Puwasaan Magih Olahraga?

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 15 April 2022 13:55 WIB)
- Opini



Apuwa? Apuwa puwasaan magih olahraga?
Kelendi semaure kang Beny Yusron, Ketua alumni ITB Banyuwangi gedigi:

"Arepa Ramadan tah sing, isun butuh olahraga," jare kang Beny hang asale teka Lateng Banyuwangi.
Apuwa gok isuk?
1. Kadhung isuk iku magih sepi durung akeh wong seliweran. Biyasahe wong-wong iku marek subuhan turu maning, paran maning kadhung magih kawitan puwasa. Kanggonisun, marek suruk (serngenge melecir) seru emane kadhung hing dimanpaataken kanggo olahraga.
2. Lalu lintas montor magih sithik. Dadi enak dienggo kelinteran melibengi Jakarta.
3. Energi lan banyu hang ana ring awak magih akeh, merga magih parek teka saur.
a. Apuwa hing marek buka bain? Isun wong hang dhemen meruput. Kadhung dalu rada aras-arasen olahraga. Aju dalu ya ana ibadah bengi hang istimewa yaiku teraweh.
b. Kadhung ngarepaken buka kelendi? Isun iki rada aras-arasen muter-muter komplek merga bosen, dadi ya kudu ngelinteri Jakarta. Kadhung ngarepaken buka, lalu lintase seru ramene. Paran maning nggarahi hing enak, wayahe buka magih keringetan. 
4. Hing ngelak? Ngelak iku minangka jawabane awak iki merga kurang banyu. Kadhung suwene isuk ring Ramadan, isun bisa ngatur jarak melayu/sepidhahan hang hing ngelebihi kapasitas awakisun ya hing paran-paran. Kadhung istilahisun:  manageable thirst (ngelak hang bisa diatur). Alhamdulillah sampek wayah buka, isun magih bisa aktipitas kaya biyasahe. Hing mung melungker nganteni buka puwasa.
5. Saben Ramadan mesthi olahraga? Iya. Iki dudu kawitan isun ngelakoni olahraga sak dawane Ramadan. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor