Anggitane: Nur Holipah
(Minggu, 04 Mei 2025 06:41 WIB)

Pungkase Welas Panji Gimawang


Mula wis dadi kaweruhe wong akeh, kadhung welase wong tuwek nyang anake sing kira nemu watese. Paran bain sasate gelem dilakoni kanggo nyenengaken atine anake. Masiya tah wis kudu totohan nyawa. Ibarate kaya kudu nyebur sumur, nyebur jurang, kadhung iku dilakoni enggo nggayuh senenge anak, bakal dilakoni.

Welase wong tuwek nyang anak sing bisa kaitung. Sakat anak lair nangis cemuwer, digendhongi nung gembolan ngalor ngidul, ngetan ngulon, sakat buru melaku ditetak sampek anak bisa pelayonan, sampek emak bapak nana umure. Sakat dikudang-kudang, mangan didulang. Kira-kira gedigu iku dawane welase wong tuwek.

Sepira hang wis dilakoni anak enggo mbalesi paran-paran hang wis dilakoni wong tuwek, sing kirane bisa gadug. Sing kirane padha. Kadhung wis wong tuwek njaluk paran hang sekirane bisa dituruti anak, bisa bain anak ngelakoni golet senenge atine wong tuwek.

Wis sing kaitung taun, emak apakisun ninggal donya. Taping masiya wis wujude singana, welase magih nancep ana ring jerone dhadha. Kala-kala pas liyep-liyep ape kesirep, isun mesthi ketekan Emak lan Apak. Keloron kaya ngeloni isun, lungguh ring pinggir pelanca ambi ngusuki isun. Emak nembang makene isun bisa kesirep gancang.

Bengen sakjege magih kelorone seger, paran-paran hang sun jaluk angger mesthi dilakoni. Sampek wong-wong sak Tegaldlimo iki ngirane gok anake emak lan apak iki mung isun. Nana Kang Waiso Janur, nana Kang Waiso Suro. Daya tah, welase emak apak nyang anak-anake iki mesthi padha. Paribasan mara-mara emak lan apak mulih teka sawah ulih bentul utawa parabungkil liyane, mesthi bain diolah lan diseg-aken dikroyan bareng-bareng.

Saiki sampek isun perawan gedigi, uripisun mung jak ketelon ambi Kang Waiso Janur lan Kang Waiso Suro. Nong umah gedhekan pinggir sawahan hang paceke ditanduri pari.

*

Teka kadohan katon Kang Waiso Janur ambi Kang Waiso Suro ngamplag, mung nganggo seruwal amoh hang kebek endhut. Sikile wis kecelep nong kedhokan hang mari disingkal. Keloron pacul-pacul maculi galengan. Isun melaku ambi ngindhit welasah; banyu ana ring kendhi ambi kuluban sawi magih anget. Tengah dina, mula wayah-wayahe wong ngelak cemeklak, weteng elom melompong.

“Kang, ngepos sulung....” abanisun, awe-awe ambi lungguh ring pinggir galengan.

Keloron aju agage wisuh ring peloncoran. Tangane hang kebek endhut gancang dipesud. Kang Suro lungguh semendhe ring awake wit kelapa, ambi rada kunjur. Sedheng Kang Janur lungguh lemekan suket-suketan ambi ngundha ambekan. Sun elungaken kendhi nyang Kang Suro, iyane sak kal nggelegek sing kathik lumur. Sak umur-umur mulane isun sing tau, sepisana bain nggawa lumur kala ngateri kakang-kakangisun.

“Dhik, iki kari sak kedhokan ana hang elor kau. Aja endak nggelinting Sira ya!” pesene Kang Janur.

“Iya Kang...” Jawabisun ambi muputi kul hang ana ring golokan.

Kang Suro ambi Kang Janur nutugaken kecap-kecap, mangan kuluban sawi.

“Isun sing mulih bain wis Kang. Hun anteni sak marine Rika keloron wis. Isun ape muputi kul iki bain, engko soren keneng enggo musuhrika madhang.”

Kang Suro ambi Kang Janur langsung tulih-tulihan keloron. “Selendhangira?” takone, emeh barengan.

“Hang Sun enggo kudhung iki paran Kang?” ucapisun ambi nduding selendhang kelir abang hang sun enggo ngudhungi endhas. Daya, kelalena ya umah parek. Kari melayu, dijuwut ya bisa.

“Eeh iya, sing katon. Keterak serngenge iku paran Dhik..” Abane Kang Suro.

Sakmarine ngepos sedhela, kakangisun nyebur kedhokan maning. Gelis-gelisan maculi galengan.

Selendhang hun coplok. Sun kelibasaken mendhuwur. Selendhang abang, teka kadohan kaya ula Naga hang monceraken urub geni teka cangkeme. Isun ambi merem cemit-cemit, maca-maca hang kudu sun waca. Kang Suro ambi Kang Janur  ring pinggir galengan lungguh silah, ambi ndonga nyang Pengeran.

Srooeeeett......

Sawah tinggalane Emak lan Apak, wis arupa sawah hang wis ditanduri winih pari. Kang Janur lan Kang Suro ngucap sukur sing mari-mari. Sing perlu isun mungkruk-mungkruk, nyulepaken winihan hang wis dibibit nong kakang-kakangisun.

Pirang-pirangane taun, isun ambi kakangisun—ketelon mula urip teka sawah lan kedhokan tinggalane apak lan emak. Ring emak, isun ditinggali selendhang hang kawitan, isun sing ngarti kanggone paran.

*

Samarwulu wis teka. Isun ngurubaken damar telempik. Kaya biyasahe isun lan kakang-kakangisun mesthi lungguh-lungguhan nong pelanca ngarepan ambi nyawangi ulan lan lintang. Kaya-kaya sunare hang padhang merupa esemane emak lan apak hang sing mati dipangan jaman. Sing uwah diterak wayah.

Teka kadohan, katon kelap-kelip kaya ana oncor hang melaku mareki isun lan kakang-kakangisun. Teka kelibete isun paham gok iku Mbah Buyut.

Sakat pirang dina kepungkur Mbah Buyut kerep sanja nyang umah.

*

“Beng, Sira yara weruh kelendi tingkah polahe Panji Gimawang. Ana tah hang kurang?” Abane Mbah Buyut tengah dina, lungguh sila gesah keloron nyang isun kala Kang Janur ambi Kang Suro ibuk nong sawahan.

“Umpama mula Sira sing ana welas nyang Panji Gimawang, sing paran-paran. Taping endane Sira sing gelem nulungi Panji Gimawang? Sawahe wis ape usum tandur iki Beng...”

“Perkara nulungi, Kula saged mawon Mbah. Hang penting pas Kang Suro kalih Kang Janur mboten enten teng nggeriya. Kula saged nyelindhut...” Isun njelentrehaken.

“Mbah, Isun iki madak polahe paran tah! Setemene Isun ngucap syukur temenanan, weruh nyata-nyata Kang Panji Gimawang gelem nulih Isun. Paran maning, iyane nduweni niatan umah-umah nyang Isun. Taping.......” Isun sing nutugaken ulihisun ngomong, kesandhet ana ring gorokan.

“Kang Suro kalih Kang Janur iku Mbah hang mboten saged ngikhlasaken adhine dirabi kalih Kang Gimawang...” Isun temungkul, enget kasunyatan kari gedigi.

Sapa hang sing weruh pethithete Kang Panji Gimawang? Lancing Sukonatar, bagus lan apik atine. Sing melid, iyane awehan seru masiya jare sawahe sepirang-pirang, sugih hang sing nemu enteke. Gelem ngejak gesah nyang buruh-buruh tanine. Gelem nyebur kedhokan, masiya jare sugihe sing ketulungan. Isun ya weruh dhewek, angger tangga-tangga mulih teka sawahan ambi ati hang bungah angger sun takoni.

“Bik, kari bungah yuh abete?” abanisun ambi nyapu-nyapu latar.

“Ya iya. Panji Gimawang gok ngupahi madak terima sithik. Mula sing adhem rasane ati wis?” jawabe bibik-bibik hang angger liwat ngarepan umah.

Panji Gimawang sepisan pindho sampek teka nyang ngimpinisun. Saben teka nyang umah, Mbah Buyut mesthi negesi gok Panji Gimawang emong rabi kadhung sing ambi isun. Rasane ati adhem rungu cerita kaya gedigu, taping sekabehane iku langsung ilang kala Kang Suro utawa Kang Janur muni gok emong duwe ipe Panji Gimawang.

“Sira aja gelem dibudhuh-budhuhi. Panji Gimawang iku mung ngamet enake bain! Weruh selendhangira hang sakti! Sepisan bain Sira wani nekani Panji Gimawang, AWAS!” Kang Janur ambi Kang Suro ngancem-ngancem temenan.

“Beng, aja matawalangen digu yaraa... Kelendi temune?” Mbah Buyut mbuyaraken lamunanisun. Iyane terus nembang makene isun gelem mara nyang sawahe Kang Panji Gimawang.

Isun sing mentala nulih Mbah Buyut hang wis pirang dina iki seja sanja nyang umah. Njaluk pitulunganisun. Abete kesuk Kang Janur ambi Kang Suro arep rabas-rabas galengan. Tengah dina sak uwise ngateri, isun kayane bisa alesan sing nulungi.

*

Serngenge ana ring tengah-tengah mega.

Sawahe Kang Panji Gimawang mula jembar lan sak weran-weran. Sekirane mburuhaken uwong enggo tandur, kira-kira pirang-pirangane dina sing bakal mari. Teka kadohan katon uwong-uwong mungkruk-mungkruk nung sawahane Kang Panji Gimawang. Sak kedhokan digarap ana nawi wong lima. Katon Mbah Buyut kaya nenger-nenger lan nganten-nganteni tekanisun. Isun sakkal bain nyebur kedhokan, merga Kang Panji Gimawang sing ngucap paran-paran. Mung eseme bain hang hing bisa disengidakaken. Iyane lan Mbah Buyut lungguh ring paglak.

Sing sepira suwi, selendhang sun uthak mangkat sun kiblasaken mendhuwur. Kabeh uwong-uwong hang ana ring kono pating nulihi tingkah polahisun. Ana hang cemit-cemit, ambi mercing-mercing nahan sunare serngenge ambi ngetutaken lakune selendhang, ana hang ngadeg nong tengahe kedhokan ambi magih nggegem winihan pari.

Kabeh uwong hang ana ring sawahan, meneng cep sakuwise sadhar gok kedhokan-kedhokan hang digarap wis ketanduran pari.

Isun langsung pamitan mulih. Wedi nawi mara-mara Kang Janur lan Kang Suro nututi nyang Sukonatar.

*

Sak ulan. Rong ulan. Telung ulan. Petang ulan. Mbah Buyut teka maning nyang umah. Emane tepak Kang Janur lan  Kang Suro ana ring sawah.

“Iki wis wayahe nggampung Beng. Panji Gimawang njaluk tulung maning nyang Sira...” Isun sing kathikan mikir suwi-suwi. Pumpung kakang-kakangisun ibuk nong sawahan.

Keloron, isun lan Mbah Buyut mangkat nyang Sukonatar.

Kalingana ya saben kedhokan wis ditandangi wong lima. Kabeh padha ngerit damen hang parine wis nguning. Mula wayahe digampung. Kang Panji Gimawang muputi eritan pari-pari digawa nyang kulone paglak. Isun milu nyekel arit nyang kedhokan. Sun eriti kaya dene uwong-uwong liyane hang ngeriti damen. Sing mandak sun kelibasaken selendhangisun, masiya tah wis uwong-uwong ya wis weruh kabeh gok ananisun enggo nulungi nggampung jalaran selendhangisun hang sakti.

Angin semilir. Selendhang hang sun enggo kudhung melamuk. Sun etutaken lakune selendhang iku mauka, sampek jangkahisun gadug nong galengan pareke paglak.

“Kang Panji sepurane, nak njuwut selendhangisun..” abanisun rada isin-isin. Panji Gimawang sing agage nguwakaken selendhangisun.

“Meriniya Dhik, juwuten dhewek kek,” abane Kang Panji sing gelem nguwakaken.

“Mboten. Rika uncalaken sing paran-paran Kang.” jawabisun.

“Using, juwuten dhewek sing paran-paran Dhik.” abane Kang Panji.

Isun munggah paglak, ngati-ati. Terus diajak gesah rada akeh ring Kang Panji. Ya padha takon-takonane. Atinisun sing mari-mari kemesar diajak gesah keloronan. Dheredhegan.

Sing weruha teka kadohan, kakang-kakangisun wis ngadeg malangkerik sing terima.

Atinisun sakkal mengkered weruh Kang Suro mareki isun. “Sira iki kari mbeleng diwarah!”

“He, Panji Gimawang. Wani-wani ne Sira!” Abane Kang Janur ambi nduding-duding. Uwong-uwong sak sawahan ngendhegaken ulihe tandang gawe. Pating sengidan, keweden.

“Apuwa sing wani? Welasisun dudu api-api,” Kang Panji Gimawang semaur sak mantepe ati.

“Mudhuna Sira!” Perintahe Kang Suro nyang isun. Selendhang magih sun cekel, rada gemeter.

“Aja,” abane Kang Panji hang wis nyegah lakunisun. Karepe ati wis ape mara nyang Kang Janur lan Kang Suro makene sing ana kedadean hang sing sun karepaken.

“Wani Sira menging? Sira sapa?” Kang Janur saya ndadi.

“Gujrah getih Kula lakoni Kang, umpama niku ndamel Ndika keloron percados nyang Kula...” Kang Panji Gimawang saya nantang.

Kang Janur, Kang Suro ambi Kang Panji Gimawang tandhing ketelonan. Dhewek-dhewek padha ngetokaken gamane. Wujude wong tukaran sing katon mata. Lakune wong tukaran kaya dene puserane angin. Waaaang weeeng waaang weeeeng.

Uwong-uwong padha pelayonan kedhungsang-dhungsang ninggalaken sawahan. Damen-damen ulihe ngerit pating melamuk. Gabah pating semembur. Silire angin saya nganteraken.

Getih ceceran nong endi-endi. Isun sengidan ring mburine paglak, ndonga nyang Gusti Pengeran makene gelis adhem atine wong ketelon. Atinisun saya ciut rasane weruh awake Kang Janur ketunceb kerise Kang Panji Gimawang.

Weruh Kang Janur mati, Kang Suro sing terima-terima atine. Tangisisun sing bisa sun sengidakaken.

“Kang, wis cukup. Aja sampe ana getih keleler maning.  Uwis Kang...” Abane Kang Panji Gimawang wis kepingin marekaken tanpa ana paten-patenan maning. Wis cukup Kang Janur bain hang mati.

Tanpa nyemauri paran-paran, Kang Suro cemit-cemit. Tangane karo-karone ngepel. Angin semilir saya anter.

Hiyaaaaatttttttttttttttt........ Kang Suro maju maning. Paglak melamuk. Sawahan wis sing kakaruwan. Kabeh miber, melamuk nyang endi-endi.

Isun wis udan banyu mata. Abane pedhange Kang Suro tandhing musuh kerise Kang Panji Gimawang.

Aaaaaaaaaarrrgggghhh... Suwarane Kang Panji Gimawang. Pucuk pedhange Kang Suro ngenengi lengene Kang Panji. Sakwetara tangan tengene kang Panji nyudukaken kerise nyang wetenge Kang Suro. Kang Suro ya semono uga, pedhange hang landhep ditembusaken nyang wetenge Kang Panji Gimawang. Keloron gemelethak gujrat getih ambi gaman hang magih temanceb ring wetenge.

Isun njerit sak kuwatisun. Angin nerak anter. Cumpleng. Mung kari isun, nangis geruh-geruh nana hang wani nulung.#

 ** 2016. Cerita iki sumbere teka Buku Cerita Rakyat Banyuwangi (ana ring SMPN 1 Banyuwangi), hang diceritakaken Pak Hasan Basri.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Cerita Cendhek

Editor: Nur Holipah