Anggitane: Samsul Hadi
(Minggu, 07 Juni 2020 06:48 WIB)
Pecari Wangsa Gumuk Kedhaton
Mulih ngaji isun semayanan ambi man Syawal gok engkisuk Minggu ngasak golet kembang pecari kuning pecari putih lan kembang wangsa nang Gumuk Kedhaton. Man Syawal pernah pamanisun masiya umure sak pantaran padha sak sekolahan, Man Syawal kelas 4 isun kelas 3.
Bengi iku isun sing bisa turu merga ngangen-angen gelisa isuk, taping malah enget ceritane Mbah Anang malah sing gage bisa turu. Anang tau cerita gok Gumuk Kedhaton iku bengen panggonane putri-putri kerajaan Macan Putih. Panggonane tenget. Jare akeh gandaruwo ambi sundel bolonge merga panggonan iku wis sing kerumat lan dienggo panggonan ula lan kalajengking. Sing kerasa wis rungu suwarane apak ndhodhog lawang.
"Tangiya Lik, wis subuh." Isun agage mbukak lawang lan melayu nang sumur ngisi cedhing, marek adus isun nyang Langgar taping magih sepi durung akeh uwong, hang ana mung Wak Misadi lan Kang Maksum hang tukang adan. Marek subuhan nunggoni emak nggoreng lemuru segane buru ditapung durung mateng. Serta mateng isun gage ngedhuk sega nang pengaron lan njuwut lemuru papat, madhang ambi rada kesusu sampek emak celatu.
"Mangan kaya diuber-uber dhemit koh arep nyang endi Sira?" emak wis weruh kadhung isun arep memengan rada adoh.
"Ajeng memengan kalih Man Syawal Mak." Sing wani ngomong isun arep nyang Gumuk Kedhaton golet kembang. Kadhung ngomong mesthi sing ulih. Marek sarapan, isun nang umahe Man Syawal. Iyane wis nganteni nang ngarep umahe ambi nyangking jabil luru lan ganjur cilik teka jajang wuluh hang nang pucuke diweni gantolan, aju gage melaku nang Gumuk Kedhaton.
Subuh rantag serngengene katon abang mberanang madhangi bumi Belambangan. Gunung Raung katon sagah gedhi dhewek ring antarane gunung liyane hang katon kaya mageri lan dadi sengkere telatah Belambangan. Ngeliwati ril sepur gadug sasak kedhung nang uwit cangkring, suwarane manuk jalak suren lan manuk manyar saut-sautan nambah asrine ring isuk iku. Gumuk Kedhaton adohe teka umah sekira rong kilo. Nggadug perapatan Bubuk Lateng, Gumuk Kedhaton wis katon nggerumbul ijo lan katon angkere. Tambah parek sansaya ndheredheg nang ati, serta gadug nang ngarep regol man Syawal alok.
"Mbah Buyuut...kulanuwun ...Putundika ajeng nedi kembang pecari lan wangsa."
Isun ya milu nirokaken aloke Man Syawal, gadug nang lawangan ana regol kaya lawange umahe wong Bali lan nang ngarepe lawang muka ana patung loro lungguh ambi nyekel gada naming hang siji patunge endase wis sing ana, tugel. Gumuk Kedhaton iku wera lan jembare sekira sak bau setengah dipager bata gedhi-gedhi mubeng naming pagere kana kene wis padha rubuh sing ketata sing kakaruwan. Nang pagere iku akeh wit-witan pandhan Bali lan uwit njawar (jenise palem-paleman) nang kiwa tengene akeh wit kembang pecari putih, pecari kuning, lan kembang wangsa. Nang pareke wit kembang wangsa hang gedhi ana wit bendho hang dipelilit suruh alas. Nang kunu uga ana pecake juglangan hang ditata asri lan watu watu gedhi cemeng. Uga ana pecake ilenan banyu nang juglangan muka taping ilenan banyu iku wis dibebeng dienggo ngileni sawah. Mandaneya isun weruh bengene kadhung mula panggonane putri adus byek cager senenge ati.
" Hoii Dhik... aja metenggengen thok ayo puputana kembange kau..." suwarane Man Syawal nang ndhuwur wit ambi nyekel ganjur berak-berak, isun munyik lan muputi kembang kang wis padha ceceran diunduh Man Syawal.
"Pecarine hang magih kincup dHewekena Dhik, regane jare mbah Ipah beda," celatune Man Syawal. Isun muputi kembang rong jabil sampek ebek.
"Muaan wis ebek jabile..." Man Syawal gage mudhun naming magih menek maning nang uwite bendha ngeranggeh bendha hang wis mateng abang ulih limang iji. Serta wis tuwuk ngemuti isine bendha hang manis rasane isine digawa mulih pisan.
Nggadug Banje nang umahe Mbah Lebuh hang dodolan jamu gendhong lan kembang, ngedol kembang ulihe ngunduh nang Gumuk Kedhaton, kembang rong jabil diregani Rp.300,- Telungatus rupiah dipara wong loro satus seketan edhang wis dadi kekarepanisun lan Man Syawal. Ulihe adol kembang nak hun enggo tuku dara andhukan. Nunggang dhongkare Man Sohan nyang Lincing wong loro mbayar Rp 10. Melaku rada adoh nang pinggire ril sepur nang umahe Yuk Ji Sang piyike dara sak pasang Rp.25. Isun lan Man Syawal tuku rong pasang, nggadug umah ati seru dhemene. Mbah Anang sun kon nggawekaken pegupone darane. Isun ditakoni Anang ulih endi picis enggo tuku dara. Isun cerita paran anane. Mbah Anang katon kaget rungu ceritanisun.
"Aja maning maning Sira merana yah Lik," jare Anang mbaleni cerita kadhung nang Gumuk Kedhaton iku panggonane para putri kerajaan Macan Putih. Kulone iku lumbung parine Kerajaan Macan Putih. Tekane Islam nang bumi Belambangan hang digawa Raden Pati Unus teka Demak mulai lengsere Kerajaan Macan Putih kala iku dipimpin Raden Minak Sembuyu. Kerajaan Belambangan keneng pageblug lan larang pangan. Pari padha ajur dipangan bubuk mangkane panggonan lumbung pari iku sak iki dadi desa Bubuk. Raden Pati Unus sanggup ngilangaken pageblug kadung gelem Raden Minak Sembuyu melebu Islam.
Serta pageblug ilang Raden Minak Sembuyu sulaya janji pungkase tarung ambi Raden Patiunus. Raden Minak Sembuyu dhasar sakti mandraguna sing makan landhepe pedhang lan lincipe keris. Raden Patiunus keteter lan kentekan daya pungkase kanti nganggo tenaga kang pungkasan lan sangking bangkele Raden Minak hang nyeser terus diuncalaken nang wit-witan hang nggarai gatel yaiku uwite lateng, Raden Minak Sembuyu berak-berak gatelen sing sanggup nampa.
Pungkasane nyerah lan gelem melebu Islam. Dadi wong Islam sarate kudu disunati. Tan kocapa Raden Minak Sembuyu melayu ngulon dikira sunat iku dikethok kabeh manuke. Kecekel nang panggonane sengidan yaiku nang ndhuwur gumuk, Raden Minak Sembuyu dibacangi aju dikerok rambute ngisor aju disunati. Sakat iku gumuk mauka kawentar Gumuk Jembut sampek sak iki. Panggonane Gumuk Jembut tepak nang ndhuwure masjid Bubuk perapatan Lateng ngulon nang Bubuk takona wis rika nang wong kana. Lan panggonane Gumuk Kedhaton iku tepak nang kulone SD Gladag 1 Lateng Desa Gladag Rogojampi, gediku ujare Anang mungkasi ceritane.
Kudus 28 April 2020.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)