Panganan Olahan Keturunan Tionghoa  ring “Pecinan Street Food”

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Selasa, 04 Februari 2020 10:37 WIB)
- Kuliner



Sak uwise sukses nganakaken Arabian Sreet Food ring Kampung Arab, saiki diterusaken nganakaken Pecinanan Street Food ring sak ubenge Klenteng Hoo Tong Bio, Jl. Ikan Gurame Kelurahan Karangrejo Kecamatan Banyuwangi Kota. Kaya-kaya wong-wong hang teka nyang Banyuwangi kapan bain, bisa ngerasakan kahanan hang beda.

“Iki nandhakaken, kadhung Banyuwangi iku pancen werna macem hang manggoni. Mulai teka suku bangsa, agama lan tradhisi budayane. Kadhung Kemis bengi, utawa malem Jemuah ada Arabian Street Food hang nawakaken olah-olahane dulur keturuan Arab. Jumat bengi utawa malem Sabtu bisa mingser nang Jl. Gurame, ngerasakaken olah-olahane dulur-dulur keturunan Tionghoa”, ujare Camat Kota Banyuwangi. Mochammad Lutfi.

Petang taun sak durunge, ring Klenteng Hoo Tong Bio iki wis ajeg dianaken Festival Imlek. Acarane sak liyane dodolan panganan, uga hiburan kesenian Tionghoa lan kesenian aseli Banyuwangi. “Naming mulai taun iki, angger malam Sabtu bisa teka merene ngerasakan endule olah-olahen dulur-dulur keturunan Tionghoa. Enake maning, kahanan digawe kaya-kaya ring negara Cina. Wernane akeh abange, lampion dirik sak dawane dalan, terus tulisan-tulisan wujude meh kaya aksara Cina”, tambah Lutfi hang uga sukses nggagas Pasar Wir-Witan wayah dadi Camat ring Singojuruh.

Acara pembukaan “Pecinan Street Food” ditekani ewonan pengunjung, ana hang teka Banyuwangi Kutha, akeh uga hang tekan njabane kutha. Malah ana hang teka liya Kabupatene, merga kepingin seru weruh nyang panggonan anyar hang hususaken olah-lahan keturunan Tionghoan. “Panggonan iki dawane ana 300 meter lebih, kiwa tengan diebeke wong dodolan oilah-olahan Tionghoa, mulai teka panganan abot, sampek omben-omben lan jajan. Marek pembukaan, aju diterusakan ambiu Festival Imlek suwene petang dina”, ujare Lutfi.

Koordinator Kelenteng Hoo Tong Bio, Alexander Martin ngomong, kadhung Festival Imlek  diramekaken ambi akehe atraksi. Iki kanggo ndudukaken baure budaya Tionghoa lan budaya lokal Banyuwangi. Masiya tah panggonan olah-olah Tionghoa, Alex mastekaken kadhung kabeh panganan hang didol kabeh halal. Pengujung sing perlu was-was lan kuwatir, merga dulur-dulu Tionghoa ngerti ambi kahanan ring Banyuwangi.

“Masyarakat Banyuwangi iku werna macem isine. Ana akeh suku lan agama. Naming kanca-kanca Tionghoa sadar kadhung akeh-akehe ummat Islam. Dadi kanca-kanca Tionghoa lan kabeh hang dodol mung nyediakaken panganan halal. Sapa bain oleh teka lan wisata panganan, sing perlu kuwatir lan mamang. Kabeh panganan halal hang didol ring kene”, tegese Alex.

Macem-macem jajan uga ana. Kaya tah, kue keranjang, manisan, bakpao ayam, lan bakcang. Uga maneka rupa omben-omben. kaya teh kembang krisan, kopi, dan magih akeh liyane.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Nur Holipah