Nur Holipah, Sisik Melik Penganggit Basa Using

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Jumat, 11 Desember 2020 06:47 WIB)
- Tokoh



Meledhek unyike wong wadon Giri iki serta arane diumumaken nong acara Penerimaan Penghargaan sebagai “Penulis Muda” ring Kabupaten Banyuwangi, 8 Juli 2016 rikala jaman semana. Dina iku pancen dinane Nur Holipah, penganggit sastra using tamatan Universitas Negeri Malang iki.

Seru pantese wong wadon hang saiki dadi emake anak lanang siji hang aran Tsabit iki bengene magih kuliyah ring semester 7 tepak nampa penghargaan iki. Genjot gedhe ring ngarepe GOR Diponegoro Banyuwangi iku dadi saksi sejarah anane wong Banyuwangi hang sing gelem leren anggone megiyat ring bab penulisan.

Nur Holipah nerangaken kadhung acara iku gawene “Islamic Expo”, Festival Ramadhan 2016 hang nggawa tema “Banyuwangi Berliterasi” uga nguweni penghargaan nyang Penulis Berdikari uga nyang Pegiat Literasi lan Duta Literasi .

Nur Holipah Ulih penghargaan arupa piagam teka Bupati Banyuwangi

Sing mung ring babakan penulisan bain nyatane Wong Using hang dilairaken ring dina Senen Wage, 11 Desember 1995 iki gelem megiyat naming uga cawe-cawe ring kegiatan ana ring panggonane megawe dadi guru ana ring SMPN 1 Banyuwangi.

Mulo iku ring kene  kanggo ngerteni  sampek sak endi lakune lan prestasine Nur Holipah utamane ring basa using, repoter belambangan.com nemoni langsung ana ring pegaweyane ning SMPN 1 Banyuwangi.

Assalamualaikum  Dik Holip,…Milu bungah atinisun merga rika bisa kepilih nampa penghargaan “Penulis Muda Banyuwangi 2016”, kelendi rasane atin rika dina iku?

Walaikum salam Kang,… Kala semana hun enget, iku magih jamane KKN (Kuliah Kerja Nyata) ring desa Jabung, Malang. Sinyal angel. Mara-mara isun ditilpun Mbak Iraa Rachmawati. Diwarahi gok isun nak ulih penghargaan iku. Ati mari-mari girang. Taping sempat kuwatir bisa mulih tah using, yong KKN buru ulih pirang dina ika yuh? Rada lali wis. Emane kanca-kancanisun sak grup KKN ngulihi isun mulih. Isun ya sing ngira lan sing nyana  kadhung bakal diulemi ring acara iku. Bungahe atinisun dina iku merga sing kabeh uwong bisa ngerasakaken penghargaan iki. iki nambahi tanggungjawab isun ring bab penulisan Using. Penghargaan iku kaya-kaya dadi wekas gok isun iki kudu tambah produktif maning. Aja mandeg. Alhamdulillah, muga bisa terus nulis terus lan terus ngugemi basa Using ring tanah kelahiran iki.

Sakat kapan Dik Holip ajar nulis iku?

Setemene sakat sekolah Tsanawiyah iku wis dhemen nulis. Bengen kerana magih sing duwe laptop, nulise ana ring buku tulis. Tulis tangan nganggo polpen. Taping ya masa wani nduduhaken nyang uwong. Nulis mung dienggo kesenenganhun dhewek. Hun waca dhewek. Taping ya gedigu, tulisanhun masa ana hang mari. Mung setugel-setugel. Maklum, kala semana durung ana hang bisa nguwarahi lan nguruki. Aju kala wis SMEA (SMK) tahun 2012 kira-kira weruh ana Majalah Media Jawa Timur hang nerima karya puisi lan cerpen. Kala iku, ambi nunut ring komputere perpustakaan sekolah, isun nulis puisi lan nyacak hun kirim nyang Majalah Media Jawa Timur. Hun masa mikir dimuat. Pokoke mung nyacak. Magih iling temenan, isun mara-mara diceluk ambi TU-ne sekolah. Antarane wedi, nawi tah isun iki bermasalah tah kelendi. Eh temakena ulih wesel pos. Honore puisi hang kalingana kemuat iku. Hun nyairaken picise nyang kantor pos. Girange atinisun, hing keneng diceritakaken kala semana ika masiya mung seket-ewu belaka.  He..he..he. Sing mungkir tah wis, merga ulih picis, tambah semangat. Kudu-kudu nulis terus.

Kadhung sun rungok-rungokaken sing sithik penghargaan rika liyane penghargaan iki. Penghargaan paran maning hang rika tampa sakliyane iki?

Ya masa akeh tah. Taping ya ana. Taun 2013, tau ulih juara  I Lomba Mengarang Cerpen Berbahasa Using  kategori SMA. Terus, pas kuliyah tambah dhemen nulis lan kerep golet-golet lomba. Kersane gusti Alloh, taun 2014 menang juara I maning, lomba cerpen ring FKIP Universitas Halu Oleo Sulawesi Tenggara. Taun 2015, dadi nominator cerpen terbaik Lomba Kepenulisan tingkat Nasional bertema Cerita dari Kampung! oleh HMPS Bahasa Sastra Indonesia dan Daerah, FKIP Universitas Mataram. Lomba-lomba kepenulisan ring kampusisun dhewek ya uga angger hun piloni, arane Pekan Pujangga terus ganti Pekan Budaya (tahun 2016) hang nganakaken HMJ Sastra Indonesia. Kala iku, ping pindo ulih nomine 10 Cerpen Terbaik ring taun 2014 lan 2015. Tahun 2016-e, ulih juara III. Ulan November 2016, ulih nomine 10 naskah Cerpen Terbaik, ring Lomba Cerpen dan Karya Ilmiah Popular Se-Malang Raya (Pusat Mata Kuliah Umum, Universitas Brawijaya). Masiya wis skripsi, taun 2017 tetep umet milu lomba, kala semana cerpenisun dadi Top 20 ring lomba Indonesia Punya Cerita (IPC Batch II) hang dianakaken Muda Sabudarta (Sadar Budaya dan Tradisi). Terus, pas ulangtaune, kampus nganakaken lomba kepenulisan pisan, masa hun siya-siya. Pokoke milu. Menang, urusan mburi. Taping kuwasane Alloh, ulih juara. Sak marinhun lulus kuliyah, ya magih terus nulis. Magih kerep golet-golet lomba gedigu, malah ya ana kanca hang seja ngirim-ngirim info lomba. Terus sampek ulih juara II (2018) pas HUT-e GPAN (Gerakan Perpustakaan Anak Nusantara) ring acara ‘Writing Competition & Photo Contest’, cerpenisun ika ya dimuat Majalah Nova. Taun 2018 uga nyenengaken merga cerpenisun kawitan kauwot ring Radar Banyuwangi. Terus, taun 2019 lan 2020 iki kayane sing tau milu lomba. Sepisan merga waktu iku (2019) umet ape munggah kawin, 2020 wis ana anak. Kalingana, rada kedhungsang-dhungsang. Hahahaha. Taping ngupayakaken tetep nulis cerpen Using ring belambangan.com

Byek…Seru akeh ya Dhik? Teka sakmono akehe iku hang paling rika dhemeni lan gawe rika bisa mongkog dadi penulis hang endi iku?

Alhamdulillaah. Kadhung hang paling ndhemenaken mestine bain “Kabeh Merga Umbul-umbul Belambangan”. Tulisan iku cerita basa Using kawitan han sun pilokaken lomba lan nyatane langsung menang juara I kala semana. Lan maning saktemene iku cerita kedadean nyata hang sun lakoni.

Alhamdulillah nulis sepisan langsung  bisa menang lang bisa diapresiasi merga isun weruh langsung diterbitaken ring buku “Kembang Ronce” ya Dhik? Wis ana pirang buku hang ana tulisanrika, paran bain iku?

Ring buku ‘Kembang Ronce 2013’, ‘Kembang Ronce 2014’, ‘Kembang Ronce 2015’, ‘Jala Sutra 2015’ lan ‘Belambangan 1771 taun 2016’, Antologi ‘Tarian Hujan’ oleh Rumah Kayu Group, taun 2015, ana uga hang diterbitaken ring koran Malang Post, Radar Malang, Tabloid Banyuwangi-Bisnis lan Majalah BBJT ‘Lontar Using’, ya uga tau ring Tabloid Nova ambi Radar Banyuwangi hang sun ceritakakaen mauka. Hang paling anyar, sore-iki Mei 2020 tulisanisun ana ring Antologi Crita Cekak, judhul bukune Sekaring Pasamuwan, kumpul ambi cerita-cerita basa Jawa lan Cirebonan.

Nggumun isun weruh rika akeh kegiyatane naming magih bisa kober nulis. Isun rungu-rungu rika uga dhemen nembang usingan lan tau menang ring lomba gending using?

Byek, magih enom sing ana alangan arepe tingkah. Kadhung nembang iku pancene hobi kadhung ulih kejuaraan iku sangking ketepakan bain Kang. Rejeki. Isun uga tau milu nyang kanca ana ring kegiyatan Macaan Mileneal (2018) yaiku komunitas Macaan Lontar Yusup kanggone lare nom-noman sangking ajar nembang macaan ngelestarikaken seni sastra using iki.

Bek seru pintere rika Dhik, sembarang rika lakoni. Acake duduhana kelendi carane rika ngedum dina iku?

Nulis yara bisa kapan bain. Hang penting kudu duwe niyat lan karep sulung. Kadhung bengen jaman kuliyah, ring endi bain Holip mesti nggawa buku cathetan cilik. Umpamane dinane kuliah aju nemu ide langsung sun tulis ring buku cathetan cilik mau. Masiya bisa nyathet ring HP, taping isun dhemenan sun tulis ring cathetan cilik. Dhung dinane latihan paduan suwara, isun  nulis sak mulihe, sithik-sithik ngedit draft-draft hang ditulis nong buku cilik muka. Kadhung saiki, aja ditakoni wih! Leren ngenteni anak turu, ya utawane ring sela-selane momong. Nemu ide digu, ya sun cathet. Kadhung wis lega, buru ngalih ngetik ring laptop.

Jempol temenan rika. Kang pungkasan Dhik,..Paran hang durung rika gayuh ring bab penulisan utamane Basa Using?

Ya setemene magih aaaaaaaakeh hang kepingin suntulis. Naming hang paling sun angen-angen mestine kepingin gawe Novel, duwe buku dhewek solo. Hang rame-rame ketang wis akeh. Hihihi.

Muga bain yo Dhik…Bisa kelaksan hang rika angen-angeni…Terima ya…

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kabar Anyar

Editor: Antariksawan Jusuf