Nulis Cerita Cendhek iku Gampang (3-tamat)
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Minggu, 10 November 2019 06:12 WIB)
- Opini
- NGAWITI NGANGGO RAGANGAN
Hang dadi pikiran kawitan dienggo ngangkati gawe cerita biiyasahe kanggone wong hang durung tau babar pisan nggawe cerita iku hang angel. Mula iku ring kene ana babakan hang gampang kanggo ngawiti nggawe cerita yaiku nggawe ragangane sulung. Kelawan cara gedigi bisa nggampangaken nduruse cerita padha ambi hang dikarepaken.
- Ngawiti ngatur Alur, Plot, lan Konflik
Salah sijine bab hang penting anggone nulis cerita cendhek hang apik mesthine kudu nggatekaken Alur. Kadhung diibarataken kapal, alur iku dadi mesine hang bisa ngelakokaken kapal iku mau. Kapal sing bisa bakal melaku anter lan kenceng hang kaya dikarepaken juru mudhine kadhung sing ana mesine. Alur bisa ndadekaken penulis ngatur tatanan (struktur), plot lan konflik ring sakjerone cerita.
Alur iku urutan kedadeyan ring sakjeroning cerita. Alur bisa dienggo ngatur lakune cerita. Alur hang jelas bisa ndadekaken hang maca sing bingung lan sing kakehan takon. Bagiyan sak bagiyan cerita kudune nduwe sebab lan musababe. Dadine cerita mau kadhung diwaca bisa dadi sak cerita hang jangkep wutuh sing pedhot-pedhot.
Macem-maceme alur kadhung dibedakan ana telu, yaiku; alur maju, alur mundur, dan alur sorot balik. Sakdurunge weruh nyang bab macem-maceme alur kudune dingerteni sulung laku rambate alur. Laku rambate alur hang biyasah antarane gediki: perkenalan (pambuka), pembeberan mula (babaran kawitan), konflik, klimaks, anti klimaks, penyelesaian (nutup cerita) . Teka laku rambate alur iku mau aju bisa diwolak-walik sak karepe penulis. Naming kadhung padha ambi asal mulane iku mau magih keneng diarani alur baku.
- Alur Maju. Alur maju bisa uga diarani alur lurus (ndurus). Alur iku laku rambate ndurus milu lakune cerita. Biasae dikawiti teka ring perkenalan, pembeberan mula, konflik, klimaks, antiklimaks, penyelasaian.
- Alur Mundur. Alur uga disebut mundur/sorot balik. Alur iki dikawiti teka ring penyelesaian. Alur iki biyasahe dienggo ring cerita-cerita hang nganggo setting jaman bengen. Penulis hang nggawe alur iki kudu pinter-pinter anggone mapakaken bagian-bagiane. Kadhung sing bisa anggone mampakaken bisa-bisa mbingungaken hang maca.
- Alur Campuran. Alur iki dikawiti ambi klimaks aju mbalik nyang jaman bengen ambi mbeberaken lakon, aju penyelesaiane ring mburi. Alur iki rada repot kanggone dipahami hang maca. Penulis kudu pinter-pinter ngatur plot makne sambungan-sambungane mau bisa alus lan gampang dipahami hang maca. Limang Perkara hang Bisa Diugemi
Hang kudu digatekaken kadhung gawe cerita cendhek antarane ana limang perkara:
1.Tema rembug
Yaiku bab hang dadi bahasan. Saktemene hang aran tema iki buru bisa diarani kadhung cerita iki wis mari lan wis diwaca uwong. Kadhung penulis mikiraken temane sulung aju arep nulis cerita mesti bain dadi perkara. Nepakaken cerita hang arep digawe ambi tema hang dikarepaken iku ya sing gampang. Mula iku tulisen bain cerita hang wis ana ring pikiran lan ana ring perasaan mau. Aja mikiri sulung iku kelebu ring tema paran. Hang penting mari sulung cerita aju bisa diarani cerita mau tema rembug
3.Tokoh/lakon
Yaiku wong-wong hang dadi lakon ring cerita. Sapa bain hang arep didapuk dadi lakon ring cerita kudu diweni watek lan sifat hang jelas, umpamane ngamukan, wediyan, sombong, isinan, karepe dhewek, lan liyan-liyane. Watek lan sifat mau kudu cemanthol kukuh ring antarane lakon iku mau.
4.Setting/papan panggonan lan wektu
Yaiku papan, panggonan lan wektu hang ana ring cerita. Papan panggonan cerita iku penting dienggo nggambaraken lakune cerita. Umpamane ring sekolahan, ring kampus, ring pesisir lan panggonan liyane. Setting uga bisa nduduhaken wektu umpamane ring dina suk, ngeraina, mbengi, wayah dalu, lan liyan-liyane.
5.Amanat/wewarah
Yaiku ajaran hang bisa dijumput teka cerita. Wewarah hang ana ring cerita iki bisa digambaraken gamblang ring cerita bisa uga digambaraken samar-samar bain. Wewarah kadhang bisa nggugah nyang kasurasane hang maca lan bisa uga ngerubah watek, sifat, lan sikape uwong hang mari maca cerita iku mau.
Kalah Cacak Menang Cacak
Sepisan maning ditegasaken nung kene, sing ana teknik hang paling bener ring anggone nulis cerita. Teknik nulis hang ana mung dienggo nggampangaken nggawe dalan anggone nulis cerita. Kudune kadhung nganggo teknik utawa sing nganggo teknik hang penting wujud tulisan. Saktemene ngawiti nulis cerita cendhek iku ya sing angel, hang angel mestine natakaken tekad wani nulis ide lan penemu hang ana ring pikiran lan perasaan. Wani nulisaken ide mau saktemene hang lebih penting ketimbang mikiraken teknik gawe tulisan.
Lan maning aja kathikan nyimpen ide lan penemu ana ring pikiran, mergo iku bakal gampang ilang. Kadhung wis ilang mesti sing gampang nggoleti maning. Kalah cacak menang cacak ditulis bain ide lan penemu hang ana. Apik lan singe iku urusane hang maca. “Berangkat…..”
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Artikelku
Editor: Antariksawan Jusuf