Paramasandhang (Desainer) Hang Ngangkat Batik Banyuwangi

Widie (dipublikasikan pada Jumat, 10 Juli 2020 06:34 WIB)
- Tokoh



Banyuwangi tambah suwi nambah kemajuane. Hing mung pembangunan pisik, perkembangan ring donya perancang mode (sandhangan) uga sithik-sithik wis ngatonaken wujud merujuke. Hing maido kadhung saiki tambah akeh perancang-perancang hebat teka bumi Belambangan.
Salah sijine Isyam Syamsi. Paramasandhang hang setemene hing tau sinau formal desain, naming malah iyane akeh nduwe prestasi merga rancangan-rancangane hang apik seru, spektakuler.
Tepak ditemoni ring tukuke hang ana ring lobi Hotel Ketapang Indah, lare hang aran jangkepe Ahmad Isnaini Syamsi iki nerangaken sembarang kalir ombak umbule paramasandhang ring Banyuwangi.
“Ngomongaken industri mode, hing ana putuse, naming hang ana malah merujuke merana merene. Merga donyane mode iku setemene kebutuhan pokok wong siji lan liyane uga kebutuhane wong akeh (kolektip). Mangkane kudu terus miloni jaman," jare Isyam.
Jare Isyam merga Banyuwangi wis kesuwur ambi ikon batike, dadi otomatis nyokong donyane tukang desain kang kudu ngarteni ring kebutuhane pasar. Naming ya perlu ngengetaken pisan informasi ngenani filosofi batik iku pisan.
“Kene kan wis weruh Banyuwangi iku wis kawentar ring batik Gajah Olinge masiya gedigu kudu diweruhi pisan gok hing mung Gajah Oling belaka hang ana. Ana Kangkung Setingkes, Paras Gempal, Kopi Pecah, Gedhegan, Mata Pitik lan liya-liyane. Kabeh apik lan keren. Naming tetep mbutuhaken polesan maning makene tambah apik lan keren," tambah wong hang menang Best Desainer Banyuwangi Batik Festival 2013 lan 2014 iki. 
Jare Isyam, saben taun ana perkembangane. Beda taun beda desain. Umpamane kaya taun 2017 kepungkur iyane ngetokaken werna-werna pastel klasik lan cemeng emas kanggo desaine. 
Batik hing mung dienggo bonel, taping uga bisa dienggo hijab kelawan kombinasi werna, motip lan bahan hang beda, jare wong kelairan taun 1980 iki.
Hing maido, tau tepak taun 2016, akehe 1700 kelambine kabeh entek disesep pasar.
Isyam iki kerep dadi paramasandhang hang nyokong acara pemilihan Putri Jawa Timur.
Minangka bahane, kabeh maceme batik bisa dienggo. Batik cap, tulis, tulis colet lan sutera. "Kabeh aseli gawenane perajin Banyuwangi," jare Isyam. Hing maido akeh pejabat, artis lan pengusaha enom hang nganggo kelambi rancangane, jare Isyam hang rega kelambine antarane 500 ewuan (batik cap) sampek 5-6 yutaan kanggo batik tulis.
Kadhung wayah rendheng akeh udan kelendi? Hing masalah, jare Isyam, masiya nggarai rada kasep sithik nyiapaken rancangane. Emeh kabeh hang ana ring galerine iku batik tulis, dadi perlu perawatan lan prosese rada njelimet.
Hang nggawe spesial, Isyam hing mung nerima pesenan lan nggawe desain belaka. Naming uga nggambar lan malah njait pisan. Iyane uga ngewani wektu pelanggane kanggo konsultasi, hang diselingi ambi inpormasi bab batik, desain, jaitan hang nambahi aura wong hang nganggo. Kanggone iyane, inpormasi kaya gedigu iku penting hing mung sewates adol tinuku ambi pelanggane.
“Konsultasi hing mbayar. Iku mula serpis kanggo pelanggan makene pelanggan bisa paham ambi mode, hing mung nganggo."
Mangkane desain gawenane dienggo akeh wong ring tingkat nasional lan lokal. Malah sampek metu ring negara manca, kaya Thailand lan negara-negara liyane.
"Hun karepaken, padha-padha paramasandhang lokal hing adhep-adhepan minangka kompetitor. Kadhung arep ngelawan, apikan ngelawan wong njaba. Lan aja gampang nerima. Kudu ajeg nggoleti desain anyar hang tambah apik saben dinane. Saben karya mesthi ana kurang lan lebihe."

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : bisnisbanyuwangi.com

Editor: Antariksawan Jusuf