Paes Karakter ring Damarwulan (2-tamat)

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Sabtu, 23 November 2019 07:13 WIB)
- Opini



Penganggone Damarwulan 

Penganggone Damarwulan iki digawe teka kain katun biyasah bain ring hiyasane digawe teka kain beludru cemeng terus dimonte ambi monte kelar-kelir. Kain hang emas/perada biyasahe nganggo kain teka Bali.

 Kelire penganggone tokoh Damarwulan ana dhewek-dhewek dienggo mbedakaken iki teka golongan Majapahitan apa golongan Abangan/Brawokan.

Tokoh-tokoh teka Majapahitan biyasahe nganggo kelir dasar putih. Naming kadhung Abangan nganggo dasar Abang. Saikine wis akeh uga hang nganggo kelir biru lan ijo.

 Penganggone Damarwulan sing adoh teka kelir-kelir hang barak merga pergelarane Damarwulan iku wayah bengi hang diatur lan disentor nganggo damar sorot. Mula iku werna hang meredep-meredep kerep dienggo ring penganggone. Ring ngisor iki penganggone Damarwulan lan kelengkapane:

  1. Lakon Prajurit: Kemeja lengen cendhek, celana cendhek tapih lembaran lan udheng, dhadha ditutup lakaran segitiga, jaman bengen nganggo kain taplak  meja batik hang ditekuk dadi segitiga.
  2. Lakon  Pangeran: Kemeja lengen dawa kelir putih kanggo Pangeran Majapahitan dawa, sembongan, udheng lan kain lakaran segtiga nutup dhadha, nganggo Ter ring dhadha cakepan sikil lan tangan, ring  udheng ditambah maning ambi irah-irahan kelir emas dienggo nduduhaken satriya kerajaan.
  3. Lakon  Raja: Kemeja lengan dawa kelir cemeng utawa biru dihiyas ambi monte gemeredep gambar motif kembang-kembang.  Kain lakaran dienggo nutup dhadha perada emas lan nganggo kuluk/jamang hang nutupi endhase dimonte motif-motif keraton Blambangan.
  4. Lakon Wadonan: Nganggo lakaran tapih kelambi lengen dawa lakaran batik ditambahi sampur ring dhadha tengen, sabuk gerenjeng kuningan motif kembang lan irah-irahan. Kanggo mbedakaken antarane putri lan dhayang, dhung dhayang rambute disanggul kadhung putri dikerewek diendoni kuluk cilik kelir emas-emasan.

Pancene wong Banyuwangi iki wong-wong hang wis dilairaken kanggo urip ring kesenian. Paesan lan penganggone Damarwulan iki wis dadi bukti nyatane dhung wong Banyuwangi ya nduwe ilmu seni rupa hang sing keneng dianggep entheng. Ilmu Seni Rupa hang wis diduweni ring babakan paesan lan penganggo iki kudune tetep dilestarikaken lan dikembangaken maning gena tambah maju lan tambah apik maning.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Paes Karakter ring Damarwulan(2-tamat)

Editor: Antariksawan Jusuf