Nulis Cerita Cendhek iku Gampang (1)

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Kamis, 31 Oktober 2019 15:27 WIB)
- Opini



 

  1. PARAN IKU CERITA CENDHEK

      Cerita Cendhek, kadhung ring basa Jawa diarani Cerita Cekak (Cerkak), kadhung ring bahasa Indonesia diarani Cerita Pendek (Cerpen). Kadhung nurut Wikipedia, Cerita Pendek iku, salah sijine bentuk prosa naratif fiktif hang sing dawa naming padhet sing kaya cerita novel. Teknik sastra kayadene tokoh, plot, tema, lan basane emeh padha bain. Dawane Cerita Cendhek ring kene biyasahe entek diwaca ring saklungguhan bain, beda ambi novel hang kadhang hang maca ngentekaken pirang-pirang wektu dinggo maca sak novel. Kadhung ring basa tulise biyasahe dawane antarane rong halaman sampek pitung  halaman ketikan komputer nganggo spasi siji setengah nganggo huruf normal kaya umpamane huruf Times New Roman ukuran 12 utawane sing ngelebihi teka 10.000 ujar.

            Cerita Cendhek iku wujude cerita karangan hang mung duwe sak ba’asan. Sak ba’asan iku aju di babaraken teka kedadean polah lan tingkahe lakon sakat kawitan sampek pungkase. Padekane cerita cendhek bisa dititeni umpamane:

  1. Isi ceritane dudu kedadeyan nyata ring donya iki, taping mung reka dayane penulis
  2. Inti ceritane mung sak ba’asan bain
  3. Gambarane cerita ringkes lan gamblang
  4. Sipat ceritane naratif

 

  1. IDE LAN PENEMU RING CERITA CENDHEK

            Penulis cerita cendhek biyasahe bingung kadhung arep ngangkati nulis ceritane. Ide utawane penemu hang arep dienggo dasar nggawe cerita biyasahe hang dadi sebabe. Ide setemene bisa njumbul ana ring pikirane penulis. Ide iku bisa njumbul kadhung penulis duwe pengalaman batin. Diarani pengalaman batin merga sing kabeh pengalaman hang wis dilakoni bisa dadi pengalaman batin. Pengalaman batin iki sing mesthi hang wis dilakoni penulis, bisa uga hang dilakoni wong liya aju cemanthel ring batine penulis.

      Penulis bisa ngasah pengalaman batine kelawan akeh maca utawa akeh ngerungokaken ceritane uwong. Bisa uga kerana weruh dhewek kedadeyan hang ana ring kedadeyan urip hang sakbenere.

            Seumpama ide mau wis njumbul ana ring pikiran, penulis kudu gancang nulisaken idene. Pisan-pisan aja duwe pikiran engko bain kadhung wis jangkep. Njumbul sithik sakteruse langsung ditulis. Umpamane magih buru nemu dalane cerita, setting lan lakon-lakone durung ya aja digeningaken, kudu gancang ditulis saknemune. Kadhang kala ide iku bisa metu maning tepak penulis nulisaken ide.           

Saktemene ide iku akeh, teka cerita hang ana ring parek-parek bain kadhung ditulisaken bisa uga nggawe hang maca iku dhemen. Sing mesthi cerita iku kudu hang muluk ana ring awang-awang. Cerita hang nyeritakaken kedadeyan uripe penulis bisa uga dadi ide hang apik.

Iki ana sithik contone cerpenisun hang kauwot ana ring buku “Jala Sutra”: Idene bisa mung ana ring cerita hang saban dina dilakoni awake dhewek. (Ana terusane)

 

 

 

            ……

            Wis telung tahun iki isun kenal ambi Wiwik. Ring semester siji bengen mari ospek isun kenal. Isun kenalan merga sak angkatan ring kampus. Bengen magih durung ana paran-paran ring ati iki. Ya mung sewates kanca nong kelas wayah kuliyah.  Wis ana setahun iki isun mangkat kepincute. Masiya Wiwik lare desa naming carane serawungan nyang kanca sing ndesani. Rupa ulih desa naming pikirane lare kutha.

            Sing salah isun kadhung dhemen nyawang rupane. Ping pira bain Wiwik ngarteni dhung isun katon mandengi rupane.

            “Apuwa Kang? Rika mandengi Isun kari temenanan ika?” takone Wiwik kadhung nemoni isun nyolong mandeng rupane.

            “Iku Dhik, ana rengit ring janggutrika,” jawabisun ambi  muyab sak kenenge.

            “Rika iku mangkat nggodha Isun, iki yara andheng-andhengisun. Alihe sakat bengen wis weruh kadhung iki andheng-andheng,” bantahane Wiwik ambi ngusapi andheng-andheng cilik hang ana ring janggute. Nambahi manis rupane.

            ….

 

 

           

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Artikelku

Editor: Hani Z. Noor