_Gendhing_Kembang_Cicir_(1)-45940.jpg)
Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 12 Oktober 2025 07:17 WIB)
(Roncean Cerita) Gendhing Kembang Cicir (1)
(Roncean Cerita) Gending Kembang Cicir (1)
Dianggit ring Kang Ujik
Kemanten Using mudhun teka kuwadhe. Dituntun tukang paes, wangune kelambine arep diganteni. Dhayoh magih pating terungsung. Mari ngisi buku dhayoh, aju ngelebokaken amplop ring guci. Serehne kemanten magih salin, para dhayoh aju nyidhuk sega lan milih sekehe jangan lan iwak. Ring genjot hiburan, elekton Kang Mujib magih ngungkung. Penyanyi hang diundang akehe papat. Lanang loro-wadon loro. Nalika iku penyanyi lanang, Iqbal, nggawakaken gendhinge Candra Banyu hang judhule "Hang Isun Angen":
“…
hang isun angen mung rupane
hang isun angen mandaneya ana ring kene
hang isun angen mung tekane
hang isun angen ana dalan ketemune...”
Salah sijine Penyanyi wadon mara-mara nyingkrih teka kancan-kancane, ngedhengi melaku nyang genjote kuwadhe, aju lungguh ring kerosi kuwadhe. Penyanyi iku aran sedinane Mariyamah. Kadhung ring panggung nyanyi arane Mery. Mery temungkul ambi ngemati gendhing
“…
keloronan bebarengan
sun lan rika sesandhingan...”
Mery mangkat ngelirik kancan-kancane uga Kang Mujib hang temenanan ulihe mitek-mitek elekton. Iyane kaya katon getun, apuwa selawase iki gelem dadi rabi simpenane Kang Mujib. Sampek rong taun, rabine Kang Mujib hang aran Mutiyah, kanca akrabe Mery, sing ngerti. Emake , Bik Asanuk, sing weruh lan apake, Man Karim ya bah-bah lumuh kerana ngambul lan lara ati ning Mery. Mulane bangur nggethu penggaweyane ring Surabaya.
“…..sun arep-arepaken
tekanrika raina lan bengi…
kaya panas ngerandhu udan
mesti hang bisa ngadhemi….”.
Mery enget kancane hang aran Tejo. Sakat SD, SMP sampek SMA sekolahe bareng. Kerana bareng emeh 12 taun, Mariyamah hang saya merusuh lan Tejo, masiya sing pati nggantheng naming pinter, kaya dirambati rasa welas siji lan sijine. Uwong sak kampunge ngira lare loro iku ya uwis sir-siran. Sampek-sampek kadhung ana lare lanang arep ndhemeni Mariyamah, sing wani merga sungkan ambi Tejo. Semono uga kadhung ana jebeng hang duwe rasa welas ning Tejo, sungkan ning Mariyamah. Pantese bain, antarane Mariyamah ambi Tejo iku padha-padha nganteni omongan masalah atine dhewek-dhewek.
Aja uwong liya. Emake, Bik Asanuk, nyangka kadhung anake iku sir-siran ambi Tejo. Semono uga uwong tuweke Tejo, Bik Indun lan Man Imik. Maklum, keluwargane Mariyamah ambi keluwargane Tejo iku urip sak kampung masiya rada adoh panggonane, naming Mariyamah lan Tejo uwis gereng-gerengan ngalor-ngidul keloronan.
“Mar…..rong ulan engkas, lulusan. Kerungu-kerungu jare sira tutup buku bukak terob, Mar? Bener tah?” pancing Tejo ambi meringis. Mariyamah sing gancang nyemauri. Kadhung pancen arep kedaden kaya hang ditakokaken Tejo, mestine mbukak terobe ya ambi Tejo. Masa ambi lancing liya. Merga selawase iki Mariyamah sing tau memengan ambi lare lanang liya. Semono uga Tejo, sing tau memengan ambi lare wadon liya. Mariyamah nyangka, omongane Tejo iku guyon kaya hang uwis dilakoni keloron selawase iki. Tejo kadhang dhemen guyon. Malah memel ulihe guyone ambi sapa bain. Naming kadhung uwis wayahe nggethu ya sing keneng diejak guyon. Mariyamah ngerti wateke Tejo.
“Mar...ditakoni iku, nganggreng bain a yoh!” abane Tejo ambi nabok pundhake Mariyamah.
“Adhuh….kari anter kadhung nabok a yoh...Durung ujian akhir….uwis ngomongaken umah-umah a yoh..!” semaure Mariyamah ambi nyethut pipine Tejo. Serta gadug pertelon kampung, Mariyamah melayu mulih, Tejo nerusaken lakune kerana umahe magih rada adoh teka pertelon kampung. Bengi iku mari ana kegiatan Remaja Kampung ring Ruang Terbuka Hijau hang ana ring desane.
Serta gadug umahe, Mariyamah langsung bain melebu kamare dhewek, nata buku pelajaran kanggo engkesok. Ambi kilah-kilah ring kasur, Mariyamah katon oyang. Kelumah salah, kemureb ambi maca-maca buku pelajaran sing pati anteng. Sedhela, lungguh ring tengah kasure aju sendhen ring tembok kamare. Saben kalimah hang diwaca kaya-kaya nana hang temancep ring pikirane merga omongane Tejo kaya-kaya terus nyuwara ring atine. Jam lemari ring ruang dhayoh umahe muni ping suwelas. Mariyamah mudhun teka kasur aju mateni damar kamare. Munggah maning ring kasure ambi mencolot. Suwarane rengit nguwing-nguwing kaya emong kalah ambi suwarane angin bengi iku. Nawi bain durung sampek kesirep, damar kamar diuripi maning. Mariyamah mara ring meja belajare, nyandhak buku lan polpen. Mari ndhangak, aju mangkat nulis: Kang Tejo… isun sing kepingin rika ngeweruhi paran hang ana ring ati selawase iki. Masiya isun lan rika magih ana ring wates kancaan lan seduluran, naming jurang paling jeru hang ana ring atinisun kerasa copar nalika rika guyon ambi kanca-kanca wadon ring sekolahan. Paran maning aju ambi tabok-tabokan. Isun ngerti kanca-kanca hang guyon ambi rika iku sing duwe rasa dhemen ning rika. Mung atinisun bain hang keseron welas ning rika naming sing keweton ring lambe. Isun nalika gesah-gesah ambi kanca lanang, ngati-ngati aja sampek melebu ring masalah guyon hang keliwat-liwat. Isun uga njaga aja sampek parek ambi kanca-kanca lanang hang mula dhemen gesah ambi isun. Kang Tejo, sepurane kadhung atinisun kaya-kaya ngungkuli paran hang saktemene rika.
(Ana terusane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Kang Ujik