Pungsi lan Nilai Budaya Basanan Banyuwangi (2)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 15 Oktober 2024 08:03 WIB)
- Opini



(Sambungane teka 1)


3.  Asil lan Bahasan

Miloni data kang ana, basanan Using gunane bisa minangka nasihat, sindhiran, ewer utawa hiburan, nyatakaken rasa ati,
ngelem, ngengetaken wong kudu sabar lan ndhidhik. Sakteruse iki gunane basanan Using.

3.1   Gunane Basanan Using

3.1.1   Nasihat

Nasihat iku ajaran apik, wekas (hang nduduhi, wewarah, pengenget) kang apik (KBBI, 2003:775). Ring masarakat Using ana pirangane basanan kang gunane kanggo ngewani nasihat nyang sewijine uwong. Basanan iku biyasahe dienggo wong tuwek nyang anake, embah nyang putune, wong hang tuwekan nyang wong hang enoman, lan liyane. Iki tuladhane.

(1)  Poh kuweni sempal gagange
         Banyu mili ngetan arahe
       Aja wani nang wong tuweke
         Persasat wani ambi pengerane

Basanan (1) minangka nasihat nyang wong dikongkon nurut manut lan bekti nyang wong tuweke. Wong tuwek (apak lan emak) minangka jalaran anane lare lair nang donya iki. Engkene hing ulih wanen lan duraka nyang wong tuwek. Wani utawa duraka nang wong tuwek padha bain wani lan duraka nang Pengeran.

3.1.2   Sindhiran

Sindhiran iku omongan (bisa gambar lll.) kang maksud nyindhir, ngeritik, nyacat lan ngewadani wong liya (KBBI, 2003:1069). Ring masarakat Using basanan kang sipate nyindhir kerep dienggo ring wong tuwek nang wong tuwek liyane, wong tuwek nyang wong kang lebih enom lan wong enom nang wong enom liyane.  Iki tuladhane.

(2)  Tenong-tenonga
            irig kemureb
       Ngomong-ngomonga
            ngelirik bain sing arep


Basanan (2) minangka sindhiran nang wong kang sombong, ladak merga hing gelem nyapa.


3.1.3   Ewer utawa Hiburan

Ewer utawa hiburan minangka cara kang sipate ewer, lucu lan ndhemenaken utawa ngibur.
 Basanan iki kerep ditujokaken kanggo lare-lare cilik, lare nom-noman lan wong tuwek. Basanan  iku biyasahe dienggo memengan. Iki tuladhane:

(3)   Nandur bawang ning Keluncing
        Untune guwang disepak kucing

Basanan (3) nggambaraken lare hang nyindhir kancane merga untune coplok disepak kucing.

3.1.4   Nyatakaken rasa ati

Ring masarakat Using, nguntabaken rasa welas utawa rasa sayang liwat basanan iku wis biyasah. Nyatakaken welas liwat basanan dirasa lebih sopan lan nduweni kesan timbang nganggo omongan biyasah. Basanan iki kerep dienggo ambi lare nom-noman. Iki tuladhane.

(4)    Ana kidang kalungan sutera
         Hang sun sayang ya mung rika

Basanan (4) minangka nguntabaken rasa welas nang wong hang diwelasi. Tuturan iku nduduhaken gok wong hang diwelasi ya siji-sijine ya iyane hing ana wong liyane.

(Ana sambungane)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor