Resto Koeah Duwene Lare Banyuwangi ring Amsterdam, Landa

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 25 Desember 2024 07:07 WIB)
- Tokoh



Kadhung tepak melaku-melaku nong Amsterdam, negara Landa, lan golet panganan hang nganggo kokoh, apike mampir nong restoran duwene lare Banyuwangi.
   Warung "Koeah" duwene Andika, 37 taun,
ana ring pusat kutha Amsterdam ring Spuistraat 106, Amsterdam. Kira-kira mung rong menit melaku sikil teka Dam Square utawa 10 menit teka Central Station.
   Lare Banyuwangi hang wis sakat taun 2005 manggon ring Landa kanggo kuliyah. Sakat lulus kuliyah jurusan International Business & Management, iyane wis yakin arep megawe lan manggon ring Landa.
"Setemene Isun hing duwe pengalaman
ring bisnis kuliner taping merga dhemen lan ndeleng ning kene ana peluang kanggo mbukak warung hang nyedhiyani panganan Indonesia hang temane soto-sotoan," jare Andika hang lulus teka SMPN 1 Banyuwangi taun 2002.
   "Alhamdulillah respon pelanggan seperene apik seru merga seliyane pangan hang enak, kene ngutamakaken layanan hang apik."
   Pelanggane malah akehan wong lokal Eropa kira-kira 70 persen utamane tepak jam mangan. Sisane buru diaspora Indonesia hang teka ring ahir minggu, jare Andika.
   Menu warunge kelebu ana soto betawi, soto ayam, nasi kare ayam, lodeh miso lan gado-gado.
   "Mesthi bain menu nasi campur saben minggune, gentenan saben minggu kanggo ngenalaken pelanggan nang panganan Indonesia. Panganan Banyuwangi ya arep disuguhaken mengarepe," jare Andika.
Andika setemene sakmareke lulus kuliyah megawe ring perusahaan suwine 12 taun. Aju iyane pindhah haluan kepingin dadi wong dagang.
   Masiya wong tuweke asale teka Banyuwangi taping Andika mung telung taun manggon ring Banyuwangi. "Bapak bengen duwe umah ring jalan Wijinongko, Sobo," jare Andika.
   Bapake aseline wong Songgon lan emake wong Pakis hang keturunan Bugis-Palembang.
   Dadi basa Using ya mung bisa sithik-sithik. "Hing lancar," jare Andika hang kecaruk rabine Ranita Sutikno ring SMPN 1. Ranita iki lare Surabaya hang milu bapake pindhah merga madeg dadi kepala kantor cabang BNI Banyuwangi lan manggone ring Jalan Jaksa Agung Suprapto, sebelahe kantor kejaksaan Banyuwangi.
   Aju sak mareke lulus SMP Andika nerusaken SMAne nong Yogya.
   Paran hang dienget-enget ring Banyuwangi? "Alame seru endahe, pesisir, gunung Ijen lan dhaerah ndhuwuran hang hawane adhem. Banyuwangi iku lengkap seru wisatane. Mesthi bain panganane hang Sun engeti kaya sega tempong, sega pecel lan iwak bakar."

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Foto: Mbok Ann

Editor: Antariksawan Jusuf