Ragi Lomba Ndongeng 2020

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 04 Januari 2021 08:24 WIB)
- Opini



Paran hang anyar teka Sengker Kuwung Belambangan (SKB) taun 2020 sore? Lomba Ndongeng kanggo lare sekolah.
Dienggo salah siji wadhah nguri-uri basa Using, SKB wis ngumumaken Lomba iki sakat ulan Juli, aju diumumaken tanggal 27 Desember sore. Apuwa kari suwi? Merga ngewani wektu kanggone wong-wong kabeh milu mbiji lalare hang milu kelawan ngewani like ring pideone. Hang paling akeh ulih like, bisa menangaken hadhiyah Penghargaan Hasnan Singodimayan arupa plakat lan tambahan picis 500 ewu.
Lomba Ndongeng iki mula hang kepisan dianakaken, muga-muga mengarep saben taune ajeg dianakaken. Ndeleng kemajuan jaman saiki, saya akeh lalare hang dhemen nggawe pideo lan nyekel telepon cekethem (hp) dadi salah siji pertimbangan dianakaken Lomba iki.
Merga pageblug, lalare hang bengen paceke dipenging nyekel telepon saiki malah dikongkon sinau njero kawat (daring) nganggo telepon. Dadi kekarepane, lalare hing mung pasip nganggo telepon taping bisa aktip milu ngunggah dongenge. Ring donya nyatane mula makene katon apik tampilan domgenge, hing sithik wong yuwek utawa wong liya hang cawe-cawe milu mroduksi dongenge makene dadi lan apike.
Dongeng setemene donya hang parek ambi lalare. Sakat cilik lalare didongengi wong tuweke tepak mapan turu. Teka dongeng sedurunge turu iki cerita-cerita jaman bengen sedurunge ana kebiyasaan tulis lan pideo, wong tuwek nyeritakaken sejarah-sejarah bangsane turun temurun. Mula minangka dongeng dadine sejarah dadi buledan ambi hayalane wong dhewek-dhewek.
Sak liyane sejarah, akeh dongeng-dongeng lokal hang diduweni minangka aset lokal hang bisa lestari. Ring Banyuwangi, umpamane cerita-cerita lokal hang didongengaken ana asal-usule aran panggonan kayata Watudodol, Gumuk Banteng, Penataban, Boyolangu lan liya-liyane.
Utawa dongeng-dongeng hang ceritane nduduhaken pethithet hang kudu dipilih lalare, pilonana hang apik, buwangen hang elek kayata Kik Edhor, Panji Gimawang, Sritanjung Sidapeksa lan liya-liyane. Utawa dongeng biyasahe hang didhemeni lalare cerita kewan-kewan: Kuntul lan Bergul, Munthung lan Runten, Pitik cemeng lan Kuwuk lll. Ring Lomba iku ana lare hang ngangkat cerita hang wis umum ring lare Indonesia yaiku Timun Emas lan Kancil lan Bajul.
Kelawan anane Lomba iki, diarepaken njumbul cerita-cerita liyane hang has wong Using lan merujukaken kreatipitas lalare anggone nyeritakaken dongeng hang diweruhi lan tau dirungokaken. Lalare uga saya akeh sinau basa Using kelawan nganggo ucap-ucap hang mula basa Using.
Ring penilaian juri ana telung bab hang dibiji: 1. Ekspresi, lalare kudu ndongeng, dudu maca dongeng. Lomba iki arane Lomba Ndongeng dudu Lomba Maca Dongeng. Masiya hang digawa setemene dongenge uwong liya, taping mesthine lalare kudu bisa ndongengaken ceritane. Dadi karakter hang diceritakaken ring dongeng bisa metu.
2. Lebih apik kadhung dongenge, ceritane  dhewek, taping nganggo ceritane wong liya hing paran-paran. Cerita lare-lare mesthine akeh hang nganggo cerita kewan-kewan dudu ceritane wong tuwek. 
3. Merga iki Lomba Ndongeng Basa Using mesthine ya akeh ucap-ucap hang nganggo basa Using dudu basa liyan. Lan kudune ciri has basa Using bisa metu ring kono.

Ring Lomba kawitan iku, peserta hang akeh mula lare SD, dene lare SMA mung loro lan SMP uga loro. Sak mesthine hang arane Lomba hang ana juwarane 1,2,3 paling sithik ya lare lima sak kategori makene ana kompetisine. Dadi hang lare SMP lan SMA didadekaken siji.
Kayane cocoge Lomba Ndongeng iki mula dianakaken kanggo lare SD. Polae ring Lomba SKB liyane, yaiku Lomba Nganggit Cerita Cendhek Basa Using, wis sakat pirangane taun, kategori SD wis sing ana polae sing tau ana hang milu. Namung ring Lomba Ndongeng, akeh hang milu. Dadi bisa bain mengarepe, Lombane Ndongeng iki kanggo lare SD bain. Ring sekokah, lalare iki uga ana pelajaran basa Using.
Sore iku hang dadi juwara, kategori SD:
Terbaik 1: Kahfinzu Rivy Nafts Fi'ru Abdi (SDN Model), kelawan judhul: Timun Emas.
Terbaik 2:
Abdullah Azwar Anas Junior (SDN Kemiren), kelawan judhul: Dicokot Barong.
Terbaik 3:
Rilya Zahra Kholifa (SDN Lateng) kelawan judhul: Ceritane Corona.
Kategori SMP/SMA:
Terbaik 1:Vidya Dzurotun Nafis (SMPN Glagah) kelawan judhul: Kembang Peciring
Terbaik 2:
Herfan Efendy (MTs Ibrahimy) kelawan judhul: Lumbung ring Kampung Papring.
Terbaik 3:
Arwan Mashuri (SMKN Glagah) kelawan judhul: Iwak Layur.
Arwan iki uga hang ulih like paling akeh dadine iyane ulih pisan Penghargaan Hasnan Singodimayan.

Muga-muga ring taun mengarepe saya akeh hang milu, saya akeh hang ndongeng, saya akeh hang nganggo basa Using.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.