Pelasan Jamur, Windhul Kenyul-kenyul
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Sabtu, 06 Juni 2020 08:49 WIB)
- Kuliner
Wayah usum udan hang magih ana serngengene gediki iki akeh jamur padha merujuk. Jamur-jamur hang merujuk ana ring kayu-kayu hang wis berek iku enak temenan dipangan. Naming kudu ngati-ati, merga sing kabeh jamur keneng dipangan. Ana uga jamur hang mendemi. Ati-ati bain kadhung nemu jamur hang urip ana ring kepong-kepongane jaran, jamur iku marai mendem/mabuk. Jamur hang metu gelange kelar-kelir uga kegolong jamur racun hang mendemi. Jamur hang gediki aja dipangan.
Jamur tiram utawa magih mambu dulur ambi jamur pleorotus eryngii, kegolong jamur pangan hang enak lan gurih. Wis akeh uwong hang mbudidaya jamur iki dadi tanduran pangan. Jamur iki rupane kaya kepet setengah bunder merujuk ring kayu hang wis berek utawa kayu hang wis mati. Kelire soklat naming ring pucuk-pucuke kelir putih. Kadhung nemoni jamur hang gediki iki diundhuh bain. Biyasahe iyane nggerombol ana ring panggonan kayu-kayu hang wis mati. Aja kathik nganteni engko esok maning, sebab umure jamur iki mung sedina rong dina.
Kadhung wis diolah, jamur kegolong panganan hang gurih lan indhul naming sing nggarahi penyakit liyan. Kayatah urang umpamane, urang kegolong panganan ngurih naming kadhung awak sing kuwat bisa kerog utawa gatelen. Kandungan protein ring urang dhuwur naming bisa gawe kolesterol munggah. Hing kaya jamur, aman.
Mula iku ring kene isun ngajak nggawe panganan jamur hang gampang olah-olahane. Pelasan jamur mung nganggo ragi sambel digerus lan gampang nggawene.
Ragi Sambel
Hang dikarepaken ragi sambel iki yaiku ragi lobok, uyah, terasi, ranti, lan bawang abang digerus nong cuwek.
Kanggo jamur seperapat nganggo:
- Lobok litik limang iji
- Bawang abang limang siyung
- Terasi sak jumput, sithik bain
- Uyah sak sendhok teh
- Gula pasir sak sendhok teh.
- Irisan godhong bawang limang lembar.
Carane olah
Kabeh ragi digerus ana ring jebeg sampek alus kejaba ranti hang mung diirisi cilik-cilik. Godhong bawang uga diirisi cilik-cilik. Ragi sambel digerus sampek alus diendoni banyu sithik mari gediku irisan godhong bawang lan irisan ranti diuled dadi siji ambi jamur hang wis disuwek-suwek..
Nurut Mbok Komah apike ring kana mbungkus pelasane nganggo pincuk hang rapet sampek banyune sing metu teka pincukane.
Mari dipincuki, sakteruse dikukus sampek mateng kira-kira 10 menit. Kadhung wis mateng pincukane dientas diedhemaken. Sakteruse pelasan jamur wis keneng dipangan ambi sega anget. Rasane indhul kenyul-kenyul gurih, pedes, manis, lan kecut.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : olahane Mbok Komah
Editor: Antariksawan Jusuf