Penemu Kanggo Ikawangi Pusat Mengarepe
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 15 Desember 2022 08:51 WIB)
- Opini
Tepak wong-wong hang milu Munas Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Pusat dina Minggu sore milih mayjen (purn) Rusdi Maksum minangka ketua umume, kabeh keplok setuju. Nawi mung isun hang ngerasa gok iki ana hang luput.
Apuwa gedigu?
Mula Paguyuban iki organisasi sosial hang artine hing ngasilaken picis taping mung ngentekaken picis kanggo nguripi kegiyatane seperene. Dadi hang madeg minangka pengurus, malah anggota lan pembina, hing mung ketua, kudu lila metu tenaga, pikiran lan utamane picis kanggo bareng-bareng nggendhong indhit nyuwun laku organisasine.
Setemene, kahanan gedigi iki bisa dikurangi kadhung paguyuban iku nduwe usaha, umpamane koperasi. Koperasi kadhung melaku lancar bisa nulung anggota paguyuban sekaligus ngasilaken untung dienggo organisasi. Ikawangi jaman kepemimpinane ruwahe Pak Mulyono Munawar wis tau ngawiti ngedegaken koperasi taping kandhas. Anggotane malah wis ngelumpukaken picis. Mung merga ana pengurus hang hing bisa nyekel amanahe wong akeh. Kayane hing ana hang tega arep ndhedhes dulur dhewek kelendi urusan picise.
Kadhung duwe badan usaha setemene bisa pisan nggandheng usahane anggota hang wis duwe bisnis, umpamane hang duwe usaha travel umroh/haji kanggo nggolet nasabahe yaiku hang paling parek wong-wong ikawangi dhewek.
Kelawan duwe badan usaha, umpamane koperasi mau, asile bisa mbantu nekakaken picis, getihe organisasi. Seperene Ikawangi Pusat ngandalaken para donatur, wong-wong Banyuwangi hang sugih hang entheng tangane. Kadhung mung sugih thok naming tangane nyekethem ya akeh tunggale. Utawa seponsor hang gelem cawe-cawe. Sore tepak Munas malah ana Korwil hang takon nang Ketua Umum sedurunge demisioner, Kang Bambang, kelendi carane Ikawangi golet donatur lan seponsor. Nah, iki mangkane Ikawangi perlu dipimpin wong kang akeh aksese. Salah sijine bisa nothok lawang nang donatur lan seponsor. Taping arane donatur ya hing bisa seteruse dithothok lawange. Kadhung masalah iki Pak Rusdi, kaya Kang Bambang, wis cocog merga akeh relasine. Mbandhani kegiyatan hang gedhi kaya Ikawangi Cycling Nusantara 2022 ulan Maret sore, sepidhahan santai teka Blimbingsari nyang Pendhapa dipiloni wong 700an, ya hing murah. Bisa entek lebih 200 jutaan sak hadhiyahe (sepidhah montor lan barang liyane). Durung kereken biyaya liyane hang sing diitung merga sing katon picise kayata sumbangan trek dienggo nguwot sepidhah teka Jakarta-Banyuwangi pp.
Hang nomer loro hang nggarai isun periatin, yaiku kepilihe Pak Rusdi nduduhaken ana hang salah ring kaderisasi organisasine iki. Itung-itungan umur, Pak Rusdi iki wis 78 taun dene Kang Bambang buru 64 taun. Organisasi hang apik, ketua penggantine mesthine lebih enom. Disebute bain "getih seger" dadi kudu wong hang lebih enom hang getihe lebih seger, dadi saya akeh ide-idene hang bisa miloni kemajuan jaman. Maningan aran Pembina kaya Pak Rusdi tugase mesthine mung ndeleng organisasine iki wis melaku ring dalane hang bener tah? Ndeleng teka kadohan, ngewani pituduh kelendi apike, malah bisa nyethut kadhung penguruse melaku sak karepe dhewek. Masiya iki mung organisasi sosial, Ikawangi ngemu perjuwangan para sesepuh hang bengen ngawiti ngedegaken organisasi dadi kudu dijaga arane. Aja sampek merga ana anggotane hang ngaku-aku nggawa aran organisasine taping nggawe ala, malah laku kriminal, bisa ngerusak aran hang seperene wis dijaga.
Ana siji maning seperene Ikawangi durung duwe kantor Sekretariat dhewek. Seperene magih pindhah-pindhah nyilih panggonan. Hang saiki, disilihi ring Kang Yani, anake ruwahe Pak Abdul Kahfi hang bengen tau dadi wakil gubernur DKI lan salah siji sesepuhe Ikawangi, ngampung nong salah siji umahe ring Ciracas Jakarta Timur. Kadhung duwe panggonan dhewek, mesthi lebih gampang nggelibete. Sekretariat hing mung dienggo kantor, taping bisa pisan didadekaken showcase barang-barang produk Banyuwangi lan dadi etalasene Banyuwangi, panggonan anggotane milu usaha nguripi kelawan nitipaken barang kanggo diedol. Sekretariat kadhung ring pojokane ana wong dodolan rujak soto, rujak kecut, kucur lan gedhang sabun nawi bisa pisan dienggo jujugan wong sak Jabodetabek hang kangen tanah kelairan sakperlu ngilangaken kangene. Gesah basa Usingan ambi mangan rujak soto, ambi lamat-lamat rungu suwarane angklung, hing bisa diukur enake. Malah kayane apike dirembug bareng Pemkab Banyuwangi merga Sekretariat iki bisa pisan dadi Perwakilan Pemkab uga panggonan inpormasi hang bisa nawani potensi dagang lan budaya Banyuwangi.
Dhadhung taline kuning, wis kadhung kelendi maning. Muga-muga Pak Rusdi bisa nambeli kekurangan Ikawangi hang ana.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.