Olahan Jangan Epol Kelapa Indhule Sing Kira-Kira
Elvin Hendratha (dipublikasikan pada Kamis, 26 Desember 2019 16:05 WIB)
- Kuliner
Olah-olahan has Banyuwangi, kadhung dipetani siji-siji kaya nana enteke. Naming olah-olahan mau akeh-akehe mung panganan keluwarga, dudu olahan hang biyasah diedol ring warung, utawa komersial. Panganan mau akeh-akehe, pancen ana kaitane ambi sugihe alam Banyuwangi hang dienggo bahan olah-olahan iku. Salah siji olah-olahan teka epol Kelapa, yaiku pucuke uwit kelapa hang magih enom seru sak durunge dadi janur. Ana uga hang ngarani empol, angger dhaerah beda-beda.
Epol ambi sugihe alam Banyuwangi nyang uwit-uwitan kelapa iki sing bisa dipisah, merga sakliyane werane kebonan hang ditanduri uwit kelapa, uga teka dawane pesisir ring Banyuwangi merujuk tanduran kelapa. Jaman Landa, sak weruhe penulis ana telung Pabrik lenga keletik, loro duwene Pemerintah hang wayah Pemerintah Orde Baru arane diuwah “Nabatiyasa”, manggon ring Boom lan Singojuruh, sijine duwene swasta arane Nagabulan. Merga angger desa bengen ana hang dadi pengepul kelapa. Iku nandakaken, kadhung Banyuwangi pancen akeh wite kelapa sak liyane Maluku ring Indonesia.
Kahanan alam mau, ndadekaken panganan ring Banyuwangi hang bahane teka kelapa ya akeh. Salah sijine panganan hang diolah teka empole kelapa. Panganan iki anane kadhung ana wong negor uwite kelapa, bakale janur hang magih enom mau dijuwut dienggo olahan jangan. Merga sing ana saben dina, olahan epol iki seru dadi panganan hang dienten-enteni. Indhule aja takon, sing kira-kira wis ambi werna macem olahan.
Kadhung males olah-olah hang nganggo ragi, epol bisa terima dikukus aju mateng ditutulaken sambel kecap. Iku ya seru enake ambi segane anget kebul-kebul, pokoke ditanggung ngilur kadhung ngangen thok.
Kadhung diolah jangan, ana hang diolah kesrut utawa sangar. Kesrut iku ragine ya mung paran anane (sederhana), terima kaya wong arep nggawe sambel. Pedhese dipadakaken ambi senenge hang ngolah utawa hang arep mangan, tapi indhule ya sing kira-kira. Masiya tah ragi paran anane, kesrut epol kelapa iki kokohe seger merga kegawa rasane epol dhewek hang wis manis. Kecute teka belimbing wuluh, bek bisa nggawe merem melek kadhung mangan Kesrut Epol. Malah ana hang ngomong kesrut epol iki lebih enak dibanding kesrut pitik. Merga serate epol hang alus mauka ana rasa manise.
Kanggo hang dhemen jangan santen, biyasahe epol diolah sangar. Iki uga werna maceme olahan has Banyuwangi (wacanen: Wong Using), ragine paran anane kaya dene wong nggawe sambel. Uga ditambah terasi, has olah-olahane wong pesisiran. Kabeh ragi mau digerus rodok kasar, aju dilebokaken nang epol hang digodok ring santen ancang. Serta gemulak, santen kenthel dilebokaken. Ragine sangar utawa jangan Kesrut mau, biyasahe aju dicemplungaken sonder digangsa utawa digoreng nganggo lenga.
Jangan epol iki merga angel lan arang ana, sampek dadi olahan kanggo mapag tekane dayoh utawa dulur adoh. Malah bengen iku, wong-wong Using kadhung arep nerima lamaran, dayoh besan sak rombongane uga disuguhi jangan epol. Sak kelebatan sun rungu, bengen ngemu karep simbolik utawa ana nilai filosifine teka jangan epol iki. Merga saiki wis arang ditemoni, sithik-sitik ya wis lunutur kekarep mau.
Sak liyane wong Banyuwangi, suku liya ring Indonesia uga akeh hang duwe olah-olahan has daerah ambi bahan epol. Suku Sasak ring Nusa Tenggara Barat lan Suku Dayak ring Kalimantan, olah-olah jangan epol dienggo panganan walimahan, utawa wong ewuh hang mengantekaken. Suku Sasak ngarani “Pudak”, jare hang olah-olah kudu wong lanang. Kadhung suku Dayak ngarani “Juhu Umbut Kelapa”, bisa diolah teka epole kelapa biyasah, kelapa sawit, utawa penjalin hang magih enom lan akeh merujuk di alas Kalimantan.
Sayange, jangan epol kelapa iki ngenteni ana wong negor uwit kelapa. Merujuke ya suwe, sing kaya kelapa sawit utawa penjalin hang sak arat-arat ring alas Kalimantan. Kadhung kesugihane bumi Belambangan dibalekaken kaya bengen, akeh tanduran uwit kelapa, pantese jangan epol kelapa iki bisa diedol sak wayah-wayah ring warung. Muga-muga bain, modernisaisi pertanian mbesuke nggawe gampang nggolek epol kelapa.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : elvin hendratha
Editor: Antariksawan Jusuf