Reka Basa: Paran, Gedigi, Kelendi
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 26 Juni 2025 08:43 WIB)
- Kolom Bahasa Using

Reka Basa /paran/, /gedigi/ lan /kelendi/
Istilah reka basa dienggo nerangaken asale salah siji ucap. Ring basa Using, hang asale teka basa Jawa kuna, bisa bain ya njuwut ucap teka basa lawas iku aju dadi ucap anyar. Teka basa liya (Jawa Kuna), biyasahe ana ucap-ucap hang unine uwah sithik, utawa uni hang siluran panggonan. Umpamane ucap /loro/ setemene asale teka /ro/ aju dadi /roro/ aju dadi /loro/.
Fonem /r/ lan /l/ iki kerep siluran. Ring basa Bali (hang uga asale teka Jawa Kuna) ana ucap /rare, rurung, roras/ nong basa Using diucapaken /lare, lurung, rolas/.
Pak Van der Tuuk ring cathetane hang isine 550 lan 650 ucap basa Using (diyakini arep digawe kamus mergane iyane wis nggawe petang jilid kamus Kawi-Bali-Landa), ana ucap /paran/ hang ditambahi cathetan asale teka "apa + aran".
Ucap /apa/ hang wis arang dienggo ring basa Using saiki, asale teka Jawa Kuna hang ring kamus artine padha ambi paran yaiku 'kata tanya yang menanyakan nama, jenis atau sifat sesuatu'.
Aju ana penulis Dani Citraleka ring grup FB Belajar Basa Jawa Kuno, nyebutaken conto ucap liya.
/gedigi/ (hang arti basa Indonesiane 'begini').
gedigi (utawa ana uga hang munekaken kediki), asale teka /gedi igi/ = /kedi iki/= /kadi iki/= hang artine 'seperti ini'.
Fonem /k/ lan /g/ wis anjrah siluran panggonan, kayata
goblok = goblog
endhok = endhog
kadi iki = gadi igi
Ring kamuse Pak Hasan Ali, ucap /kadi/ iku asale teka basa Jawa Kuna hang artine kaya utawa 'seperti'. Dadi /kadi iki/ utawa /gadi iki/
suwi-suwi dadi /kediki/ utawa /gedigi/ artine 'seperti ini'.
Ana maning, ucap /kelendi/. Asale kadhung direka basa teka:
/kala endi/ dadi /kalendi/ dadi /kelendi/= seperti mana = bagaimana.
/kala/ bisa bain uwah teka ucap /kaya/ hang artine 'seperti'.
Paran maning ucap-ucap hang ana lan kelendi asale?
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.