Njero Segara, Potensi Wisata Banyuwangi hang Durung Digarap

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 29 Februari 2020 09:41 WIB)
- Wisata



Kesugihane alam Banyuwangi, sing terima kaya saiki hang diweruhi wong akeh lan dadi jujugane wisata. Temekaken magih akeh hang kependhem, durung diweruhi wong akeh. Kadhung bisa dijugeri aju diduduhaken wong akeh, sing mohal kadhung Banyuwangi bisa ngalahaken dhaerah liya, utamane wisata ring njeru segara.

"Banyuwangi nduweni pesisir dawane 175 km taping hang digarap buru rong km, nong Bangsring lan Watudodol. Ale wis weruh, gok segara iki ya bisa nekakaken wong kelenceran (wisatawan).” gedigu ucape Teguh Siswanto ambi rodok getem-getem nyang reporter belambangan.com 

Wis kepara nyata gok segara setemene bisa dadi sembrani hang bisa nyedhot wisatawan teka ring panggonan-panggonan kelenceran. “Acake delengen, Pantai Lembeh nong Menado iku wis kaya Pantai Kuta wong hang teka. Hing kabeh hang teka nong Kuta Bali iku arep surfing, paling mung 20 persen hang surfing. Padha ambi ring Pantai Lembeh, paling ya mung 10 persen hang arep wisata diving, taping akehan wong hang teka lan manggon ring pesisir kana, ” tambah lare Bajulmati hang duwe cafe El Kopi ring Licin iki.

Teguh saiki mbukak kegiyatan hang ngajari wong-wong Banyuwangi nyelem. Gratis. Kadhung nong panggonan liya, yara mbayar. “Isun mung arep nulungi kelendi carane PAD (Pendapatan Asli Daerah) Banyuwangi bisa munggah merga teka wong kelenceran hang ndeleng endahe karang ring Banyuwangi”, jare Koodinator Scuba Diving Banyuwangi Indonesia (SDBI) iki.

Iyane girang merga kegiyatane iku disokong ring Dinas Kebudayaan dan Pariwisata. “Tahun 2021 tema Pariwisata Banyuwangi iku loro: “Segara lan Sejarah.” Teguh ambi kanca-kancane marek nyilem segara hang ngubengi Banyuwangi suwene 10 dina, sakat tanggal 10 Februari 2020. “Isun lan kanca-kanca ngelopro pirang-pirang panggonan. Sakat kawasan Pesisir Wedi Ireng, Slenggrong, Teluk Banyu Biru, Pesisir Boom, sampek kawasan Alas Baluran,’’ jelase Teguh.

Teguh hang sakat cilik ring Bajulmati iki kerep mancing, tau diwanti-wanti ring emake hing ulih mancing parek-parek kapal kerem ring parek Baluran, gulakane hing bisa mulih jare. “Saiki malah kapal kerem iku hang hun goleti, nawi bisa dadi icon selam Banyuwangi.”

Banyu segarane hang kening lan panggonan (spot) hang ideal (tepak lan cocog) kanggone wong nyilem, ndadekaken Banyuwangi  bisa dadi jujugan wisatawan nyilem. “Pulau Tabuhan iku hing kalah ambi Pulau Menjangan. Ring pesisir pinggir kidul Tabuhan ana spot hang duwe perengan, yaiki hang digoleti penyelam. Durung maning akeh kewan-kewan jenise lintah laut hang diarani Makro. Kewan iki didhemeni ambi penyelam polae apik-apik kelire. Pesisir Boom ya akeh kewan makro iki lan setemene Boom ya bisa dikembangaken dadi panggonan nyilem.” jare penyilem hang uga seneng kopi iki.

“Aja dilalekaken pisan, wisata segara iki hing kathik biaya akeh. Hing kaya ngembangaken panggonan wisata hang ana ring daratan, umpamane gerujugan, magih perlu mbangun dalan merana. Kadhung selam ya hing kathik gedigonan wih.” Ujare wong lanang umur 55 taun hang magih katon sagah iki.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf