Paes Karakter ring Damarwulan (1)
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Kamis, 21 November 2019 17:03 WIB)
- Opini
Damarwulan iku salah sijine kesenian tradhisional ring Banyuwangi hang wujude arupa drama utawa teater. Damarwulan kadhung main biyasahe nganggo genjot lan kubung hang bisa dibukak tutup kaya dene kesenian Ludruk Jawatimuran. Pemaine diarani wayang hang dipacaki lan dipaesi koyo pacakane kesenian Arja ring Bali. Sampek-sampek ana hang ngarani kesenian iki ambi aran “Janger” merga penganggo lan pacakane pemaine kaya janger-janger Bali. Kadhung pemain arep metu teka kubung pemain iki ya njuget sulung kaya Arja ring Bali. Jugetane mesti bain nganggo jugetan miturut lakon hang dimainaken. Umpamane aaja utawa ratu jugetane ya jugetan raja lan ratu naming kadhung pemain iku dadi abangan utawa butaan semono uga jugetane ya jugetan butaan.
Cerita ring Damarwulan hang dimainaken antarane bain cerita-cerita panji, cerita babad mulai Babad Tawangalun, Babad Wilis, Babad Majapahit lan babad-babad liyane. Cerita sejarah kaya Perang Bayu, Sayuwiwit, Jagapati uga bisa dimainaken. Malahan cerita-cerita hang ana ring sinetron TV ya sing ditulak kadhung dijaluk ring hang nanggap. Naming cerita langenderiyan kaya Damarwulan-Minakjingga iku cerita hang didhemeni penonton sakat kuna makuna bengen.
Sakliyane cerita, jugetan, lan pacakane Damarwulan uga nganggo tabuhan hang enak dirungokaken. Tabuhan bali-balian hang dienggo pancene ya memper ambi tabuhane kesenian Arja teka Bali. Larase nganggo laras pelog nem persis tabuhan Bali.
Sakjangkepe tabuhane Damarwulan/Janger kaya ring ngisor iki:
|
NO |
Arane Tabuhan |
Akehe |
|
1. |
Pantus Sangang wilah |
1 Rancak |
|
2. |
Saron Sangang wilah |
1 rancak |
|
3. |
Peking Sangang wilah |
1 rancak |
|
4. |
Genjur |
1 rancak |
|
5. |
Kethuk |
1 |
|
6. |
Kecrek |
1 set |
|
7. |
Kempul |
1 |
|
8. |
Gong |
1 |
|
9. |
Kendhang Jong |
2 |
|
10. |
Suling |
1 |
|
11. |
Bonang 12 pencon |
1 rancak |
|
12. |
Slenthem 5 bilah |
2 rancak |
|
13 |
Kethuk Banyuwangian |
1 set |
|
14 |
Kendhang Banyuwangian |
2 |
Ana hang ndhemenaken maning sakliyane tabuhane ring Damarwulan yaiku paesan lan penganggone Damarwulan. Mula iku ring kene dijelentrehaken sithik bab paesan lan penganggone Damarwulan.
Paesan Damarwulan pancene paesan hang rada barak jare lare saiki kinclong. Iki sing salah mergane paes Damarwulan iku kelebu paes karakter, yaiku paesan hang digawe kanggo nduduhaken karakter lakon hang arep dimainaken.
Mula iku paesan tokoh-tokoh ring lakon Damarwulan sing padha. Siji-sijine tokoh nduwe karakter dhewek-dhewek. Kelir lan gambarane ring paesan wis bisa nduduhaken tokoh iku lan teka golongan endi. Sakjangkepe paesan, tokoh lan karakter wayang ring lakon Damarwulan dijelasaken ring ngisor iki:
- Paes Ayu kanggo wadonan ( Ratu, Permaisuri, Putri, Dayang lan liya-liyane )
- Paes “Ngganthengan” utawa “Bambangan” kanggo tokoh Protagonis utama (Raja, Pangeran, Senopati, Prajurit Majapahitan). Paesan iki Paes alusan akeh-akehe nganggo kelir putih, abang ring lambe kales tipis brengos tipis, lan godek tipis)
- Paes “Abangan” kanggo tokoh Antagonis (Minak Jingga, Kebo Mercuet, Patih-patih lan “Brawakan”). Paes iki akeh-akehe nganggo kelir abang mberanang, garis cemeng nggales, tegas lan kasar. Berengos gedhe pasangan, jenggot pasangan, lan rambut pasangan.
- Paes “Butaan” kanggo lakon-lakon memedi lan wong alus Buta. ( Jin, setan, lelembut, uga siluman wong daden-daden). Paes iki biyasahe ditambahi ambi gambaran lan kedhok pasangan. Ana uga hang ngendoni sungu pasangan lan untu pasangan.
Wedhak, sipat alis lan bahan liyane kanggo paesan nganggo bahan hang murah lan sak anane naming asile ya sing kalah ambi bahan-bahan hang larang. Mergane paesane wong jangeran iki sing kabeh uwong bisa, wong-wong hang wis lancar lan telikas bain hang bisa. Ring ngisor iki dijelentrehaken bahan lan paesan kanggo karakter lakon ring Damarwulan:
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.