Rekor Walikota Jakarta Magih Dicekel Wong Banyuwangi
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 27 Mei 2022 08:23 WIB)
- Tokoh
Ana rekor hang digawe wong Banyuwangi ring ibukota Jakarta hang kayane mohal dibaleni sapa bain, yaiku kanca sebangku sekolah SMA hang aju bareng dadi walikota ring Jakarta.
Rekor iku hang nyekel hing ana liya ruwahe pak Abdul Kahfi hang jaman semono tau dadi walikota Jakarta Pusat lan pak Sutarjianto tepak dadi walikota Jakarta Barat ring periode hang padha. Pak Kahfi seteruse tau dadi wakil gubernur DKI Jakarta lan Pak Tardji dadi Kepala Inspektorat DKI.
Tepak rapat ambi gubernur Suryadi Sudirdja, kaya kabeh walikota, wong loro iki teka ring rapat lan lungguh maning sak bangku, mbaleni kaya tepak SMAne (angkatan kepisan SMA) bengen ring Banyuwangi.
Serang girange kecaruk kanca sekolah masiya dadi walikota wong loro iki guyonane ya kaya lare magih sekolah.
"Aja nyonto ya Lik," jare pak Tardji, ambi delamakan tangane ngalang-alangi cathetan rapate nang pak Kahfi.
"Malah kadhung meleng sithik pulpene bisa dijuwut. Tepak hing bisa ngomong, (mung bisa) byalak-byalakan tapi edheng."
Pungkasane sampek metu omongan ngengetaken tepak sekolah bengen ana guru hang aran pak Marjo, gubernure dipadhakaken ambi guru.
"Rungokena omongane pak Marjo iku," jare pak Tardji.
Wong loro iki minangka kanca sekolah sak bangku taun 1959-1962 lan hing nyangka kecaruk maning padha-padha dadi walikota taun 1993 sampek 1997.
Ring sejarahe Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Pusat Jakarta, pak Tardji iki nduweni peran hang penting seru.
Ulan Pebruari taun 1972, wong-wong Banyuwangi kawitane ngumpul ring umahe ring Jalan Setiabudi, kanggo nggagas hang arane paguyuban wong Banyuwangi ring Jakarta hang diarani Pewangi Jaya (Paguyuban Warga Banyuwangi Jakarta Raya).
Penggagas utama Pewangi Jaya iku ya pak Tardji dhewek ambi pak Noer Hafandi. Aju ngajak wong lima pak Sutojo, pak Pii, Pak Hamid, Pak Harjoko rapat ning umahe pak Tardji Jl. Setiabudi, ambi nggelar kelasa.
Cumpu hang teka ana wong limalas, antarane yaiku ruwahe Hardjoko Saputro (asal Banyuwangi kota), Soetardjianto (Keradenan), Moh. Noer Hafandi (kota), Samsoel (Glenmore), Syafi’i (kota), Halawani (Parijatah), Soetrisno (kota), ruwahe Soetoyo L (kota), Sya’i (Benculuk), Mohamad Zein (kota), ruwahe Soegiyono (kota), Armaya (kota), Bardi (kota), Selamet Santoso (Glenmore).
Pak Tardji iki bengen anake Lurah Keradenan Benculuk. Taun 1963 ngawiti dadi staf pegawai DKI tepak gubernure arane pak Sumarno hang aju diganti ambi pak Ali Sadikin. Taun 1968 iyane njabat dadi kepala Seksi Pembinaan Wilayah Biro pemerintahan DKI Jakarta, tugase kelebu dadi Pengawas Ipeda/Ireda DKI Jakarta.
Aju tau pisan madeg dadi camat Kebon Jeruk Jakarta Barat taun 1979, lan wolung taun sakmareke dadi Seketaris Kota ring Jakarta Pusat. Marek dadi Sekretaris Kota Jakarta Pusat telung taun munggah dadi Wakil Walikota Jakarta Timur ya telung taun pisan. Sak teruse dadi Kepala Biro Pemerintahan DKI Jakarta petang ulan sedurunge munggah maning dadi walikota Jakarta Barat suwene limang taun. Pungkasan dadi Kepala Inspektorat Propinsi DKI.
Dene Pak Kahfi dhewek ya hing kurang pentinge merga, tepak iyane melebu Jakarta, Pewangi Jaya rada serendengan kahanane. Aju wong-wong Banyuwangi dikelumpukaken maning ambi Pak Kahfi lan Pewangi Jaya diuwah arane dadi Ikawangi.
Setemene ana siji maning walikota Jakarta dhongkol asal Banyuwangi yaiku kang Bambang Sugiyono hang saiki dadi Ketua Umum Ikawangi Pusat. Taping iyane hing dikancani wong Banyuwangi liyane tepak dadi walikota Jakarta Utara.
Pak Bambang iki buru melebu DKI dadi staf Sekretaris Kota (Seko) Pak Tardji ring Jakarta Pusat taun 1987 sampek 1990. Sak teruse tau dadi stafe Pak Kahfi tepak dadi Walikota Jakarta Pusat.
Dadi wong telu iki hubungane parek seru.
Poto (kiwa nang tengen): Pak Abdul Kahfi, Pak Bambang Sugiyono, Pak Soetardjianto.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.