Riwayat Kuliner Banyuwangi: Sabun Utawa Pisang Sale

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 19 November 2022 07:19 WIB)
- Kuliner



Teka endi sebutan pisang sale utawa ring desa-desa kesuwur kelawan aran "sabun." Nawi akeh hang durung weruh, jaman Landa bengen Banyuwangi kesuwur minangka "kota pisang". Ana wong Landa, taun 1920an hang nandur gedhang hang bibite dijuwut teka Buitenzorg alias Taman Nasional Bogor.
   Aju taun 1926, gedhang-gedhang mau diekspor nang Ostrali liwat pelabuhan Boom hang disebut Boom meneng, merga hing ana ombake. Panggonane saiki dadi Marina hang ana ring ngarepe gudhang. Bengen iki gudhang gedhang lan kopra. Kopra lan gedhang sedurunge dikirim nong luar, dikelumpukaken sulung nong kene. Bengen ana pisan Boom ombak, arupa dhermaga kayu hang ana ring pinggire Selat Bali. Ekspore nang Ostrali mandheg rikala Jepang mulai melebu Indonesia, kelebu Banyuwangi.
   Saiki julukan "kota pisang" Banyuwangi wis hing tau dienggo merga gedhang saba utamane akeh hang diserang hama. Masiya tawis akeh jenis gedhang liyane kayata gedhang Berlin, gedhang Kayu, gedhang Srinyonya, gedhang Selakat, gedhang Lempineng, gedhang Raja lan liyane.
   Setemene Indonesia iki kelebu dhaerah hang dadi pusere asal-usul wit gedhang (Musaceae). Jenis gedhang kira-kira ana 1,000 macem. Tau ana penelitian ring Banyuwangi, Jember lan Lumajang kanggo nyinauni gedhang, ya ekologine, cara nandure, penyakite lan gunane. Ring telung wilayah iki kira-kira dicathet ana 49 macem gedhang.
   Ceritane tokoh PNI nasional anggota DPR RI asal Banyuwangi, ruwahe Pak Abdul Majid nang wartawan Eko Budi Setianto hang tepak ika ngeliput iwuh Ikawangi ring Jakarta, ana hang ngenani asal-usul "sabun" iki aju diarani "pisang sale". Apuwa dudu "sale pisang"? Gedigi ceritane.
   Tepak gedhang curungan digawa nang gudhang, akeh pisan hang benyek, ketatap-tatap lan pungkasane kudu dibuwang.
    Ana salah sijine wong Arab hang arane Pak Saleh, ndeleng peluwang gok gedhang-gedhang hang mesthine dibuwang iki, bisa dadi picis. Carane? Gedhang kedalon lan ketatap-tatap hang dibuwang mau dipuputi aju diirisi lan dipepe. Serta garing dadi gedhang sabun.
    Wong-wong akeh hang dhemen. Saiki saben nemoni gedhang sabun iku weruhe "pisang saleh" (gedhang duwene pak Saleh). Suwine suwi dadi "pisang sale" mangkane hing bisa disebut "sale pisang".

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor