Pentinge Cathetan Soedira-Binata

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 22 Maret 2025 07:02 WIB)
- Opini




Ring antarane wong-wong hang duwe wigati nang basa Using utawa basa Banyuwangen, ana aran R. Soedira lan R. Binata hang taun 1920-1930an wis nggawe cathetan arupa kamus hang ditulis tangan aju sak bagiyan disalin nganggo mesin tik.
  Mula hing sempurna kaya kamus modheren hang ana cara ngunekaken saben ucap lan kesusun alpabetis. Akeh ucap-ucap hang kecathet ping kaling-kaping ring halaman hang beda.
   Durung diweruhi Soedira lan Binata iki sapa merga hing ana cathetan riwayat uripe, naming cathetane iku ditulis ring Surakarta lan Yogyakarta.
  Rada nggarahi kaju mula, cathetane wong loro hang kesimpen ana ring Perpustakaan Universitas Indonesia iki bisa hing katon teka radare Dr. Suparman Herusantosa hang disertasine nduweni judhul Bahasa Using di Kabupaten Banyuwangi. Pak Parman iki mesthine wis lejek melebu metu Perpuse UI kaya umahe dhewek.
  Sakliyane rong naskah iku, bupati Banyuwangi kala semono, Tumenggung Haryo Notodiningrat nulis babad Notodiningratan ditulungi ambi wong Landa hang manggon ring Tamansari, Licin, yaiku T. Ottolander. Ring lampiran mburine babad hang diwani judhul "Babadipoen negari Blambangan ngantos doemoegi negari Banjoewangi" iku ana lampiran 414 ucap-ucap basa Banyuwangi hang padha ambi basa Jawa naming artine beda. Ucap-ucap iki hang dienggo Pak Parman kanggo materi penelitiyane sampek iyane bisa nduwe kesimpulan gok basa Using lan basa Jawa iku melaku sewang-sewangan sakat kira-kira taun 1160-1170.
   Sedurunge babad iku uga ana wong Landa hang aran Herman Neubronner van der Tuuk, ahli basa hang manggon ring Singaraja Bali, taun 1880an, uga nyathet ucap-ucap Using hang bida ambi basa Jawa. Van der Tuuk wis nggawe petang jilid kamus Kawi-Bali (KBWI) lan ninggalaken cathetan hang kayane arep digawe kamus, judhule Kosakata Dialek Banyuwangi. Saiki disimpen ring perpustakaan Universitas Leiden. Kamuse Pak van Der Tuuk iki hang dienggo Binata njugeri ucap-ucap Banyuwangi nang kamuse mau. Dene Soedira njuwut ucap-ucap Banyuwangi hang ana ring disertasine wong Landa  pisan yaiku J. W. De Stoppelaar hang nduweni judhul Balambangansch Adatrecht (Hukum Adat Belambangan).
   Taun 1923, wong Landa ring Licin yaiku Ottolander mentasaken gandrung ring kongres hang dianakaken ambi Java Instituut ring Bandung. Kanggo ater-atere iyane nulis artikel Gandroeng van Banjoewangi hang isine arupa bab gandrung, kelebu gendhing-gendhing gandrung.
   Kabeh cathetan ucap-ucap iku digawe sedurubge ana negara Indonesia. Sakuwise Indonesia merdheka, diterusaken ruwahe Pak Hasan Ali nggawe Kamus Bahasa Daerah Using-Indonesia. Ana kira-kira 24.000 ucap hang ana ring kono. Taping magih sak bajeg hang durung kecathet lan nganteni generasi enom Banyuwangi nyempurnakaken kamuse. Mayo hang jare gelem nguri-uri tinggalane embah buyut.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Satria Pujangga