Pelasan Endhog Iwak Utik
Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Sabtu, 23 Januari 2021 06:23 WIB)
- Kuliner
Banyuwangi mula suwarga kanggone uwong hang dhemen iwak. Kerana iwak ring Banyuwangi hing mung seger taping akeh seru maceme. Hing mung daging iwake, taping endhog iwak ya akeh pisan.
Salah sijine endhog iwak Utik iki. Beda ambi endhog iwak biyasahe, iki kaya temeker, rasane kenyil-kenyil kaya wijine jenang bedhil.
Endhog Utik iki mula sing mesthi ana ring pasar, kadhung tepak nemu ya kaya nemu mustika. Jeh!
Endhog utik iki bisa diolah bumbu rujak utawa pelasan.
Acake kelendi olah pelasan endhog Utik iki.
Bahane:
1/2 kilo endhog Utik
Dikumbah rijig
Godhong gedhang ambi semat dienggo melas.
Ragine:
5 iji lobok abang
10 iji lobok litik
5 siyung bawang
3 bungkul bawang putih
3 iji asem mateng/kawak
3 iji belimbing wuluh
2 iji ranti ukuran sedhengan ( bisa hing kathik)
3 lembar godhong jeruk purut
Carane:
Sakliyane ranti ambi belimbing wuluh, ragi liyane digerus alus. Kadhung wis alus, tambahena ranti ambi belimbing wuluh hang wis diirisi aju digerus kasar.
Endhog iwak hang wis rijig mauka aju diuled ring ragine sampek rata.
Kadhung wis rata aju dipelas nyang godhong gedhang lan disemati hang rajin.
Pelasan bisa langsung dibakar ring cuwek lemah utawa dikukus sulung buru dibakar.
Aja lali wolak-waliken pelasane.
Sekirane wis mateng, godhong gedhange wis rada gempung, aju ngameta sega panas, ati-ati aja sampek lali ngumani hang liyane ya!
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.