Resto Anyar: Bebek Songkem Taretan

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 14 Januari 2023 07:00 WIB)
- Kuliner



Pilihan panganan ring Banyuwangi saya akeh lan maneka rupa. Hang pungkasan buru mbukak ring Jalan Gajahmada, kidule pom bengsin Penataban ana Bebek Songkem Taretan.
   Kadhung ndeleng arane wis katon gok iki panganan teka Medura. Naming kayadene pitik betutu Gilimanuk, rasane wis diramu dhewek ambi tukang olahe, mung cara olahe hang dipadhakaken ambi aseline.
   "Diarani songkem, basa Jawane sungkem, merga bebek utawa pitike, dibungkus godhong, dirageni, dideleh eblek kaya wong sungkem," jare tukang olahe, Cak Fathur, lare Sampang aseli, dikancani ambi hang duwe hang uga tukang olahe yaiku Gallang.
   Kadhung aseline jare Fathur bebek songkem iki tradhisine wong Sampang ngewani kiyai hang muruki ngaji anake olahan bebek Songkem tepak acara Songkeman. Bebeke wutuh lan posisine digawe kaya wong tepak sungkem.
   Dideleh eblek? Yaiku cara olahe makene daging bebek hang terkenal rada alot bisa merotholi teka daginge kadhung tepak dipuluk. Dadi daging hang wis dirageni lan diithuki godhong gedhang iku mau dietap ring eblek hang wis diendohi gedebog gedhang. Aju ebleke dideleh ring ndhuwur bengahan hang genine teka kayu, suwine telung jam. Makene daginge hing putih, olah ulih rong jam aju genine dipateni lan digeningaken maning sak jam.
   "Dadi kaya ring sauna telung jam. Hang aran kolesterol sakkal rontok kabeh wis," jare kang Agus Kahfi, hang uga duwe resto Kepompong Corner ring Jati Kahyangan. Bapake Gallang iki malah saiki nyiyapaken panggonan Kepompong Corner 2.0 hang panggonane ring ndhuwuran, ring tengahe kebonan hang wong-wong bisa mangan ambi ndeleng Selat Bali hang katon kewela-wela.
   "Kokoh bebeke iku ya teka weleke gedebok iku lan daginge bebek utawa pitike dhewek. Ragine ngeresep lan daginge bisa perothol. Welek hang diasilaken teka gedebok lan daging iki bisa ngewani aroma hang has," tambah kang Kahfi.
   Bebek utawa pitike disetel pedhes, taping kadhung ana hang njaluk kurang pedhes, bisa digawe, utawa digoreng sulung. Tapi kayane dipangan wutuh pedhes iku tambah ndadekaken selera mangan munggah, keringet gemerodos lan kepingin imbuh.
   Kelendi abane wong hang wis niliki? Salah sijine Pak Moh. Luthfi, Kepala Dinas Kesbangpol Banyuwangi: "Isun wis hing kathik adoh-adoh maning kadhung golet bebek Songkem. Ketemu ring kene, bebeke kobessah. Cobak merene, dijamin. Isun jaminane."
   Gage wis nganteni paran maning. Bebek Songkem Taretan bukak teka jam 10-21 saben dina. Cocog ambi ilate wong Banyuwangi hang dhemen pedhes 
   

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor