Paran Ombenan Has Banyuwangi?
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 06 Maret 2021 08:25 WIB)
- Opini
![](https://belambangan.com/assets/upload/foto_artikel/Paran_Ombenan_Has_Banyuwangi-66039.jpg)
Paran bain panganan has Banyuwangi? Kene bisa nyebut pirangane panganan, teka hang mula wis gedigu anane kayata pecel pitik, sega janganan/cawuk, jangan leroban, geseng menthok, sampek ring panganan anyar, kreasine wong Banyuwangi kayata: rujak soto, sega tempong, pecel rawon.
Taping paran ombenan hang has Banyuwangi? Umpamane kadhung Yogya nduwe "wedang uwuh" hang isine macem-macem ramonan godhong lan kayu herbal dienggo nyegeraken awak sak liyane diombe nyegeraken gorokan.
Hang bisa dadi pilihan ya teh ambi kopi.
Kudune, kaya pecel rawon utawa rujak soto, Banyuwangi kudu bisa nggawe salah siji jenis ombenan teh hang has. Hang uwong kadhung ngombe teh iku sakkal enget, "Oh iki teh Banyuwangi."
Taping ya rada sara, merga kadhung soal teh kelawan rasa macem-macem nong pasar endi-endi wis akeh. Teh rasa epoh, rasa jeruk, rasa peach, rasa leci lan liya-liyane. Kadhung arep njuwut mung teh biyasah wis kalah ambi Jepang utawa Tiongkok hang wis nduwe tradhisi ngombe teh. Masiya teh wis ditandur ring bumi Belambangan sakat taun 1800an bengen, taping hing ana teh hang bisa dadi andhelan. Tepak nandur bengen ring perengane Gunung Raung, wong Landa nggawa bibit teka Cina hang ditandur dienggo percobaan. Cumpu asile apik.
Dadi teh hang kaya kelendi maning hang kudune ana lan bisa dadi ciri hase Banyuwangi? Ya kudune kaya modhel rujak soto mauka, ana campuran teh hang bisa dadi ombenan anyar.
Setemene teh iki emeh padha ambi ombenan tradhisional hang sedurunge wis dikenal yaiku Secang. Secang hang digawe teka kayu hang bisa nguwahi werna wedang dadi rada abang-soklat kaya teh, nawi bisa digawe ombenan hang has. Hing mung banyu secang nyel.
Kelendi kadhung kopi? Kopi ya cocog dadi ombenan hang bisa dadi andhelan ombenan Banyuwangi merga Banyuwangi dhewek ngasilaken ton-tonan kopi ring kira-kira 10.000 hektar kebonan.
Balik maning kadhung kopi maneka rasa wis ana hang ngawiti nggawe, utamane ring Brazil lan wis dicobak dikembangaken ring salah siji produsen kopi ring Banyuwangi yaiku ring Gombeng.
Kelawan proses ngolah kopi, ombenan kopi bisa nduweni rasa anggur (wine natural), kupasan alami (natural pulp) lan madu. Dudu merga ditambahi paran-paran ring njero kopi hang arep diiling, taping rasane iku metu merga teka proses ngolah kopine.
Kadhung rasa ombenan anggur, kopi difermentasi ambi kulite suwene seminggu, aju dipepe maning petang minggu.
Kadhung rasa alami, prosese antarane wet lan dry proses, yaiku kulit kopine dipeleceti sedurunge garing. Kadhung metode garing (dry method), kopine digaringaken sak kulit-kulite. Kapan metode basah (wet method), kulit njaba lan njerone dipeleceti sedurunge kopine dipepe (digaringaken). Rasa alami iki dipepe taping sedurunge garing seru, kulite dipeleceti.
Lan rasa madu, marek dipeleceti kulite difermentasi sedina sewengi lan prosese ana kopine dicampur ambi campuran gula lan yakult.
Kadhung ngerungokaken budayawan kopi Pak Iwan hang nduwe merek kopi "Kopai Osing", kopi Banyuwangi nduwe rasa has merga Banyuwangi ana ring wetane gunung, ring kulone segara. Kapan raina keneng serngenge hang cukup, keneng weleke banyu uyah lan kadhung dalu keneng weleke welirang.
Iki bain setemene wis nggawe rasa kopi Banyuwangi istimewa. Taping iku bain ya hing cukup, kudu digoleti cara "menyajikan" tah "rasa has" tah "kopi campuran unsur liya" tah kelendi, kadhung perlu digawe lomba sedurunge dibranding dadi kopi Banyuwangi. Endane PR-e pemda maning gedigi iki?
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.