Perkara Aran ring Tetabuhan Teradhisional
Moch. Anil Syidqi (dipublikasikan pada Senin, 19 Mei 2025 07:34 WIB)
- Opini
Aranisun Moch. Anil Syidqi, bisa diceluk Anil. Aran Anil iki ibarat tetenger. Mbedakaken antarane isun lan rika, botol lan tembung, uga awan lan bengi makene gampang dhung ngengeti. Kelendi pungkase kadhung kabeh bain kang ana ring donya iki sing duwe aran? Iku kang dadi perkara ning tabuhan Angklung Banyuwangi.
Kesenian Angklung nduwe macem-macem gendhing. Ana giro, belendrong, belabakan/embat-embat, sesegan, cacalan, kelocian, mares, engselan, lan sepiturute. Ibarate kabupaten, ning njerone ana kecamatan, desa, dusun, dhukuh, RW, lan RT.
Kabupaten giro, ning njerone ana kecamatan Lare Banyuwangi, kecamatan Blambangan. Kabupaten sesegan, ana kecamatan Cring, kecamatan Surabayaan, kecamatan Randha Enom. Semono uga kabupaten belendrong, belabakan, cacalan, mares, lan engselan. Teka kang wera lan gedhi, aju nyilik-nyilikaken kayadene kabupaten sampek nyang RT.
Tegese, aran gendhing iku penting minangka tetenger. Mbedakaken gendhing siji lan liyane, thuthukan seliwah lan perapatan, makene gampang tengere. Taping apuwa magih akeh gendhing-gendhing Angklung sing duwe aran?
Ring kesenian Surabaya lan sak ubengane, ana umah gedhi (kabupaten) sak cokronegara. Ring njerone ana gendhing Cokronegara, Ijo-ijo, Walangkekek, lan sepiturute minangka kecamatan. Rada ngulon nyang Jawa Kulon, ana umah gedhi Ladrang. Ring njerone ana Ladrang Wilujeng, Ladrang Mugi Rahayu, Ladrang Pangkur, lan sepiturute. Mesthine Angklung ya gedigu.
Umah gedhine belendrong, ring njerone ana Belendrong Semalang, Belendrong Bolot, Belendrong Pasinan. Umah gedhine Giro, ana Giro macem-macem. Saben gendhing lan perinthilan paran bain kudu ditengeri nganggo aran.
Aran dadi sarana nggampangaken komunikasi. Arep nggesahaken gendhing makene sing kathik nyetel rekaman utawa ngunekaken bukakane gendhing, taping langsung nyebut aran gendhing. Kayadene rekaman ring kaset-kaset utawa YouTube sing kira kosongan, mesthi ana aran lagu. Kang kawitan Rehana, Ulan Andhung-andhung, sampek Kepodhang.
Aran uga tandha keraketan. Kadhung durung weruh arane, sing bisa nyapa, paran maning gesah. Mula kawitan kenalan kang ditakokaken dudu penggaweyan, wis duwe umah tah durung, sapa rabine, taping aran. Sapa aranrika? Buru pitakonan liyane.
Jare wong Jawa Kuna “asma kinarya japa.” Aran iku donga. Aran iku gambaran sapa isun lan rika, paran isine gendhing, impen lan kedadeyan paran kang arep disampekaken liwat gendhing kasebut.
Saya jeru maning, aran iku nggambaraken identitas. Sutejo, Sutinah, Sarijah, dadi tandha dhung hang kasebut iku wong-wong Jawa. Collins, Jack, Wood, tandhane hang kasebut wong luwar negeri. Manurung, Hasibuan, Silalahi, tandhane wong Batak. Wong Using saya unik maning. Aran Sarijah dadi Sarijuk, Inah dadi Inuk. Liwat aran-aran kedhaerahan iki mau wong Using bisa negesaken identitas. Isun wong Using, gedigi karakterisun.
Nyeremped nyang perkara kampus seni. Kanggo tujuwan nggawa kesenian nyang pekarangan kampus, nguweni aran gendhing lan perinthilane dadi pegaweyan penting. Dhasare, perinthilan paran bain kang ana ring seni iki mau kudu ditulis. Bisa kanggo sarana piwulang, ngaji (penelitian), utawa dokumentasi.
Masalahe, sapa kang arep nguwani aran (utamane gendhing lawasan)? Ndane kadhung ana sewijine seniman usul bakal ditampa ambi seniman liyane?
Kadhung using, aju solusine kelendi?
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : -
Editor: Antariksawan Jusuf