Pecel Iwak Teribang

Dyah Indriyani Widiningtyas (dipublikasikan pada Sabtu, 12 Desember 2020 08:21 WIB)
- Kuliner



Kanggone wong Banyuwangi, iwak segara mula wis anjerah bisa ditemoni saben dina. Merga emeh sakdawane pesisir Banyuwangi paceke ngasilaken iwak maneka werna. Sakat teka iwak cilik kaya Teri Sekul, Sempenit, Pethek, hang rada gedhian kaya Lemuru, Tamban utawa hang sedhengan kaya iwak Merjung, Mernying, Putihan, Kerapu, Kakap, Keleng sampek Mungsing hang gedhine ngalah-ngalahi menungsa.

Salah sijine iwak segara hang bisa ditemokaken ring pasar yaiku iwak Teribang. Kelendi kadhung iwak Teribang iki diolah dadi pecel? Windhul pantese! Acake wacanen kelendi carane olah Pecel Iwak Teribang iki.

Bahan hang dibutuhaken:

- 1 kg iwak Teribang
- 1 cangkir santen kenthel (diperesi nganggo banyu anget) 
-  Rong ler kemangi

Ragine:

A. 5-7 bungkul bawang abang, 3-5 siyung bawang putih, 5 lobok cilik (utawa sak dhemene), 2 lobok abang gedhi, 4-5 kemiri (digoreng)

B. Sak jempolan cilik jahe, kencur (dibakar) 

C. Godhong jeruk, gula abang, gula pasir, uyah secukupe

Carane:
- Iwak Teribang dibakar utawa digoreng
- Ragi A,B,C digerus rucah bain. 
- Kadhung sekirane wis hing ana hang wungkul ragine mau aju dikocori santen anget mauka, digaluh makene ragi ambi santene kecampur rata. Tilikana nawi ana kurang rasa asin manise.
- Kadhung wis cocog ambi selera aju lebokaken iwak Teribang hang wis dibakar utawa digoreng mauka, dipitek-pitek nganggo canthuk sampek rada penyed.
- Hang pungkasan tambahana godhong kemangi diwur-wuraken nong ndhuwure.

Hmmm... Pecel Iwak Teribang wis siyap ngancani sega anget ring kemarang.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf