Perang Bangkat lan Kopat Luwaran (Bagiyan 3, pungkas)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 21 November 2024 05:30 WIB)
- Esai
Perang Bangkat lan Kupat Luwaran (Bagiyan 3, pungkas)
Kupat Luwaran iki tujuwane kanggo ngeluwarakan antarane penganten loro. Kupat Luwar iki akehe ana loro, hang siji kanggo penganten lanang lan hang siji kanggo penganten wadon. Kupat Luwar iki hang nggawe ya dhalange Perang Bangkat.
Acara Kupat Luwaran iki diwakili teka keluwarga penganten lanang loro lan keluwarga penganten wadon loro. Wakil keluwarga mau karo-karone nyekel pucuke kupat luware dhewek-dhewek. Aju dalang maca donga “Bismillahirrohmanirrohim, iki dina anane kupat luwar, ngeluwaraken penganten hang kemunjil. Menawi ana bethara kala hang arep nggudha ngerencana sumingkriha... Allohumma Sholli ala Sayyidina Muhammad”.
Sakmarine dhalang maca donga, aju wakil keluwarga hang nyekel kupat luwar mau narik pucuke kupate sampek bujer. Sakmarine Kupat Luwaran aju diterusaken ambi Ngosek Punjen.
Kosek Punjen.
Kosek Punjen yaiku teradhisi kawinan masarakat Using Banyuwangi hang mesthi milu nang teradhisi Perang Bangkat, kejaba Perang Bangkat antarane anak penggarep ambi anak penggarep. Kosek Punjen iki upacara adat kawinan husus kanggo anak Kemunjilan lan Undhal-andhil. Maknane kadhung ana Perang Bangkat ya kadhang ana Kosek Punjen. Kosek punjen iki tujuwane anak kemunjilan utawa anak undhal-andhil iki dhung wis umah-umah makene sing nggudha nang rabine lan wong tuweke, kerana akeh-akehe anak kemunjilan utawa undhal-andhil iku nggudha lan mbenu/tambeng.
Kosek Punjen yaiku ngosek picis hang ulih mupu/ngemis teka dulur-dulure lare kemunjilan utawa undhal-andhil iku mau. Picis ulihe mupu iku mau tujuwane kanggo nguweni sangu kanggo umah-umah kerana kadhange anak kemunjilan iku wis sing uman paran-paran teka wong tuweke mangkane kudu mupu nang dulur-dulure. Picis punjen iku akehe Sadaklawe (sewidak selawe).
Sakmarine Kupat Luwaran aju diterusakaen ngosek punjen. Keluwarga penganten loro padha kumpul ngubengi penganten hang lungguh timpuh. Aju dhalang nyiyapaken lengser/talam hang wis diisi ambi beras kuning. Picis ulih mupu hang diwadhahi kanthong aju ditublek nang lengser. Mari digu penganten loro nyekel picis nang leng lengser mau ping telu terus dikosek bareng-bareng ambi keluwargane penganten pisan. Dhalange nyembur-nyemburaken beras kuning.
Sakmarine picis punjen dikosek aju penganten lanang muputi picise teka lengser aju diwadhahi kain mori putih hang mari dienggo Perang Bangkat. Picis punjen diuwakaken nyang penganten wadon, penganten lanang sing ulih milu nganggo picis punjen mau. Biyasahe dhung penganten wadon sing gelem nganggo picis punjen, diedum-dumaken nang lare-lare atim ambi disimpen dienggo tindhih.
Hang seru pentinge dhalang-dhalang hang dadi gawangane Perang Bangkat ring Banyuwangi sing entek lan ana generasi peneruse. Miturut salah sijine dhalang, sing gampang golet uwong hang gelem sinau dadi dhalang Perang Bangkat. Dhalang iki cerita dhung tau ngajari uwong kanggo dadi dhalang Perang Bangkat. Tapi buru gadug tengah dalan wis ninggal sulung, lan golet gantine maning magih sing nemu.
Sejatine dhalang Perang Bangkat iku turun temurun, taping akeh-akehe anak putune dhalang Perang Bangkat saiki akeh hang wis sing gelem ajar kanggo nerusaken warisan adat asli Banyuwangi iki. Dadi ya sing heran dhung saiki rada sara golet dhalang Perang Bangkat. Hang dadi pitakonan, dhung sing ana generasi peneruse dhalang Perang Bangkat iki aju kelendi mbisuke? Dhung sing ana dhalang, ndane teradhisi Perang Bangkat iki ditinggal?
Iki dadi tanggung jawab isun lan rika kabeh kanggo tetep nguri-uri weluri hang wis dadi warisan leluhur masarakat Using Banyuwangi. Ayo dijaga bareng ajeg jejege budaya leluhur kanggo anak putu mbisuk aja sampek ilang nana pecake.
(Satria Pujangga)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Poto: BTD
Editor: Hani Z. Noor