Peyek
Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Sabtu, 29 Mei 2021 09:19 WIB)
- Kuliner
Peyek, salah sijine olahan hang ngerameni maceme panganan kaya pecel, kerawu lan liya-liyane.
Dina iki nak ngedum resep lan cara olahe peyek.
Bahan hang dibutuhaken:
1/2 kilo gelepung beras
2 on gelepung kanji
2 iji endhog
1/2 kilo kacang ijo, utawa teri cilik-cilik, geragu/ebi, kacang cina, kacang tholo, gadhel utawa liyane sak dhemene (kadhung nganggo kacang ijo, kacang tholo utawa gadhel, kudu diekum sulung sewengian makene empuk aju dietus sulung sedurunge dicampur ring adonan gelepunge)
Lenga keletik
Ragine:
10 iji kemiri
1/2 jempol kencur
5-7 bawang putih
2 sendhok mangan ketumbar alus
Rong gegem godhong jeruk purut bisa kurang utawa lebih sak dhemene
Uyah secukupe
Banyu secukupe
Carane olah:
1. Gelepung beras lan gelepung kanji diayak dadi siji makene alus lan rijig, diwadhahi baskom tah jembung hang gedhi.
2 Kemiri, kencur lan bawang putih digerus sampek alus temenan aju dicampuraken ring gelepung mauka.
3. Tambahana banyu secukupe, ketumbar alus lan uyah aju digaluh sampek rata lan dadi adonan rada encer.
4. Tilikana sulung, kadhung dirasa wis pas rasane, aju tambahana endhog, rajangan alus godhong jeruk purut lan uga lebokaken isiane peyek hang dikarepaken.
5. Saiki panasalena lenga keletik ring kompor hang murube genine sedhengan bain.
6. Kadhung wis panase cukup, adonan digoreng kelawan ndadar adonane sak cinthung ring pinggirane wajan watese lenga tipis-tipis.
7. Kadhung wis mateng garing buru peyek diangkat teka wajan, dietus lan diwadhahi toples
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.