Paradoks Damarulan lan Njaga Aran Banyuwangi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 20 Agustus 2025 03:32 WIB)
- Opini



Paradoks Damarulan lan Njaga Aran Banyuwangi

Tepak Damarulan nggelethak nong lemah hing ana ongsronge, ring njabane keraton Belambangan, sapa hang nulung? Waita lan Puyengan! Lah... bisa gedigu? Wong loro iki yara rabine Raja Belambangan Menakjingga, musuhe Damarulan? Waita lan Puyengan iki cumpu ring mburine lakine, sedurunge wis kecaruk Damarulan, lan gelem ngelakoni hianat nang lakine. Jak loron kesengsem nang wong lanang liya. Ale wis duwe laki. Serta wong liya iku matek, jak loron padha kelayunge. Aju ragane Damarulan meneng-meneng diangkat digawa melebu ring salah siji kamar peturon ring keraton. Dideleng-deleng hing ana tatune blas ring awake Damarulan. Jak loron aju mangkat ngerapal mantra sampek Damarulan bisa ngadeg, urip maning lan aju balik mateni lakine wong loro iku. Yara rabi hang duraka arane. (Gedigu pethithete wong wadon Belambangan hang diarepaken dipercaya ambi wong-wong kabeh teka cerita iki). Rapalan hang kaya japa mantra iku seperene magih dienggo ring upacara adat Seblang. Hang intine, njaluk nang widadari hang nggawa urip lan kesuburan, nyusup nang jasade wong lan ring cerita Damarulan nyusup ring awake Damarulan supaya urip maning. Gedigu hang dijelenterehaken Pak Paul A. Wolbers ring tulisane: The Seblang and its music: aspects of an East Javanese fertility rite (ring buku Performance in Java and Bali hang diedhit ring Pak Bernard Arps teka Universitas Leiden).
    Dadi cerita Damarulan iku setemene ngelek-elek wong Banyuwangi. Ambekana sakti, rajane rupane kaya buta, sikile pincang, suwarane anter, asal-usule teka asu. Hing ana apik-apike. Sedheng hang wadon pethithete elek, hianat lan hing keneng dipercaya.
   Hing maido, merga hang ngarang lontar Damarulan iku wong Mataraman. Tujuwane paran, yaiku mau ngelek-elek raja Belambangan lan keluwargane makene rakyate hing dhemen ambi rajane. Kerajaan Belambangan iki rajane hing gelem nyerah nyang Mataram sampek ahire diserahaken nyang Landa, masiya dudu hake. Mangkane digawe cerita hang elek gedigu supaya ngerusak morale rakyate.
   Cumpu hang kelakon wong Banyuwangi dhemen seru nong kesenian hang nggawa cerita iki. Masiya rajane dicamah lan dielek-elek.
   Nah, pakem Damarulan hang gawenane wong Mataraman iku hang dipercaya lan hang diugemi wong sak njabane Banyuwangi.
   Kanggone wong njaban lan hang hing pati ngarti sejarah, cerita Damarulan, Minakjingga malah dianggep sejarah, hang nyata lan tau ana. Saben wong njaba hang kawitan rungu Belambangan, mesthi hang ana ring uteke Raja Minakjingga.
   Taping seperene, cerita hang ngelek-elek raja Belambangan iki magih didadekaken unggulan makili aran Banyuwangi. Kayata ring karnapal-karnapal 17 Agustusan utamane ring njaba Banyuwangi. Sore iku teka Ikatan Keluarga Banyuwangi ring Berau Kalimantan lan Papua ngetokaken tokoh raja Belambangan hang arupa buta lan loro rabine hang watek lan pethithete hing perlu ditiru. Aju paran hang dikarepaken teka wong njaba hang ndeleng Minakjingga makili aran Banyuwangi? Ndeleng Banyuwangi hang rajane dipateni? Ceritane wong-wong hang kalah? Wong wadone nduwe sipat hianat? Ndhemeni wong lanang liya masiya wis nduwe laki? Kayane iku dudu gambaran Banyuwangi hang diarepaken wong Banyuwangi. Kudune digoleti kesenian liya hang bisa ngangkat aran Banyuwangi. Kelendi nurut rika?

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf