Nulis Cerita Cendhek iku Gampang (2)
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Minggu, 03 November 2019 19:06 WIB)
- Opini
- PROSES NGGARAP CERITA CENDHEK
Kadhung wis ulih ide, sakteruse ndadekaken ide mau dadi tulisan hang apik. Nulis cerita cendhek sing padha ambi nulis karangan ilmiah. Uga sing padha ambi nulis reportase. Nulis cerita cendhek sing keneng nganggo aturan-aturan hang ruwet kaya nulis karangan ilmiyah utawane kaya reportase hang kudu nggambaraken kedadeyan iku persis kaya ana ring kedadeyan sakbenere. Cerita cendhek iku cerita hang bebas, lan hang nguweni dalan hang jembar kanggone penulis ngudharaken pengalaman batine. Cerita hang teka kedadeyan sakbenere bisa bain direkadaya aju sing padha ambi kedadeyan urip hang sakbenere ana ring donya iki.
Kabeh cerita mau bisa apik kadhung penulis jujur nyang awake dhewek. Penulis kudune duwe ati hang tatag wektu nulis ceritane. Milu nyang iline dalan pikiran bisa ndadekaken cerita iku enak diwaca. Umpama penulis nemu dalan hang pepet ring njerone nggarap tulisan, penulis bisa nyimpen tulisane iku mau sulung. Istilahe iku dipendhem sulung. Ring wayah liya cerita hang mari dipendhem iku mau bisa diludhang maning lan diterusaken kadhung wis nemu maning dalane.
Ring sakjerone nggarap cerita, utawa nulisaken ide mau aja dipikir sulung bab salah ujar lan salah panggonan lan salah-salah liyane. Paran maning salah ketik lan salah masalah tata bahasa. Hang penting tutug bain anggone ngelakokaken cerita ring tulisan. Kesalahan-kesalahan hang ana mauka bisa dibecikaken maning kadhung tulisan wis mari. Sithik-sithik hang salah dibecikaken, suwen-suwene roh kari sithik salahe. Kadhung penulise iki temanan ulihe mbolan-mbaleni maca tulisan hang wis digawe, engko biyasahe nemu kesalahan-kesalahan hang bisa dibecikaken lan ndadekaken tulisan mau apik lan enak diwaca.
Kadhung tulisan wis mari aja lali nggesahaken ambi uwong hang dipercaya bab tulisan mau. Gesah lan mupakatan bab cerita iku mau bisa nggawe penulis duwe penemu lan ide maning dienggo mbecikaken cerita hang ditulis. Kadhung penulis gelem, penulis uga bisa njaluk tulung kanca kongkon macakaken ceritane. Teka kana uga bisa ana kritik hang bisa dienggo nggawe cerita dadi lebih apik maning. Cerita hang wis dadi uga bisa didumaken nyang kanca-kanca ring grup-grup hang ana ring media sosial. Teka kene bisa ulih maning koreksian. Aja gampang mongkog sulung kadhung cerita dielem uwong. Goleta uwong hang bisa ngelem uga bisa nguweni penemu nyang masalah cerita.
- TEKNIK NULIS CERITA CENDHEK
Ngawiti nulis cerita cendhek saktemene ya sing angel. Akeh teknik lan cara hang dienggo makene bisa nulis cerita cendhek hang apik. Naming kudu dingerteni kadhung nulis cerita cendhek iki urusane seni. Seni dhewek duwe karep paran bain hang diubaraken teka rasa hang bisa wujud barang hang bisa dingerteni menungsa. Barang mau bisa tulisan umpamane cerita cendhek, novel, guritan, basanan, wangsalan lan liyan-liyane. Serehne cerita cendhek iku kelebu seni mupakate nulis cerita iku mesti bain nganggo rasa.
Sing sithik karya seni hang wis oncat teka hang aran teknik iki mau. Ring kene karepe seni iku urusane rasa, kadhung dipikiraken teknik lan cara terus-terusan seni iki mau bisa-bisa kepangklang ambi teknik lan udharane sing bisa luwes lan sing enak diwaca. Naming ring kene arep dibahas masalah teknis nulis, iki dikarepaken dadiya ugemane para penulis hang arep sinau nulis. Mesthi bain sing kabeh penulis bisa nerima teknik iki. Merga siji-sijine penulis mesti duwe teknik hang sing padha ambi liyane.
Iki ana sithik contone cerpenisun hang kauwot ana ring buku “Jala Sutra”: rada teknis sithik naming magih enak diwaca.
(Ana terusane)
|
“Isun nak mulih wis,..Sin,” ucape Samsul ngagetaken kaya geludhug hang cemethor nong nduwur kana. “Kau,..dienggo rewang dodol arep mulih ya,” penggake Muksin. “Ayo wis mulih, kukuten dodolane,” ajake Samsul nyang Muksin. Muksin sing bisa nulak maning saiki, ” Iya wis wangune geludhuge wis teka, sedela engkas udane deres.” Buru bain Samsul arep ngelakokaken sikile hp-ne muni nung njero sak. Gage dibuka hp-ne. Samsul kaget, kaget kaya dene dikagetaken geludhug hang jemepret serta mari disulungi gilap. “Kang, saiki aku ana ing kereta, Aku numpak Sritanjung rong puluh menit meneh aku wis tutuk nang stasiun Karangasem, papaken aku nang stasiun ya Kang,” pesene Likah liwat sms-e. Samsul tambah bingung pikirane soyo muntrang-mantring. “Ana paran rika merene, ..Dik,” takone nyang pikirane. Kerasa sing enak atine dibales sms-e. “Ok,.. Ana wigati apa sampyan rene,” jawabe Samsul ambi balik takon. Sing suwe pira Likah mbalesi nung hp-ne Samsul maning …. “Aku nggawa kabar apik, bapak saiki wis ngerubah sikape, wis ta mengko aku cerita meneh. Sing keneng digambaraken girang atine Samsul. Awake saiki tegas, sikile hang lemes saiki dadi jaya. Peraupane cenger, guyune balik maning nung lambene. Rasane kaya nak uncat bain teka panggonan kono. Dicandhak kontak-e montore aju mlaku gancang sonder ngereken maning udan hang mangkat nderes-nderesaken. Kelambine geblesan sing direken. Gancange melaku nyang montor wis sing keneng dicegah. Mung rupane bain hang ditedhengi ambi deriji tangan kiwane. “Sul,..nyang endi,” takone Muksin kaget nyang tingkahe kancane. “Buru bain sms-an aju mberjak mlayu, ana paran endane.” “Magih udan, aja mulih sulung tah,” Muksin menggak nyang Samsul. “Nak nyang stasiun, mapag bakalan isun,” jawabe Samsul teka njero montore. “Balik maningtah sing. Kadhung sing isun nak mulih bain wis,” takone Muksin negesi. “Njaluk tulung aja mulih sulung, isun nak balik maning aju suntebas durene rika,” jawabe Samsul ambi ngakak aju nyetater montore.
|
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Artikelku
Editor: Moh. Syaiful