Anggitane: Nur Holipah
(Minggu, 27 September 2020 04:07 WIB)
Omonge Tangga
Mulih nyang Banyuwangi, mula wis dadi penjaluke Bapak sakat isun kerep ngabari gok skripsinisun wis emeh mari. Wekase Bapak, agage hang gancang dimarekaken urusane.
Ring dhasarane ati, magih ana karep nutugaken sekolah ring Malang utawa ring njabane Malang. Taping meritungaken lan mikiraken mengarepe, nggenepi ati enggo ‘mulih bain sulung’. Masiya gedhi tekade ati seru kepingine sekolah maning, kudu diendhegaken sulung. Kudu isun dhewek hang menging. Ngalah aranane.
“Masiya cindhil hang ring umah telu, ya tetep bain katon hang ring Malang kana...” Jare Emak ana ring tilpun, nirokaken omonge Apak saben soren sak mulihisun teka kampus marine bimbingan. Mula iku basa liyan teka Apak, makene isun gancang mulih.
Tapi iku bengen, magih isun ana ring Malang. Saiki wis kelakon meh sak ulan, isun ring umah—Banyuwangi.
“Apuwa Ndika iku kari mata walangen Mak?” takonisun nyang Emak. Iyane gelimpangan ngarepe tipi ambi kethip-kethip nulih mendhuwur, kaya-kaya ana hang ngganjel ring pikire.
“Singaaaana..” digu semaure ambi rada dilagoni. Antarane emak lan anak iku mula ana setrume. Seru tangare kadhung isun apuwa-apuwa. Emak apal, kelendi isun. Semono uga, isun nyang Emak.
Kala semana, angger soren Emak sun tilpuni. Utawane isun hang ditilpuni kadhung tepak dina Minggu. Sejam, rongjam ulihe gesah. Isun mula wis biyasah cerita paran bain hang kedaden ning isun. Sakate cerita gok isun mari kesandhung sampek cerita metu teka kelas merga dosen hang nundhung. Akeh maceme. Kadhung ceritane Emak, sakat sambatan lobok munggah, sambat derem kumbahan durung dikumbah, sampek cerita tangga parek umah aru-aru nggawe pitenah.
Petang taun itungane, mung bisa rungu cerita-cerita teka ngumah liwat tilpun gegem. Sakat kabare Mbah Sa’iyah gadug umur, sampek sunate adhikisun hang seja sing diduduhaken mung kerana kuwatir ngganggu kuliyahisun nawi milu ruwed mikir. “Sunate sing rame-rame wis Beng, kresekan bain.Kono ngundang tangga, amin-amin yara uwis.” Unine emak ngedhem-dhemi, makene isun sing getun.
Mula tepak wis, penjaluke Apak. Mulihisun nyang Banyuwangi, makene bisa kumpul ambi keluwarga. Makene sing mung rungu ring kadohan, taping weruh katon mata kelendi sedinane. Ana paran-paran ya sing mandheg getun.
“Apuwa Mak?” Sun angkati maning, ketang nulih emak kari katon buthek pikire sing agage semaur. Sun guthit lengene adhikisun hang ndhimpel ana ring sandhinge. Adhikhun mung jingket-jingket, sing gelem nyingkrih. Karepisun sun kongkon ngalih, nawi Emak terusane gelem cerita.
“Kelendi yuh Beng, acake Emake iki kudu kelendi nurut Sira?”
“Kepundi se?”
“Biyasaaaaaaah...” kaya biyasahe, dilagoni. Ambi nguwani tenger, gesahan iki bab sapa. Isun manggut-manggut, paham seru. Adhikhun mesem. Tandhane gok adhikhun weruh pisan, kadine gok sing gelem ngalih.
***
Urip ambi tangga ya mula gedigu ika. Ana bain perkarane. Sing nyalah, taping direken salah. Pait kaya kelendiya omonge tangga, digeningaken bain ning Emak.
“Wedhuse bengen wakeh, saiki keneng diitung deriji yuh...” takone Embah ambi ngemu sisige. Hang dijak gesah terus semaur rada kaya nyuduk.
“Yaniku Mbah. Enten hang sengit ketanga. Wedhuse melebu-melebu teras ketang..” Adhik nyeritakaken sak jangkepe.
“Ayo tah wis, sapa hang diarani sengit iku mau?” Emak sakkal nyambung.
Umahisun ana ring paling pucuk, wetane umah mung tegalan. Ngulonaken ana rong umah maning jejer. Sandhinge umah, ana umahe Embah. Kulon umahe Embah, umahe tangga hang rawat-rawat wedhus iku mauka.
Uwonge dhemen rawat-rawat, taping sing duwe panggon. Sabene tau ngingu menthok, ngingu pitik ya tau. Hang saiki, ngingu wedhus. Taping gedigu, sing tau dirumat kelawan cara hang bener. Sing tau digoletaken rambanan. Wedhuse hang babon laran-laranen, digeningaken. Nderomos kaya borok ring kencenge raine, ya wutuh. Munggane niyat rawat-rawat, ya nawi tah dicelukaken mantri—ditambani.
Kandhang wedhuse sing kari jembar. Diandoh ring mburitan umahe, supek. Kadhung wis lohor, wedhuse kempak-kempek njaluk ngombe sing diametaken banyu. Nawi ngangsu terus diombekaken, ya using. Terusane wedhuse mau ucul-uculan, semembur ring ngarepan umah merithili godhong-godhonge kembang. Sing kaop umpama ndeleh tanduran ring ngarepan. Perujukane kates wis berundhul kabeh.
“Sabene Apakira weruh dhewek. Tanduran loboke hang ning ngarepe umahe embah benere rada dhuwur, dipangan wedhus. Ya nanaa wis...” Ujare emak, nggelar cerita hang sak benere.
“Saiki Sira yara weruh dhewek ra, pageran wetan umah sampe bonggros dipeneki!” abane Emak mongod-mongod. Wetane umah panggone mepe kumbahan, wis dipageri mubeng taping sengkrehan kabeh merga disundhul-sundhul wedhus.
Saiki wedhuse mung kari papat merga akeh hang ngelimprek mati. “Nyanga mburitan tah, ambune seru kensrang-kensrunge. Kecipute leleran.” Sambate Emak, mangluh.
“Ketang Embahira hang dijak omong! Munggane rungu Sira yara bisa nyemauri Beng...” Abane Emak nggetuni. Angger omongan hang sing enak, musuh gesahe embah—emake apak. Emak kaju temenan, apuwa sing langsung ngomong nyang iyane.
Magih sun geningaken Emak cerita sakat kawitan sing sun pedhot. “Kadhung apike ya apik. Awehan wonge. Taping lambene iku ya, kari seru manise. Ring njerone kariya bosok!” Emak merongkol temenanan. Atinisun milu mbedhedheg pisan setemene. Hun rasakaken atine Emak ana hang tatu merga omongan tangganisun iku gok kari seru gedigune.
“Turneya tah, timbangane dienggo ngindrim digu, yara bangur enggo tuku iwak apuwa. Wareg nyang weteng...”
“Perasanhun, wong iku mula sing tau bisa jembar mikire.” Isun milu kethip-kethip, mikir. “Mugi-mugi gancang padhanga atine...” abanisun.
“Titenana tah, omongan hang gedigu mauka yara gadug nyang kulone lurung! Sing sepisan-pisan wis!” Gemulak atine Emak.
“Ya ape Ndika lurug tah? Ape Ndika celathoni?”
“Alah, kari ngakeh-akehi gawe! Isun emong rame Beng. Dadi padu engko.”
“Kadine! Geningaken mawon wis Mak. Ndane ta selawase pikirane sakmonten mawon?”
“Merambat digi iki wis Beng...”
“Jare Apak kelendi sih? Geni aja dimusuhaken geni...” Gedigu bain sautanisun sing kepingin ndawakaken omong. Disumet yara saya dadi.
Emak terus meneng. Isun meneng. Adhikhun meneng. Kethip-kethip.
Giri, 29 Juli 2017
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Tau kauwot ring Tabloid Bisnis Banyuwangi Edisi 342/7/09 - 15 Oktober 2017
Editor: Hani Z. Noor-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)