Ottolander lan Banyuwangi (bagiyan 1)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 27 Juli 2026 07:01 WIB)
- Tokoh



Salah siji wong Landa hang duwe wigati gedhe seru nyang hortikultura lan budaya Banyuwangi jaman penjajahan yaiku arane Teunis (Teun) Ottolander (1854-1935).
   Paran hang wis dilakoni Ottolander kanggo Banyuwangi nalika jaman Indonesia durung merdheka kala iku?
   Ottolander dianggep generasi kepindho sakuwise Kerajaan Landa ngetokaken Hukum Agraria (1870) hang ngulihi swasta nyewa tanah sampek 75 taun. Aju iyane ngembangaken kebon kopi lan karet ring Ijen.
   Minangka ahli wit-witan sampek ana uwit kembang endemik Jawa-Sumatera hang ana ring panggonan adhem (dhuwur 500-1500 mdpl) hususe noring Ijen, teka pamili Paulowniaceae, hang aran Latine njuwut teka arane Ottolander yaiku Wightia ottolanderi Koord.
   Koord dhewek Ketuwa organisasi Nederlandsch Indische Vereeniging tot Natuurbescherming utawa Perkumpulan Hindia Belanda untuk Pelestarian Alam hang ngadeg taun 1912. Ring organisasi iki Ottolander dadi wakil ketuwane. Perkumpulan iki ring dina mburi dadi bibit perkawit konservasi ring Indonesia seperene.,
   Teka Tamansari, hang jaman Landa bengen melebu ring ngingsore administrasi perkebunan Kabat, dibangun ril hang hing pati wera kaya rile sepur biyasah. Disebut ring koran Landa taun 1918 lan sampik taun 1938 magih kecathet metu ring peta, ril ciyut iki jalure sampek Kabat. Dipercaya, ril iki bengene dienggo nguwot asile kebonan kopi kanggo ekspor. Ring laporan liyane, Repertorium op de litteratuur betreffende de Nederlandsche Koloniën 1931, Tamansari kelebu ring kategori perkebunan swasta hang werane kira-kira 800-1200 bau hang disewa Ottolander.
   Ottolander uga nyelametaken wilayah hang kesuwur kawahe sak donya yaiku Ijen. Ndeleng teka perkembangan perkebunan hang ana ring kono, iyane mutusaken ana wilayah hang kudu dilindhungi. Hing kabeh bisa didadekaken kebun. Liwat organisasine mau, taun 1918, Ottolander ngusulaken Ijen dadi wilayah konservasi alam. Buru taun 1920, pemerintah Landa ngabulaken penjaluke lan netepaken Ijen minangka wilayah konservasi, hing ulih diuthik-uthik.
   Ring wilayah hang seru diwelasine, Tamansari, iyane ngerabi wong aseli kono yaiku Nyonya Mince (Astiyah) lan manggon sampek nemoni pesthine taun 1935 lan uga dipetek ring kono.
  
(Ana terusane: asal-usule, kiprahe ring konservasi, kiprahe ring Tamansari, kiprahe ring budaya, lan kontribusine ring gandrung)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Poto: Tropenmuseum & Nederlandsch Indische Vereeniging tot Natuurbescherming. verslag 1935

Editor: Hani Z. Noor