Pizza Duren, Enak Dienggo Buka Puwasa

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Sabtu, 02 Mei 2020 09:56 WIB)
- Kuliner



Pageblug virus Corona saiki iki, ndadekaken wong-wong jenek ning umah. Paran maning serta pemerintah ngetokaken larangan metu hang sing ana gunane, uga mbatesi ketemu ambi wong liya. Kanggone Septi Wahyupeni hang duwe Cafe Palm Sugar ring Banyuwangi, kahanan iki ndadekaken iyane bisa meres utek nggawe panganan kanggo disungguhaken pelanggan cafene.

“Kawitane iku ana hang nantang, yaiku calon adhik ipenisun dhewek. Ambi mujudaken tantangan mau, kebeneran saiki usum duren. Mulai kepikir kelendi carane mampaataken duren iki kanggo panganan, kebeneran ring Palm Sugar iki duwe open pizza lan kawitan ana ring Banyuwangi. Teka iku mau mulai nyambung, kelendi carane duren dicampur nang pizza. Sak uwise bolak-balik nyacak lan gagal, saiki wis dadi Pizza Duren asli gawenane Palm Sugar Cafe”, gedigu ujare Eci celukane, njelentrehaken mula kawitane nggawe Pizza Duren.

Kadhung dipikir jeru maning, paran hang dilakoni Septi Wahyupeni iki has carane wong Banyuwangi nyampur panganan teka njaba ambi bahan liya. Mesti bain rasane beda ambi Pizza umume lan kanggone hang sing tau magih sewates angenan wis kerasa aneh. “Masiya umume pizza iku gurih lan ana hang nambahi pedhes, namin ana uga Pizza manis bahane teka nutella utawa sale soklat. Kadhung Pizza manis teka bahan duren iku arang, pantese bain buru ana iki”, gedigu ujare Septi.

Cafe Palm Sugar pancen nduwe tukang nggawe Pizza hang tau milu wong Itali ring Bali, iyane paham seru kelendi Pizza Itali sakbenere. Wayah kawitan buka, akeh hang seneng Pizza Palm Sugar hang ujude tipis lan garing. “Duren hang dienggo ndhuwure (toping), asli tanpa campuran lan digawe fla. Aju ditambahi keju, soklat lan marshmellow. Iki cocog seru kanggo wong hang dhenen mangan duren, paran maning duren iki aseli teka Segobang”,  jare anake Pelukis S. Yadi K iki.

Kanggone hang puwasa lan sing kathik metu teka umah, Pizza Duren iki bisa dipesen online. Iki keneng dienggo buka, rasane hang manis legit lan sampek amber ring nduwure pizza mau. Kanggo hang sing dhemen manis, pizza duren sing kariya manis seru, merga wis dicampur penyeimbang kaya keju, coklat, marshmellow lan cheddar.  

“Regane murah, sak loyang Rp. 55 ewu. Biyasahe hang pesen Pizza Duren, ambi sekalian pesen Ekado lan Smoothies Bowl. Kadhung kepingin dipangan ring umah rame-rame, kanggo buka puwasa uga seru tepake. Pesen bain liwat online, buka jam 09.00 sampek jam 21.00 bWIB” merga ana pagblug Covid-19”, pungkas Septi.

 

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf