argumen, akeh-akehan sumber. Hing terima ahli sejarah, ana pisan klenikus sejarah, novelis sejarah lan liya liyane. Wong-wong iku kerep njuwut sumber sejarah kana kene, taping lali ambi pitakonan “Paran tujuan sumber iku ditulis?”, “Kelendi asal-usule sumber iku?” lan “Sapa hang nulis?”
Akeh pisan uwong hang ngerasa welas ring Belambangan, mbela mati-matian Belambangan taping nganggo sejarah hang didikte lan ditulis ambi musuh-musuh Belambangan. Malah sithik-sithik ngomong: ana sejarah hang disengidakaken. Ana sejarah hang ditutupi. Ana sejarah hang dibusek. Ana sejarah hang diuwahi. Ambi sapa? Ya ambi pemenang. Bisa Walanda, bisa liyane.
Kadhung wong njaba Belambangan nulis bab Belambangan, mesthi Belambangan hang dadi obyek, dudu subyek, Belambangan dadi pihak antagonis, lan Belambangan mesthi dadi pihak hang kalah lan elek.
Sejarah awak dhewek mesthine kudu cara ndeleng awak dhewek. Dudu babad Welanda, dudu babad lokal rasa Landa hang akeh ngadu ambi dulu dhewek, suku, agama lan dhaerah. Mumpung magih ana arsip-arsip ring keraton-keraton, ana cerita tutur teka trah keturunane. Mayo, nulis sejarah hang durung tau ditulis. Sejarah versi awak dhewek.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.