Quran Basa Using Kelendi Kabare?
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 22 April 2022 08:45 WIB)
- Opini
Ring bungase taun 2018, isun diejak gesah ambi dosen IAIN hang saiki dadi Universitas Islam Negeri (UIN) Kiai Haji Achmad Siddiq (KHAS) Jember Kang Haji Didin tepak iyane nggawa draft Terjemahan Quran Basa Using (tepak iku magih ditulis Osing) nong Jakarta. Isun ya rada kemesud, merga proses alihbasane wis marek digarap lan mung mbutuhaken wektu kira-kira rong ulan.
Ring prosese iku, alih basane ditawakaken nyang 30 wong, sak uwong ulih sak jus taping mung wong 17 hang sanggup lan ana 30 wong validator. Wong-wong hang milu ngalih basa iki rata-rata lulusan pondhok, keluwarga wong Using hang ngerti basa Arab. Kriteriane: paham gramatikal Arab (Nahwu, Sharaf, Balaghah, Tafsir & aseli wong Using). Kanggo gramatikal Using dikonsultasi nyang ahli bahasane.
Paran bain alangane? Kadhung ndeleng ucap-ucap basa Using hang ana ring kamus Bahasa Daerah Using-Indonesia garapane ruwahe Pak Hasan Ali (hang wis digawe versi online ring belambangan.com lan versi androide wis ana ring playstore) akehe ucap-ucape mung kira-kira 24.000 (umpamane hang durung kecathet ring kamus ana 24.000 ucap maning totale buru 48.000), sedheng basa Arab jare Ustad Quraish Shihab, nduweni 12 juta ucap, rasane ngalih basa kelawan arti hang cukup kaya target hang mohal. Mula bener 12 juta ucap iku hing kabeh dienggo ring Quran. Taping mesthi akeh ucap-ucap hang kudune hing bisa digoleti maknane kelawan nganggo sak ucap kelawan arti sak ucap.
Hang paling gampang bain, ucap Pronomina Persona (kata ganti orang) ‘mereka’ paran basa Usinge? Jare Kang Didin, magih ana 139 ucap hang durung diweruhi padhanane. Durung maning njaga, kelendi basa Usinge hang kerasa Using lan dudu Jawa? Ring ngingsor hun duduhi asile salah siji conto alih basane lan kelendi kadhung didileng nganggo aturan lan rasa basa Using tulis.
Siji maning, tepak iku, Departemen Agama hang nduwe proyek iki, arep nggawe seragam tata ejaane hang wis baku. Isun wis wekas nong Kang Didin supaya nganggo rujukan Ejaan hang wis disusun ring Pak Hasan Ali hang wis diwulangaken ring sekolah-sekolah. Polae sak liyane Pedoman Ejaan Basa Using Baku pak Hasan Ali, ana maning hang ditulis ring ruwahe pak Endro Wilis hang nduweni judhul "Cara Penulisan dan Pengucapan Kata-Kata Belambangan." Kadhung Pedhomane pak Hasan Ali nganggo cara alfabet Latin, hang ane pak Endro nganggo pendekatan teka tulisan Jawa (hanacaraka).
“Mula abot...niki kudu ati-ati mane mboten melenceng maknane dugi makna asli ayate,” jare kang Didin.
Program penerjemahan Quran Kementrian Agama RI nang basa dhaerah saiki wis ana 33 Quran basa dhaerah. Hang pungkasan dilaunching basa Aceh ring UIN Ar-Raniry, Basa Kaili Palu-Donggala IAIN Palu lan Basa Sunda ring UIN Bandung.
Hang nggawe kemesud kaping pindho, mara-mara sore (21 April 2022) ana kabar gok ring Hotel El Royal, dianakaken Focus Grup Discussion (FGD) Finalisasi Terjemah Quran Bahasa Using Banyuwangi. Kerjasama Kemenag RI, UIN KHAS Jember lan Pemkab Banyuwangi.
Acarane ditekani ring Dr. H. Zainut Tauhid Saádi, M. Si (Wakil Menteri Agama RI), Prof. Dr. Arsykal Salim, GP, M.Ag (Kepala Puslitbang Lektur Kemenag RI), Prof. Dr. H. Babun Suharto, SE, MM (Rektor UIN KHAS Jember), Prof. Dr. Khusna Amal, M. Si (Dekan FUAH UIN KHAS Jember) lan uga Bupati Ibu Ipuk Fiestiandani Azwar Anas.
Hang kerasa rada kesemplok, Ketua Dewan Kesenian Blambangan Kang Hasan Basri. Iyane ngomong gok iyane hing milu-milu ring proses penerjemahane. “Kadhung ana wong-wong hang ngersula bab isi Quran terjemahan iku, kene hing milu tanggung jawab,” gedigu jare Kang Hasan Basri. Mula hang dadi pitakonan, sapa hang dadi konsultan bahasane? Kadhung temenan Ejaan Baku Bahasa Using hang dienggo rujukan, wong-wong hang milu ubred nggawe Kurikulum kanggo diajaraken ring sekolahan, nggawe materine kayata kang Hasan Basri dhewek, Mbok Nani Asiany, Kang Juwono lan liyane diejak ring proyek iku.
Kelendi asile FGD mau? “Penerjemahan Quran Basa Using magih diterusaken kelawan ngundang kabeh elemen hang bisa nyempurnakaken,” gedigu jare kang Didin.
Conto asil alih basane, Quran Using mau salah sijine: surat An Nas (ditulis percis kaya ring draft cetakan sampek titik komane).
AL-Nas
Makkiyah
Surat ke-114 : 6 ayat
Kelawan nyebut arane Gusti Alloh Kang Paling Pemurah tur Kang Paling Welas
- Ngomongo ira (Muhammad); “Hun Nyuwun Lindungan Dhumateng Pengeran Hang Nguasai Menungso
- Rojone Menungso
- Gusti Allohe Menungso
- Teko Kejahatan setan hang biasa sengidan
- Hang bisikno kejahatan nang atine menungso
- Teko golongane Jin lan Menungso
PUNGKASAN
Al Quran diawali ambi surat Al Fatihah hang yaiku : supoyo menungso jaluk petunjuk nang dalan hang kenceng lan jaluk pitulungane Allah SWT lan diakhiri ambi surat An Naas hang nganjurno supoyo menungso jaluk perlindungane Allah teko kejahatane Makhluk.
Komentarisun: kadhung hun waca, naskah iki magih perlu diedhit maning. Umpamane:
- Soal ajege nganggo tulisan /Alloh/ tah /Allah/. Al-Nas tah An Naas tah An Nas hang endi hang bener?
- Alih basa Bismillahirahmanirrahim, ucap /Paling/ mesthine bisa disiluri ambi Maha.
- Ejaan /menungso, rojone, teko, bisikno/ kadhung disetujoni nganggo Ejaan Pak Hasan mesthine dadi /menungsa, rajane, teka, bisikena/.
- Melebu campuran ucap-ucap Jawa. (a) Ucap /tur/ ring kamus basa Using artine ‘padahal’ ring kene artine ‘lan’. (b) Ucap /Dhumateng/. (c) Ucap /nyuwun/ masiya ana ring basa Using hang artine njaluk, taping hang lebih pas nganggo ucap /nedhi/ (d) petunjuk wis ana basa Usinge yaiku pituduh.
- Ucap /ira/ iki ucap hang kategorine dienggo percakapan, mesthine nganggo /hira; sira/. Padha ambi /hun/ hang lebih formal tulis mesthine /isun/.
- Ucap /jin/ nong basa Using anane /jim/.
- Ucap /nguasai/ mesthine /nguwasai/.
- Tanda baca magih njaluk diedhit.
- Kadhung isun mbecikaken nganggo ejaan baku lan sithik-sithik ucape dadi gedigi:
Surat ke-114 : 6 ayat
Kelawan nyebut arane Gusti Allah Kang Mahawelas lan Mahaasih
- Ngomonga Sira (Muhammad) “Hun nedhi lindhungan ring Pengeran Hang Nguwasai Menungsa”
- Rajane Menungsa
- Pengerane Menungsa
- Teka kejahatane setan hang sengidan
- Hang mbisikaken kejahatan nang atine menungsa
- Teka golongane Jim lan Menungsa
PUNGKASAN
Al Quran dikawiti ambi surat Al Fatihah yaiku: makene menungsa njaluk pituduh nang dalan hang lurus lan njaluk pitulungane Allah SWT lan dipungkasi ambi surat An Nas hang ngewarahi supaya menungsa njaluk lindhungane Allah teka kejahatane Mahluk.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.