Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 11 Januari 2026 07:01 WIB)
Rocean Cerita: Kangkung Kang, Kemangi Dhik (Bagiyan 2)
Roncean Cerita: Kangkung Kang, Kemangi Dhik (Bagiyan 2)
Dianggit ring Kang Ujik
“Aja lali maca selawat sulung, Luk!” jare Samad Gendrug ngengetaken. Sekala iku, Lukman muni maca selawat telu aju nguyup banyu putih hang dicekel ambi gemeter.
“Alhamdulillaah…..! Gusti Alloh nyembadani…!” abane Kang Ashari aju mulih. Uwong-wong hang ana ring jaba umahe Lukman padha nyegat lan nakoni Kang Ashari. Ngarti Lukman uwis sadhar, saya percaya ning Kang Ashari. Hang uwis mula sing dhemen ya malah nyebar-nyebaraken pitenah, kadhung Kang Ashari iku uga bisa nyanthet lare wadon. Malah-malah diumumaken uga bisa nyihir uwong. Kadhung hang patheng tirakat dicurigai bisa dadi tukang sihir, gok hang nggelidhig sing dicurigai dadi dhekete masarakat? Menusa iki kadhang-kadhang nganggo karepe dhewek.
“Kang Ashari iku uwong belakasuta. Polos. Bangkelana ya anteng. Masiya iyane iku ngarti kadhung ana hang mbangkeli malah ana hang musuhi. Kadhang-kadhang gentheng umahe ana hang ngerutug nganggo kerikil kepus. Maklum umahe Kang Ashari iku ana ring pinggiran Kali Tekik,” jare Man Apidik hang mari nyalami Kang Ashari nalika buru metu teka umahe Lukman mau. Man Apidik aju melebu ning umahe Lukman maning. Eh, Lukman temune uwis ngorok. Digeningaken ambi kanca-kancane.
Bedhug endheng-endheng, Wak Akim menyang pasar tuku kembang kirim. Sakat Lukman digotong dulur-dulure isuk mau, iyane dikatoni rabine hang uwis ninggal. Mari tuku kembang kirim, sing kathik mulih sulung, iyane langsung nyang kuburane almarhumah Bik Asanuk. Geruh-geruh nemplekaken bathuke ring paesan kuburane Bik Asanuk, rabine bengen.
Puluan taun Wak Akim lali-laliyan sing tau kirim-kirim patehah. Kira-kira sak jam ulihe sedhengku ring ngarepe kuburan, Wak Akim mulih ambi tangisan sampek gadug umahe.
“Tulung tunggokena Lukman sulung, ya. Isun nak ning langgar!” abane Wak Akim ambi nyangking sarung lan nganggo kethu hang uwis mbelawuk merga sing tau dienggo. Kanca-kancane Lukman emeh barengan ulihe semaur: ”Enggih, Wyak!”
Lukman ngelilir aju mberejak ngagetaken lungguh silah. Matane perdang-perding. Kanca-kancane hang njaga kuwatir, Lukman kumat maning.
“Mari ana paran iki? Apuwa Isun iki? Sepudhah udhudisun ana ningendi?” abane Lukman ambi bingung.
“Tenang Luk, tenang...kari gupuh ak yuh!” Abane Ribut hang isuk mau magih lungguh ring buk ngisore gapura wetan dalan Serayu.
Ring jero umah iku kari ana uwong papat ambi Lukman. Lare telu iku, Ribut, Salanik Kuncir lan Dukik Kesrut mula kancane Lukman muyab.
“Byek, mbingungaken uwong akeh pena iki. Uwong sak Kampung kene padha ubreg,” jare Salanik Kuncir.
“Apuwa sih isun kene mau?” takone Lukman entheng.
“Pena iku, rantag-rantag mau ditemokaken dulur-dulur kampung kene, nggelempang ditindhihi sepidhah udhud. Matanira merem rapet, tangane gayaren kaya uwong semaya putu, sikilpena kujed-kujed,” cerita Dukik Kesrut ya ambi kesrat-kesrut.
“Iya tah?”
“Eh, iya tah jare…..Sakat isuk mau, umahpena iki akeh uwong. Weruh pena kesirep, tangga-tangga buru bain aju bubar. Apakpena sembahyang bedhug ning langgar kene mau,” abane Ribut.
“Malah ambi nangis kono mau!” sambung Salanik Kuncir.
“Setemene, mabengi pena teka endi sih, Luk?” takone Ribut ambi mijeti sikile Lukman. Lukman nganggreng, kaya magih bingung maubengi iku teka endi bain.
“Isun iku, sore nyang umahe kanca-kanca penggemar radhiyo. Keliling ning umahe Kang Starlet, Kang Joko Umbaran, Cohima, Siti Kamela, Camar terluka, Shinta Camelia lan Lancing Kethetheran. Isun ambi kanca-kanca iku mula janjian arep ngerujak ring setudhiyo RKPD. Lha… mari keliling ngengetaken kanca-kanca kono mau, Isun langsung nyang RKPD. Gadug uwit Kelengkeng gedhi ngarepe PLN ika, Isun ketemu lare wadon, ngakune penggemar anyar RKPD. Kerana sak tujuwan ya Sun gonceng,” cerita Lukman. Meneng sedhela aju gigil-gigil.
Lukman nggonceng lare wadon mau iku hang ngakune duwe aran udhara “Sumitri”. Masiya buru kenal, Sumitri gandholan rapet ning bangkekane Lukman hang mula dhemen wadonan.
“Aja endhak langsung nyang RKPD, keliling sulung bain!” abane Sumitri ambi rada menjeng. Lukman mesem aju ngegas sepudhah udhude ngulon sulung muteri Taman Sritanjung. Sumitri ngajak mandheg ring pinggiran taman. Lukman nuruti karepe.
“Ayo lungguh-lungguhan sulung ring tengah taman, Isun kepingin kangkung, Kang!” abane Sumitri ambi meluk Lukman. “Sing weruh tingkahe Lukman lare wadon iki. Buru kenal kari nggayemi. Hemm…engko tah sira….” batin Lukman ambi mandengi matane Sumitri.
“He, wayah mene masa ana uwong adol kangkung. Subuh akeh uwong Penataban padha ndhasar kangkung ring pasar kana,” abane Lukman ambi nduding pasar Banyuwangi hang ana ring bucu kidul-wetan teka taman Sritanjung.
“Masa kangkung Penataban, Kang,” jare Sumitri aju marekaken lambene ring kupinge Lukman ambi mbisiki: "Ambung!”. Lukman mandeng Sumitri hang mesem nggudha.
“Kemangi bain, Dhik Sum!” semaure Lukman. Sumitri manthuk merga paham ning jawabane Lukman, ambi nyethut wetenge Lukman.
“Apus, awas!” jare Sumitri ambi magih mandeng raine Lukman.
“Saiki ayo nyang RKPD, kanca-kanca nawi uwis padha kumpul. Perkara urusan –kangkung- aja kuwatir, Dhik!” semaure Lukman ambi nguripi sepudhah udhude lan nguteri Taman Sritanjung sepisan aju nyang RKPD dalan Ikan Cakalang nomer 3 jurusan Kampung Ujung.
Serta gadug panggonan, para penggemar uwis padha iwuh. Ana hang kencet-kencet poh, sabrang, kates, nanas lan bengkowang. Ana uga hang gerus-gerus ragi nganggo cuwek lan canthuke Bu Imron hang manggon ring wetane RKPD. Nalika iku RKPD wayahe acara Pilihan pendengar lagu-lagu dangdut hang diasuh Mas Sam Iriyanto lan Operator Pak S. Bagio. Nalika wayahe gendhing diputer, lare-lare penggemar iku padha njuged, ana hang nggethu tulis-tulis kupon aju titip supaya diwacakaken soren iku ambi Mas Sam Iriyanto. Nana rasa susah, kabeh padha guyonan lan poyokan. Lukman malah akeh hang moyoki. Merga mau nalikane keliling ngengetaken kanca-kancane, dhewekan. Serta teka ring setudhiyo RKPD malah goncengan ambi penggemar anyar.
“Lukman dilawan…!” ceplose Joko Umbaran.
“Emane Isun bengen sing kenal Lukman sulung. Munggone sing ditiliki sulung,” abane Siti Kamela ambi cekakakan. Kanca-kancane milu ngakak. Lukman hang mula ndhableg, ya meringis bain. Sumitri milu munyik.
“Ati-ati kadhung kenal Lukman, Mbok Sum!” abane Camar Yang Terluka.
“Kang Lukman apuwa sih, Mbok Mar?” takon Sumitri kaya uwis kenal suwi.
“Byek….galak…..Nguwus, Mbok Sum!” semaure Camar Yang Terluka.
“Pengalaman nih ye….!” Poyoke Lancing Kethetheran.
“He….masa pengalaman….Isun iki jare hang uwis kelakon…..Ya Sit?” abane Camar ambi nyenggol Siti Kamela hang gemuyu ketheng.
“Paran jare kono wis!” saute Lukman ambi nyandhak nanas hang uwis diirisi aju didulitaken ning ragi lethoke. Liyane aju milu mangan rujak rame-rame. Sedurunge, Mas Sam Iriyanto lan Pak S. Bagio uwis diwadhahaken piring. Mandheg siaran, Mas Sam Iriyanto mangan rujak lethok. Acara rujakan iku sampek jam lima soren. Ngarepaken magerib penggemar padha mulih siji-siji sampek kari Lukman lan Sumitri magih lungguh keloron ring kerosi studio 3 ambi gesah.
Mas Sam Iriyanto lan Pak S. Bagio uga gesah ring studio 1. Antarane studio ketutup kaca. Masiya katon naming kadhung padha-padha ngomong, suwarane sing bisa tembus.
(Ana terusane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.