Paglak Petung, Mangan ring Ndhuwur Kedhokan

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 20 November 2021 09:18 WIB)
- Kuliner



Kadhung kepingin madhang ring tengah kedhokan, bener-bener ring ndhuwur kedhokan, wit pari nong ngingsor meja, lesehan, menu tradhisional wader utawa welut tah iwak tambra, teka kadohan pemandhangan trap-trapan sawah, sing ana maning liyane kejaba ring Cafe Paglak Petung hang ana ring Segobang, Licin.
   Kaya arane, Cafe iki mula kabeh perabote digawe teka jajang. Ring parek lawang melebune disedhiyani genjot dienggo panggonan musik live hang dianakaken saben minggu.
   Hang ngedegaken cafe iki lare aseli Segobang, Rosyi, bareng ambi kakange hang kontraktor. Desain sekabehane diserahaken nong kakange, dene urusan pawon urusane Rosyi, lare lulusan pesantren ring Situbondo hang merga hing duwe picis megawe ring Bali suwene 12 taun.
   Bengene iyane mung pegawe tukang rijig-rijig alias cleaning service ring resto seafood Perancis hang aran Sardine ring dhaerah Petitenget Bali. Restone modhel restoran fine dining hang panganane buru diolah sakwise dipesen. Marek pirangane taun, aju bos-e nawani iyane pindhah bagiyan dadi barista pokoke gelem disekolahaken maning. Hing kathik mikir suwi aju iyane ngiyani. Marek iku iyane dipindhah megawe bagiyan ngarep.
   Hing maido, ring Paglak Petung ana menu Fried Sweet Potatoes, Sweet Potatoes Churros lan Cassava Churros. Iku kabeh mung panganan ndesa hang diolah teka sawi lan sabrang, taping arane mula gawanan merga Rosyi akrab ambi aran basa Inggris restoran.
"Kene bagi-bagi rejeki. Ana hang wis dodol dhanggoreng, kucur lan kesrut, kene nyedhiani sawi, sabrang lan uyah asem," jare Rosyi.
   Paglak Petung dibukak sakat Maret taun iki. Nambahi panggonan mangan hang apik pemandhangane ring Banyuwangi. Tepak PPKM level 4 sore restone tutup rong minggu. Wong-wong dikongkon take away hing gelem. Serta dibukak maning, wong-wong hang dhemen mangan merono nambah. Masiya tah wis kawitane akeh hang ngersula mergane dalane ciyut lan parkirane hing ana. Aju Rosyi saiki wis nyewa lahan parkiran nong pareke kono lan nambahi mejane ring tengah kedhokan sakat Agustus sore.
   Malah saiki kanggo nambahi panggonan, iyane ya mbangun kaya aula teka jajang pisan nong ndhuwur hang bisa nampung wong 50an.
   "Sedurunge hing ngira gedigi. Hang disiyapaken meja kanggo wong 3-4, cumpu wong-wong kantoran madhang nong kene. Liya dina hang marek mangan ambi kanca kantore, ngejak anak rabine," jare Rosyi.
   Semangate mbangun dhaerahe dhewek kudu diwani jempol, merga sak liyane mbukak cafe ring desane kono, kabeh pegawene ya wong sak ubengane kono pisan.
   Mula cafene iki menang promosine ring media sosial, taping iku dudu wong hang dibayar.
"Tepak kene buru bukak, panggonane diposting kakang ring facebook. Aju padha teka blogger, lalare enom ngelebokaken nong IG lan medsos liyane. Kene hing tau ngongkon. Jare mula panggonane apik," jare Rosyi.
   Acara musike digelar tepak raina dudu bengi, mergane wong-wong dhemen nong kono pemandhangane apikan dideleng wayah raina lan paling dianteni nganteni wayah samarwulu tepak serngenge arep sengidan nong kulon.
   Masiya menu andhalane tetep tradhisional, kaya tambra bumbu santan, wader sambel ijo, uyah asem lan nasi bakar, Rosyi nyedhiyani menu sarapan hang ana rasa bulene: Egg your way, Paglak Petung Chicken Burger, Petung croissant lan House-made pancake.
   Kelendi, paca arep golet meja nong ndhuwur kedhokan tah?
  
   

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf