Olah Kelemben

Muhamad Novi Yusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 25 Februari 2023 08:28 WIB)
- Kuliner



Isun weruh jajan kelemben iku sakat cilik. Saben ngarepaken lebaran, adonisun angger-angger olah kelemben. Mung serta isun wis lancing, buru weruh jajan kelemben teka tokok jajan. Ahire isun wis bisa mbedakaken antarane olahan jajan tokok  ambi olahane adonisun. Temekaken akeh bedane, isun dhewek saya duwe pikiran dhung olahan adonisun iki olahan kelemben nganggo resep teka jaman bengen. Tepak ana wektu, isun mara nyang adon sakperlu takon bahan, alat, uga carane nggawe kelemben. Adonisun hang kawitane heran nyang isun, mara-mara lungguh ambi cerita nyang isun. Isi ceritane adonisun gedigi:

Alat-alate:

  1. Cetakan kelemben.
  2. Kerikil hang wis dirijigi.
  3. Kekeb loro (tutupan hang digawe teka lemah).
  4. Wajan (husus hang teka lemah).
  5. Olesan (bisa nganggo puase cet utawa bisa teka papahe gedhang).
  6. Kebruk (pengudheg hang teka kawat modhele spiral kaya pir).

Bahan-bahane kanggo takeran 100 Lebih kelemben (Versi Cithakan Hang Isi 9):

  1. Terigu sekilo
  2. Soda jajan siji
  3. Pala siji
  4. Endhog bebek 10
  5. Gula pasir 1 kilo
  6. Lenga sak cukupe

Carane olah:

  1. Siyapaken bengahan hang ring kana kudu hang isi 2 (bengahan hang bolongane loro kerana enggo mbakar kekeb loro mauka. Ambi kerana dienggo gentenan kekebe.
  2. Susunen wajane mauka yaiku kawitane wajan, aju kerikil, mari digu diweni  seng utawa ebleg (iku saran bain makene ulihe apik hing kari gempung. Uga bisa njaga panase cithakan). Maridigu ndhuwure maning cithakan.
  3. Kawitan olah kudu dandan geni (ngurubaken geni) hang gedhi uga barak makene bisa nyepetaken panas ring cetakan uga ring kekebe.
  4. Bahan-bahan kecuwali lenga wis dikebruk dadi siji sampek rata.
  5. Dhung wis panas nong cithakane, maridigu diweni lenga (makene gampang njuwute dhung mateng).
  6. Adonan diandoh nong cithakan uga ditutupi ambi kekeb hang wis dipanasi (makene bisa nguweni panas nyang adonan teka ndhuwur).
  7. Kekeb hang siji uga aja lali dipanasi pisan, makene bisa dienggo gentenan.
  8. Taping dhung nguweni kekeb aja digeningaken suwi (bisa gempung dhung kesuwen). Kudu agage diintep sedhilut-sedhilut.
  9. Aja lali dhung mindhah-mindhah kekeb kudu nganggo kusut. Makene tangane hing kelepesen.
  10. Adonan ya kudu angger di intep nganggo semat hang disudukaken nong adonan. Umpama adonan iku magih katut nyang semat berarti magih mentak.
  11. Tandha mateng, kudu wernane abang semu kuning. Dhung wis mateng, kelemben dijuwuti nganggo cucik (jajang hang wis dikeroti sampek kaya kunduke sate).

Gedigu ceritane adonisun.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : pribadi

Editor: Hani Z. Noor