Anggitane: Iskak Basuki
(Minggu, 15 November 2020 09:37 WIB)
Pangling
Ana kanca arane Sutris. Sutris iku kanca sekolah SPG bengen. Sakat kelas 1 sampek kelas 3 sak kelas terus, malah sakbangku terus. Naping sakat lulus SPG sasat sing tau kecaruk maning pisan-pisana. Kanca-kanca liyane magih tau kecaruk pisan pindho. Sutris iki using, aleya kanca paling parek. Sampek puluhan taun, sampek umur seketan sing weruh kabare, yara uwis. Paran maning rupane weruha. Lan kanca hang tau hun takoni ya sing weruh pisan. Isun kadhang mikir, pindhah luar Banyuwangi tah pindhah alam endane lare iki? Buru-buru iki bain isun rungu teka kancane kanca. Cumpune, lare iku magih urip, dadi guru SD ring Tamansuruh kana. Isun dhewek rejekine dadi guru ring pelosok Kalibaru kene.
Arane kanca dadiya padha lanange, rasa kangen utawa kepingin kecaruk iku ya ana. Kecaruka nak hun gablegi boyoke utawa nak hun tepas endhase. Polae jaman sekolah bengen guyone mula memel. Lare-lare, kabeh padha paham. Jare isun lan Sutris iku kaya tumbu ketemu tutup. Klop. Keloronan tau kon ngosek cedhing mergane serawat-serawatan kertas dikepel-kepel bunder, cumpu keneng guru. Wadan-wadanan, antem-anteman iku biyasah. Kadhang ngajak cakar-cakaran. Kukune tau nyeja dikethoki lincip-lincip. Byek! Kalah kukune barong. Marek-marek tanganisun kiwa tengen beret kabeh kaya mari dicakari kucing gorang. Kejolok lare iku. Kecaruka magih menttala nepas.
Naping memela kaya paran, isun lan Sutris sing tau tukar. Muringa paling mung sedhela aju siwuh maning.
'Muring? Mbecaka....!'
Jaman semono usume celathuan gedigu. Ana maning 'kacaa apuwa ning terminal....!' Sutris..... Sutris. Heranisun serta wis lulus ya tulus sing tau kecaruk. Nganteni serta wis tuwek buru ketemu maning. Jalarane ana kanca duwe kanca. Kancane kanca iku hang ahire nguweni weruh Sutris lan ancer-ancer umahe.
Pas Hari Guru ika, guru-guru kabeh upacara ring Taman Blambangan. Isun ngarep-arep kecaruk lare iku ring kono terus nak mampir nang umahe. Tulah-tulih wong semono akehe sing tumon hang rupane memper Sutris. Mari operasi pelastik tah raine sampek isun sing bisa nenger? Iyane dhewek misale tepak nulih endane pangling pisan nyang rainisun? Kari-kari ana kanca hang marah, padha-padha guru teka Tamansuruh, jare Sutris sing milu upacara, sing teka. Jare maning, Sutris iku wonge sekarepe dhewek. Alaakk! Endane? Isun sing percaya. Sutris iku sohibisun, lare apik, tiyang sae...
Sakmarine upacara, langsung isun merana. Karepe weteng njaluk biluk nang warung sulung, tapi hun warah engko bain. Endane engko sing dipakani ambi Sutris? Gancange cerita, gadug kana tepak ngarepaken lohor, tepak coronge masjid muni lagaman. Endane bener iki tah umahe? Apik. Latare wera. Iku tah Sutris? Katon ana wong tuwek ring wetane umah iku, rada mungkur, temune sing kari jelas raine. Nganggo kaos, mburine ana cape obat pertanian. Isun durung yakin gok iku Sutris. Wong iku kayane enak makani lele. Soale ana jedhingan ring pareke kono. Muga-muga bain iku bener jedhinge lele lan iku bener Sutris. Jam semene iki wis kepantesen nggo ngisi weteng. Lelene kari nyeser, dicemplungaken wajan, dientas aju disandhingaken sambel pete, segane kebul-kebul buru nubleg teka kukusan. Emaakk.....! Wetengisun kendhang kempulan.
Wong iku hun sawang tetep meneng bain. Uwong tah uwong iku? Endane sing rungu ana sepidhah mandheg?
"Assalamu alaikum....!!" Semaur naping sing nulih. Jerangkong nawai! Awas kadhung iku mula rika coh. Titenana ya....! Sing nguwongaken blas nang dhayoh. Pisan maning hun baleni uluk salam, hun anteraken. Nawi kupinge rada prei. Eh, hang semaur wong wadon, rabine Sutris, kadhung bener iku Sutris, nyauri salam ambi ngengek lawang umahe.
"Mangga, Pak. Mangga.....". Terus nulih nang lakine, "Pak....! Dhayoh!"
Diwarah ana dhayoh tetep bain sing nulih. Yee.....wong iku mula 'sutris', setres, pantese. "Monggo pinarak. Niku bapake tasik sibuk. Melebeta, linggiha kerin".
"Nggih.....". Sepidhah hun ajokaken nong adheman, nong ngisore uwit poh, aju isun melebu. "Niku leres Pak Sutrisno tah? Tandang napa niku kari mboten ngereken?"
"Enggih pak. Anu...niku. Napa namine?Cacing. Bapake tumut-tumut tiyang meriki, nyobi budidaya cacing. Kirangan. Cape kinging dingge tambane tiyang sakit tipes tah, cape.....".
"Yee.....cacing. Cape kula nawi lele. Emaakk....! Luput. Atinisun saya mbedhedheg serta weruh wong budheg iku Sutris. Dadi ngaboti cacing. Sing milu upacara, sing ngereken ana dhayoh. Sing nyawang dhayohe seragaman korpri. Nawi tah dhayohe tepak wong penting. Kudu ditatar lare iki! Durung sampek lungguh ngandoh bokong nang kursi, sun warah rabine,
"Niki ngeten, Bu. Kula niki sangking pengawas guru. Dos pundi niku pak Sutris kok mboten hadir upacara teng Blambangan wau?"
Byek! Rabine Sutris kontan kelunjuk. "Napa kepingin dipindhah teng Sumatera? Napa kepingin pensiun dini....?"
Emaak....! Rabine Sutris mangap tapi sing kelar ngomong, buru lungguh langsung nyekingkal metu marani Sutris. Teka kaca katon Sutris ya kaget diwarah dhayohe pengawas, terus gancang-gancang memburi ambi setengah melayu. Kapok ira! Ndarani nawi.
Rabine balik nang bale nemoni isun maning.
"Sepuntene, Pak. Sepuntene mawon hang kathah. Bapake mboten semerap sampeyan pengawas. Emm....niku tasik adus. Entosana kerin. Pun kula pajar ken cepetan. Sepuntene malih hang kathah....."
Omonge ambi rada cepapoan, gupuh. Isun dadi mandheg sekaken. Emak! Dosa isun. Ya gara-gara lakinrika dhewek, mbok! Sutris magih adus. Gok jebar-jebur rungu mengarep. Aduse sukur adus, kesusu selak divonis pengawas. Dipindhah nong Sumatera, sing indalu wih!
Emaak...! Metu-metu Sutris korpri-an lengkap. Kethuan kaya arep mangkat upacara. Maning nong njero umah sepatune dianggo. Ceret! Serang gupuhe, mari adus paling sing kathik andhukan iku. Ketara kepus kabeh. Hhm! Hhm! Isun dhehem-dhehem dudu merga watuk. Ngempet gemuyu! Katon tuwek temenanan kanca iki. Terang-terangan isun pangling. Mungguwa kecaruk ring dalan utawa ring upacara mauka, sing kirane nenger. Iyane ya sing nenger nang isun, paran maning isun nganggo tasemak cemeng hang biyasah hun nggo sepidhahan. Asem lare iki. Peraupane katon wedi campur tegang. Isun meh sing kuwat, arep ngakak. Ceret! Engkotah hun tepas temenan ya! Raine! Perandane ana dhayoh penting sing ngereken. Huukk....! Leren ambegan dawa sulung, buru isun bisa 'natar', nguwel.
"Maunya sampeyan ini gimana? Apa sudah bosan jadi guru? Hahh! Mau jadi bos cacing?"
"Maaf, pak. Ndak, pak. Saya masih ingin terus jadi guru, pak".
Gok semaur ambi temungkul, sing wani nyawang. Nagud! Mari-mari melas. Weteng elom saya kepeng rasane nggo ngempet guyu.
"Kalau begitu harus buat surat pernyataan. Ada kertas kosong?"
"Ada, pak. Ada".
Ambi tetep lungguh Sutris nulih memburi, nyeluk rabine. "Buk! Juwutena kertas kosong ring meja iku".
"Enggih....".
Mari ngelungaken kertas rabine memburi maning. Sutris lungguh anteng kaya madhep pak menteri.
"Nanti jangan lupa, dibelikan materai ditempelkan terus diteken, ya".
"Ya. Siap, pak".
Hun tulis gedigi"
'Tris, Isun iki Narto, kancanira SPG. Isun elom marek upacara. Merene iki perlune njaluk mangan.....'
Aju hun elungaken kon maca.
Sutris lungguhe maju, maca nganggo tasemak. Isun mundur semendhe nyoplok tasemak embi mangkat ngiklik..... Jeh! Kertas mauka mara-mara diremet bunder kaya tembung, kaya adate magih sekolah, terus dibentukaken seketane nang rainisun. Plokk! Celes....! Isun kasep ales. Dhadhanisun kaya bedhah, ngakak sak anter-antere. Sutris ngadeg, cangkeme mecucut, melaku memburi ambi celathu,
"*su! *eleng! *su! *eleng!!"
"Apuwa, pak?" Rabine takon. Sing kathik using, mesthi kelunjuk maning campur bingung sing karuwan. "Apuwa mara-mara ngamuk iku....?!"
"*eleng iku! Teka-teka merene njaluk mangan! Pengawas palesu! Pengawas *su! Bedhug-bedhug ngaget-ngageti uwong bain! Geregeten Hun lolohi cacing kapok beconge.....!"
Hhuahahaa.....!!! Metu mengarep maning Sutris wis dogolan. Seragame korpri mau wis diothak. Diuncalaken paling. Alise magih mencereng taping lambene ketara gok iyane ngempet gemuyu.
"Dhogolan nang ngarepe dhayoh, kaya awake hang gedhi-gedhiya...Kacaa puwa ring terminal....! Muring.....? Mbecaka kana.....ring terminal!"
Hhuahahaa.....!!!
(Bwi,1219.3.ib)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Pengalaman
Editor: Hani Z. Noor-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)