Petang Untung Anane Pasar Wit-witan

Moch. Anil Syidqi (dipublikasikan pada Selasa, 18 April 2023 08:24 WIB)
- Opini



Ring tulisan iki isun sing arep metani lan njelasaken paran iku Pasar Wit-witan, panggone ring endi, bukake kapan, merga wis akeh hang nulis. Dadi hang kepingin sun petani yaiku sekendi pentinge Pasar Wit-witan iku lan paran bain untunge kanggo masarakat, seni lan donya kelenceran (pariwisata) Banyuwangi.

Rika kabeh sepakat, yara, kadhung isun ngucap Banyuwangi gudhange panganan-panganan enak lan kawentar ring Jawa Timur. Merga sakat teka pecel pitik, uyah asem pitik (aran gaule ayam kesrut), sega tempong, sega cawuk lan rujak soto dadi andhalane wong-wong lokal sampek turis hang mara nyang Banyuwangi.

Liyane iku, jajan tradhisonal has Banyuwangi ya sak pirang-pirang. Ana tape buntut, apem, kucur, embel, bagiak, gedhang goreng sabun (utawa sale pisang) lan liya-liyane uga kesuwur pisan. 

Naming perkarane, ring jaman saiki rata-rata panganan tradhisonal Banyuwangi iku kaya kelangan umah. Nawi lebih gampil nemokaken sosis goreng timbangane sumping (ucap Jawane: nagasari). Kadhung sosis goreng nawi meh ring saben desa ana. Taping kadhung sumping, anane mung nong acara husus. Hang dodol saben dinane bain keneng diitung nganggo deriji. 

Ana maning sodhog, penganan teka lempog hang digoreng iku. Aperuwa goletana! Magih ana hang adol tah? Abete wis sewu siji hang adol.

Ale panganan tradhisonal has Banyuwangi iku bisa diucap sing kalah wenak ambi jajan pizza. Kejaba rasane enak, regane murah, nggawene ya sing ruwed. 

Kayatah awug, jajan hang digawe teka gelepung ketan, parudan kelapa lan gula abang iki seru enake. Nduweni rasa gurih teka parudan kelapa, manis teka gula jawa utawa gula abang. 

Hang sing kalah menarik pisan yaiku pecelan. Perinthilane ana 10 macem kuluban, aju dipangan bareng sambel kacang hang rada pedhes. Byek rasane has. Wenak pokoke. 

Serta weruh perkarane kaya hang wis dijelentrehaken, miturut isun, nong kene iki Pasar Wit-witan duwe peran penting lan penting seru. Kira-kira ana petang perkara utama, yaiku dadi wadhah, panggon konservasi, panggon wisata kuliner lan panggon geladhen.

Kawitan, dadi wadhah. Pasar Wit-witan bisa dadi wadhah kanggo ngawal pamor panganan Banyuwangi ring mata umum, punjere pasthi golongan nom-noman. 

Merga iku perkara hang kaping pindho yaiku dadi umahe olah-olahan has Using iku mau. Dadi Pasar Wit-witan iki ibarate kaya panggon nguri-uri aliyas panggon pelestarian penganan has Using (utawa lebih wera maning Banyuwangi) jaman bengen. Kadhung masarakat kepingin kulineran penganan tradhisonal, kasarane, wis langsung weruh tujuwane, yaiku Pasar Wit-witan. Sing kepedhot dalane.

Kaping telu, panggon wisata kuliner. Sak liyane panggon konservasi uga bisa dadi panggon wisata kuliner. Sing mungkir, Pasar Wit-witan wis ditekani sepirang-pirang uwong, lokal sampek turis. Merga iku Pasar Wit-witan duwe potensi gedhi dadi panggon wisata kuliner hang milu ningkataken pengasilane masarakat sak ubenge. Sing mung hang dodolan taping uga pelaku seni sampek tukang parkire pisan.

Kaping papat, Pasar Wit-Witan iku panggon geladhen kanggo para pelaku seni. Mula ring Pasar Wit-witan iku sak liyane dodolan penganan, uga nggelar panggung seni. Apike, para penampile iku rata-rata lalare hang magih sekolah, embuh SMP utawa SMA. Liwat Pasar Wit-witan iku lalare calon seniman-seniman kelas Banyuwangi iki nggeladhen keahliane, mentale lan rasa ihlase ngelakoni kegiyatan seni.

Mecungule Pasar Wit-Witan ning Desa Alasmalang pirang-pirangane wektu kepungkur mula sukses narik wigatine akeh kalangan. Sakat teka wong hang dhemen kuliner sampek media massa padha ngetutaken.

Serta ngemataken temenanan, Pasar Wit-witan kayane bisa dadi gaco istimewa kanggo babakan pariwisata Kabupaten Banyuwangi. Kerana iku, peran pemerintah dadi penting kanggo nyurung lan ngembangaken. Kadhung bisa, dimunculaken maning "Pasar Wit-witan liyane" ring liya panggonan ring Banyuwangi. Taping ring endi ana panganan kuna Using kaya Geseng menthok maning? Mayo digoleti.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Sumber gambar utama: kanal YouTube BTD Channel

Editor: Antariksawan Jusuf