Opak Gulung, Jajan Lebaran
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Sabtu, 23 Mei 2020 09:52 WIB)
- Kuliner
Opak gulung ring Banyuwangi iki bengen anane mung ana ning wayah lebaran Syawalan. Merga jaman bengen jaman susah, jaman perih bisane olah jajan mung setahun sepisan kadhung wayah lebarane arep teka. Naming jaman saiki jajan opak gulung wis ana ring wayah saban dina. Pusat Oleh-oleh jajanan using ring Banyuwangi wis nyediakaken kanggo wong-wong hang doyan jajan iki.
Opak gulung sakteruse uga dikenal kelawan aran jajan werokok. Apuwa diarani werokok, mergane jajan iki rupane kaya rokok. Gedhene ya sak gedhene rokok dawane lan rupane ya meh padha ambi rokok. Jare Kandar wong Mabang hang tukang olah jajan, werokok iki asale teka aran kuwe lan rokok. Dadi kadhung digathukaken dadi we-rokok.
Werokok hang dipajang nong toples ring wayah lebaran mesthi entek sulungan. Jajan iki manis lan renyah, didhemeni lare-lare cilik. Sing kalah pokoke ambi jajan saiki hang arane stick paran maning egg-roll. Ilat using mesti milih opak gulung. Rasane ya jangkep pisan. Ana gurihe, lan ana uga manise. Lan maning hang aran renyahe iku mari-mari ngangeni.
Ayo dulur olah jajan werokok nganggo resepe “Aulia” Pusat Olahan Jajanan Khas Using Rogojampi Banyuwangi.
A. Ragi, bakalan jajan lan bahan liyane:
- Gelepung beras. Gelepunge bisa gelepung beras hang wis ana ring pasaran ika. Kadhung rika nggelepung dhewek ya keneng. Naming kudu garing temenan gelepunge iku mau.
- Santen
- Gula pasir
- Gelepung terigu
- Endhog, nganggo endhog bebek keneng, endhog pitik kampung ya keneng.
- Uyah sithik
- Panili
- Wijen lan esense (rasa-rasa kue)
B. Carane Olah-olah
Santen, endhog, gula diceburaken nong panci gedhe aju dikosek utawa diuled ambi tangan. Sakteruse gelepung terigu lan gelepung beras diceburaken sithik-sithik sampek entek ambi diuleni. Ambi ngeramedaken adone gelepung hang ana ring panci aju dikosek lan diuled nganggo tangan. Kadhung wis uled temenan adonan ditambahi ambi uyah, panili, wijen lan rasa-rasane hang kaya dikarepaken. Umpamane ana hang rasa soklat, ana rasa melon, utawa rasa seteroberi.
Sakteruse nyepakaken cithakan jajan. Cithakan jajan iki pancen husus merga digawe teka plat wesi. Ring tokok-tokok jajan saiki wis ana naming teka almunium. Iku uga bisa dienggo malahan hang almunium iku hang apik. Kadhung kerepotan golet cithakan bisa mara nyang “Aulia” Rogojampi, pesen sulung mesti ana.
Cithakan kudu dipanggang ana ring kompor utawa bengahan. Kadhung wis panas adonan dilebokaken sithik bain. Mari gediku dipres aju dideleh maning nong panggangan geni. Aja lali molak-malik makne sing gempung selisih. Kadhung wis mateng, opak gancang-gancang dientas aju digelintir nganggo tangan ana ring panggonan kayu utawa jodhog kayu
Saiki Opak gulunge wis mateng kari nyepakaken ring meja kanggo jajan lebaran. Opak gulung ana ring meja, njaluk tulung isun njaluk sepura.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : olahane Mbok Komah
Editor: Antariksawan Jusuf