Novian, Mbangun Ruang Edukasi Sampek Kopi

Widie (dipublikasikan pada Jumat, 21 Agustus 2020 08:32 WIB)
- Tokoh



Kadhung ana wong hang gupuh ring ngajari lalare difabel nggawe kopi sampek masaraken asile salah sijine ya Novian Dharma Putra.

Sakat cilik nduwe hobi petualangan, iyane parek ambi alam. Pengalamane sakat cilik iku kegawa sampek gedhi lan mbantu dalan uripe nggape prestasi. 

Kadhung mung mikiraken rejeki awake dhewek, iyane tau megawe nong perusahaan manca. Taping magih kober mbangun kegiyatan edukasi lalare kanggo merujukaken welas nang lingkungan. 

Masiya lair nong kutha, iyane hing sulap ambi bangunan gedhi lan dhuwur. Malah iyane lebih dhemen suasana asri hang ana ring njabane kutha. Wektune akeh dienggo ngerambah alam ring njaba kutha ambi keluwargane. 

Cilike bengen sekolah ring SDN Penganjuran 5, aju nerusaken SMP 2 Banyuwangi aju ngelanjutaken nong SMA 1 Glagah lan lulus taun 2006. Pendidikane diterusaken nong Surabaya njuwut Diploma 2. 

Sakwise ulih pegaweyan, iyane ngedegaken kegiyatan kanggo lare-lare hang diarani Padepokan ASR. Sithik-sithik kegiyatane ASR iki ngajari lalare kelendi milu mbantu njaga lingkungan kelawan welas nong alam. 
“Kene iki kan weruh akeh pencemaran lingkungan. Kerana iku kene iki sinau bareng lan kelendi carane dadi warga hang welas nyang lingkungane. Makene bisa dadi generasi hang paham lingkungan lan dudu dadi bagiyan generasi hang ngothori lingkungan."

Lare-lare saiki iki minangka aset lan hang nerusaken cita-cita bangsa kudune diwani pituduh lan arahan hang cocog ambi bakat lan potensine.
Kelawan anane Padepokan ASR iki, iyane kepingin mbantu masarakat supaya lebih aktip, kreatip, produktip lan inopatip. Hing maido kadhung paran bain kegiyatane padhepokane iku mesthi ana gandhengane ambi alam lan lingkungan. 

Ya hing kari ngagetaken kadhung anake 
M. Machfud lan Siti Hadzilah iki paceke ulih penghargaan, umpamane taun 2010 lan 2012, iyane ulih ISO-14001 Environmet Management Sytem Certifications at 2010 (Papa Flow Station PHE ONWJ), aju taun 2012 sampek 2015 iyane ulih sertipikat Green PROPER Kementrian Lingkungan Hidup lan ring taun 2016 ulih penghargaan Patra Adikriya Bumi Utama Award.
“Sakat cilik isun mula dhemen ring alam lan tambah dhemen maning kadhung lingkungan rijig," jare lakine Novina Puspita iki.

Bapake M. Ibrahim Albasya lan M. Royyan Asshidqi iki nduwe kekarwpan dadi petualang. Taun 2008, salah siji cita-citane kewujud kelawan sepidhahan nyang Tarakan Kalimantan Utara.

Iyane uga dhemen nggawe ucap-ucap unik, main basket lan nunggang sepidhah iku mau kanggo marekaken awake nyang alam.

Keahlian liyane, iyane nduwe kepinteran ring decoupage yaiku seni kerajinan nugeli keetas lan ditemplekaken ring kayu, gelas, omplong, plastik, kerdhus, godhong garing lan uga digawe ring ndhuwur kain.

“Akehe botol, o.plong hang dibuwang ngewani inspirasi kanggo nggawe barang liyane hang lwbih apik."

Saiki kegiyatane akeh nong mobile cafe taping tetep hing ngelalekaken lingkungane, ngelatih lalare lan ngajari lalare makene bisa ngadeg jejeg nyerambahi donya. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Bisnisbanyuwangi.com

Editor: Antariksawan Jusuf