Ritual Wong Using: Mumulih
Moch nur rofiq (dipublikasikan pada Kamis, 18 November 2021 08:36 WIB)
- Opini
Mumulih yaiku ritual adat hang magih diuri-uri ambi masarakat Using Banyuwangi hususe hang ana ring sak ubengane kutha nagari Macan Putih. Mumulih dilakoni kanggone ngurmati kanjeng Nabi Muhammad SAW lan para sahabate, kerana wis nguweni awake dhewek pituduh agama hang suci.
Sak liyane iku, Mumulih uga nduweni makna mulih, utawane balik, balik nyang awake dhewek, yaiku nyelameti sedulur papat lima badan, naming ambi sebagiyan masarakat biyasahe dilakoni sekaliyan ambi sak marine panen pari, kanggo wujud tasakuran.
Mumulih iki dudu ritual asal-asalan kerana nyelameti lan nasakuri sedulur papat ambi nyelameti Rasulullah kelawan cara tradhisi, mangka kabeh prosese uga kudu suci, mulai cara mbeleh pitike, sampek cara masake kabeh ana proses suci lan donga-donga hang asale dijuwut teka ayat-ayat suci Alquran.
Cara olah-olahe yaiku:
1. Hang olah kudu wong wadon hang wis umur lan hang wis menopos.
2. Kudune suci teka hadas cilik utawane gedi
3. Kudu maca wirid lan donga husus tepak wayah olah-olah.
Bahan bahane:
1. Pitik jago hang magih lancur lan pitik wadon hang magih dara, sak durunge dibeleh pitik iki kudu diwuduki sulung, sakteruse dibeleh lan dirijigi, jeroan pitik dirijigi sampek rijig. Sakteruse jeroan pitik dilebokaken maning lan ditaleni, maknane makene awake dhewek mauka bisa rijig atine. Jeroane awake dhewek iki makene sing ana sipat iri lan jenggi, anggak lan bingkak nyang sak padha-padha.
2. Beras. Beras iki kudu ditaker pas 2,5 kg, padha ambi wong ngetokaken zakat pitrah, yaiku perintahe Gusti Allah kanggo nyempilaken sithik donyane awake dhewek kanggo wong pakir lan miskin, uga kanggo ngerijigi awake dhewek makene balik maning nang suci.
Sakwise kabeh cemepak ragi lan bahan mauka diolah lan diwiridi, pungkase sega hang wis mateng iki diarani masarakat Using Sega Wodok, kerana olahe kudu wuduk.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Wawancara
Editor: Hani Z. Noor