Rawon Alas Diwadhahi Ethuk, Nggarai Manthuk-Manthuk
Hasan Sentot (dipublikasikan pada Jumat, 10 Januari 2020 18:25 WIB)
- Kuliner
Kanggo rika kabeh hang manggon sak ubenge Kecamatan Singojuruh, utawa hang nang kadohan ketepakan mulih nyang tanah kelairan, acak pas dina Minggu mampira nyang Pasar Wit-Witan, Dusun Wonorekso, Desa Alasmalang Kecamatan Singojuruh. Akeh wong dodolan panganan jaman bengen, jajan uga sega hang arang ana ring panggonan liya. Kabeh kahanan nyeja digawe kaya jaman bengen, hang dodol uga penganggone kaya wong kuna. Wadon nganggo kebayak lan sarung bathik, hang lanang nganggo kelambi cemeng lan udhengan.
"Wis dadi mupakate Pengurus PKK Desa Alasmalang, kadhung kabeh hang dodol ring Pasar Wit-Witan kudu matuhi pelanggeran hang ana. Kudu ngurangi wadhah lan bungkus pelastik, gantine wadah kayu utawa beling. Malah ring kene uga akeh hang dodolan wadhah mau, uga keneng nganggo godhong gedang hang magih akeh ring kampung-kampung", gedigu alesane salah sijine Pengurus PKK Desa Alasmalang hang ngurusi Pasar Wit-Witan mau.
Salah sijine olah-olahan hang nggarai wong nulih yaiku "Rawon Alas", merga wujud lan hang dodol kari katon aneh serta melebu pasar iki. Pawongan hang dodol awake gedhe, nganggo kelambi cemeng lan capile wong tani. Gembreng wadhah kerupuk dilapisi enem-enaman jajang, wadhahe rawon teka ethuk godhong gedhang, aju dilemeki wadhah teka enam-enaman jajang kanggo nyangga makene sing kelepesen. Kabeh dodolane mau, dideleh ndhuwure tobos sak sepidhah kunane.
"Iki pancen wis dadi mupakate Isun ambi kanca-kanca, kadhung pasar iki kudu dadi pelopor pasar tradhisional hang ngurangi romot pelastik. Makane Isun nganggo wadhah hang jare rika unik iku mau, tujuwane sak liyane kelangenan uga nguweni tuladha nyang pengunjung. Kadhung cara-cara bengen iku magih apik lan sing ketinggalan jaman. Malah akeh hang seneng, kaya-kaya mbalik nyang jaman bengen", gudigu ujare Mamet, utawa Koki Ndut hang dodol Rawon Alas mau.
Kelendi rasanya Rawon Alas kadhung dibandhing ambi rawon umume? Iku mesti hang dadi pitakon rika kabeh. Naming isun tau ulih cerita, kadhung Rawon Alas Koki Ndut iki sing kalah ambi rawone Bik Ati Banyuwangi hang wis anjrah nyang endi-endi. Iku cerita Mantan Camat Singojuruh, Mochammad Lutfi hang uga kerep marung lan ngejak kenalane ngerasakan Rawon Alas ring Pasar Wit-Witan.
"Kadhung rasa rawone, pantese bain sing adoh kaya rawon-rawon liyane. Paling merga murah, dadi akeh hang marung merene. Damakaken atase picis Rp. 10 ewu wis ulih rawon sak ethuk, ana daging, endhog lan kerupuk. Paran maning mangane tepak isuk-isuk lan ring ngisor wit-witan, iku hang sing ana ring panggonan liya", gedigu jare Mamet Koki hang uga seniman sembarang kalir iki.
Merga wis anjrah mbarengi ramene Pasar Wit-Witan, pelanggan Rawon Alas ya tambah akeh. Sapa bain hang kepingin ngerasakan Rawon Alas duwene Koki Ndut iki, kudu sabar lan kanten seminggu sepisan. Masiya Mamet buka warung ring ngarepe Koramil Singojuruh, taping kanggo Rawon Alas mung bisa ditemoni ring Pasar Wit-Witan. "Iki wis dadi tekadisun, ambi kanggo mbarengi kanca-kanca kampanye ngurangi romot pelastik. Makane isun tetep njejegaken pelanggeran hang dimupakati kanca-kanca lan pengurus PKK Alas Malang, uga tetep ndadekaken Rawon Alas bagian teka "Icone" Pasar Wit-Witan", gedigu alesane Mamet.
"Marek weruh rasane, aju akeh hang takon-takon ning endi kadhung arep tuku Rawon Alas sak liyane dina Minggu. Sun jawab, sampek saiki mung bisa ditemoni ring kene. Kadhung rika cocok, ya teka merene angger Minggu, ajaken kanca lan dulure. Mane rame pasar Wit-Witan iki, digu isun ngomong nyang pelanggan. Muga-muga bain mengarep magih bisa sun ugemi terus, kanca-kanca guyub lan Pasar Wit-Witan tambah rame", gedigu pengarep pungkasan Mamet hang uga potrreke dadi ico Tradisi Kebo-Keboan iki.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.