Ridwan: Anake Tukang Pandhe Dadi Perajin Gamelan

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Jumat, 15 Mei 2020 10:53 WIB)
- Tokoh



Kanggone wong-wong hang ubret nang tabuhan utawa gamelan ring Banyuwangi, aran Ridwan mesthi diweruhi. Pawongan aseli kelairan Jalan Watu Gong, Dusun Kertosari, Desa Wonosobo Kecamatan Srono, sak liyane kawentar dadi panjak, uga tukang nggawe gamelan. Asil gamelan hang digawe Ridwan iki wis nyebar nyang endi-endi, sakat nyang pirangane grup kesenian ring Banyuwangi, uga sekolah lan instansi akeh hang pesen nyang Ridwan. Malah akeh uga hang pesen Gamelan, akeh uwong teka njabane Banyuwangi.

Kawitane bengen iyane megawe noring pandhe hang nggawe lading kanggo militer. Serehne hang duwe wis ninggal donya, hing ana orderan maning. Iyane banting setir nggawe gamelan.

Mula kawitane nggawe gamelan kira-kira taun 2003 ambih magih megawe serabutan, bengine manjak janger.

"Kawitane rada cilik ati merga jaman semono hang minat gamelan magih arang-arang. Pungkasan taun 2007, hun tekadi dadi propesi, nggawe lan serpis gamelan."
Setemene ring dusune, wis ana wong nggawe gamelan malah sedurunge iyane lair. "Hang Sun weruhi, tukang nggawe gamelan ring dusunisun iku arane Kik Mus. Aju iyane sampek umur, diterusaken nyang anake hang aran Sapuwan. Isun nyeluke Mbah Wan."

Ring jamane Mbah Wan, gamelane wis kawentar nyang endi-endi lan aran Mbah Wan wis diweruhi ring kalangan seniman pertu jukan tradhisional, utamane janger. Mergane liyane tukang nggawe gamelan, Mbah Wan uga panjak janger, gedigu jare Ridwan.

"Jaman cilikanisun bengen, saben ana wong mesen gamelan, kadhung wis marek, dienggo latihan ambi wong kampung sulung. Hang mimpin ya Mbah Wan," jare Ridwan. 

Ring Dusun Kertosari iku jaman bengen akeh wong hang bisa nabuh gamelan merga bengen ana grup janger hang pemaine kabeh wong lanang. "Kelebu Uwakisun hang dadi bintange jaman semono."

Ridwan cilik dhemen dhemen seru ndeleng latihane sampek bubar. Engkisuke kadhung ana wong latihan maning, sedurunge wong-wong ngumpul, Ridwan wis nyulungi lan main dhewek. "Sakat cilik mula cekelanisun gamelan."
Dhemenane nyang gamelan iki ya kegawa tepak iyane nunggoni Mbah Wan nggawe gamelan. Merga iyane kerep ndeleng wong nggawe gamelan lan ring umahe bapake ya pandhe dadi suwi-suwi temurun nyang iyane.
Tepak buru ajar nggawe gamelan, Mbah Wan wis sepuh, nggawe gamelan ditulungi ambi putune. Naming eman seru, teka Mbah Wan hing ana anak-anake hang nerusaken nggawe gamelan. Malah ana putune. Mung emane, putune hing weruh nada lan hing bisa manjak. Suwi-suwi putune lara-laranen lan ninggal donya.

Kelawan hing nyeja, Ridwan pungkasane marisi penggaweyan dadi pandhe gamelan ring dusun kono merga sing ana maning hang nerusaken, jare Ridwan hang magih beraya ambi Mbah Wan.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf