Pelasan Wader Seger Kanggo Ngunggahaken Imunitas
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Sabtu, 20 Juni 2020 06:30 WIB)
- Kuliner
Udane wis mangkat nggecek, durung kari gedhe temenan. Sedina udan rong dina using. Iki nggarai banyune mangkat belaburan maning. Kadhung wis gediki hang aran iwak nong banyu mangkat akeh maning. Paran maning hang aran wader.
Iwak wader hang ukurane antarane jenthikane lare cilik sampek jempolane wong gedhe iki uripe nong panggonan banyu santer utawa banyu hang mili saban dinane. Akeh maceme iwak wader iki, ana wader pari, wader takul, ana uga wader bang. Iwak iki masiya cilik naming kesit, dhemenane ngelawan arus lan ngunggahi gerojogan-gerojogan. Mesthi bain iwak iki gampang keneng kicir lan bubu. Kicir utawa bubu hang dipasang nong bancarane banyu mili kiwa tengene dipepet, wader mesti bain melebu nong pelengan kicir gediku.
Iwak banyu tawa iki wis lawas kejuluk iwak hang enak lan gurih. Wader hang mangkat melkudhuk ring wayah usum udan iki kegolong akeh kandhungan gizine. Mesthi bain kandhungan proteine dhuwur padha ambi iwak-iwak liyane. Naming lebih gurih timbang iwak hang dirawati nong tambak utawa kolam.
Kandhungan gizi liyane yaiku zat besi lan omega 3. Zat omega 3 lan zat besi iki kegolong zat hang dibutuhaken kanggo pertumbuhan, umpamane pertumbuhan belung lan pertumbuhan otot. Mula iku iwak wader penting kadhung dikonsumsi lare-lare cilik hang ring mangsa pertumbuhan.
Hang penting maning omega 3 lan zat besi iki bisa ngunggahaken imunitas menungsa. Iki penting paran maning ring mangsa-mangsa usum pageblug Korona iki. Imunitas hang dhuwur ndadekaken awak kuwat lan sing gampang keserang virus.
Mula iku ring kene, isun ngajak nggawe panganan teka iwak wader. Ring kene wadere sing digoreng naming dipelas kukus. Iki dikarepaken makene kandhungan gizi hang ana ring iwak wader sing ilang merga keneng panase lenga.
Ragi Sambel lan Kemiri
Hang dikarepaken ragi sambel iki yaiku ragi lobok, uyah, terasi, lan bawang abang digerus nong cuwek sing kathik ranti. Merga rantine disiluri ambi belimbing wuluh.
Kanggo iwak wader seperapat kilo nganggo:
- Lobok cilik sangang iji
- Lobok gedhe telung iji
- Bawang abang limang siyung
- Bawang putih rong siyung gedhe
- Terasi sak jumput, sithik bain
- Uyah sak sendhok gedhe
- Gula pasir sak sendhok cilik
- Kemiri telung bungkul
- Belimbing wuluh sangang iji kadhung gedhe-gedhe
- Godhong jeruk limang lembar
- Asem jawa sak jumput
- Lenga keletikan rong sendhok
Carane Olah-olah
Kabeh ragi digerus ana ring jebeg sampek alus kejaba belimbing wuluh, lenga keletik lan godhong jeruk hang mung diiris-irisi cilik-cilik. Belimbing wuluh sak durunge diulet diirisi cilik-cilik aju diperes banyune.
Ragi sambel digerus sampek alus diendoni banyu sithik mari gediku irisan godhong jeruk lan irisan belimbing hang wis diperesi banyune diuled dadi siji nong wadah dicampur ambi iwak wader hang wis dirijiki sisike lan kothorane.
Nurut Mbok Komah resep rahasiane ana ring godhong jeruk mau ika. Godhong jeruk bisa ngilangaken ambu amis lan ambu lemahe iwak banyu iki.
Mari diuled rata dileboni lengo keletikan aju diuled maning. Saiki kari mbungkusi nganggo godhong gedhang. Bungkuse ring kene nganggo bungkus pelas dudu bungkus pincuk.
Mari dibungkus pelas sakteruse dikukus sampek mateng kira-kira 15-20 menit. Kadhung wis mateng temenan pelasane dientas diedhemaken. Sakteruse pelasan wader wis mateng. Wis saiki keneng dipangan ambi sega anget. Rasane pedhes-pedhes seger enjong.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Olahane Mbok Komah
Editor: Antariksawan Jusuf