Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 23 November 2025 06:25 WIB)
Roncean Cerita: Gendhing Kembang Cicir (Pungkas)
Gendhing Kembang Cicir (Pungkas)
Kanca-kancane sak bis padha keplok ambi ana hang suwit-suwit kaya nyuwiti jaranan. Sing kerasa, bis uwis ngeliwati Sasak Tambong.
“…kari macem-macem kelire….mari-mari endah sawangane…gawe ati kepingin nggape…cager dhemene…raina-bengi dadi kudangane….rika kembang ring jero kaca…kaya nyimpen ewonan cerita…taping arep wadul ning sapa…rika wujude welas sing ketampa….seliwar-seliwer ring ngarep rika…gandhengane ati dipondhong uwong liya…arep nyapa sing duwe suwara… arep nyegah sing kira bisa…kembang ring jero kaca…lakon urip hang rika gawa…jaja welas sapa hang nawa…mula nasib kudu diterima…kembang ring jero kaca…atinrika uwis kadhung kesiksa……” abane Tejo gendhingan ambi ngiluh. Taping kanca-kancane sing pati inguk ring isi syaire. Hang penting gendhinge enak. Mulane sak bis tetep keplok ambi kauk :”wul,wul,wul….!”
Iring-iringan bis padha minggir aju mandheg ring dalan Desa Geladhag. Mariyamah wurung nyanyi. Katon saben-saben ketua kelas mudhun teka bise dhewek-dhewek. Ketua kelase Mariyamah mara ring bis kelase Tejo. Kabeh padha inceng-inceng.
“Dulur, milu selabar…..Mariyamah ana ring bis kene?” takon Jumhar pethak nalika uwis ngadeg ring lawang bis. Kabeh padha semaur: “Iyok…!”
“Kelendi, Mar….ngalih ring bis kelase dhewek ika tah tetep ning kene bain?” tawane Jumhar.
“Kene bain wis…..cukup kok….sing untel-untelan…!” semaure nyang ketua kelase, Tejo.
“Iya uwis kadhung gedigu….polae diabsen mau nana semaure…..Iya wis kadhung gedigu, lanjut….!” Abane Jumhar ambi ngothak capile. Aja takon, hang aran bathuk sak lapangan. Rada suwi, iring-iringan bis melaku maning.
Akeh panggonan wisata hang dijujugi. Dikawiti ngelencer ring Pulau Merah, Pantai Parang Semar, Alas Purwo lan jujugan pungkasan Boom Marina Banyuwangi. Kerana emeh magerib, rombongan sing suwi memengan pasir ring lapangan hang saben soren dienggo memengan poli ambi lare enom-noman Kampung Mandar, rombongan aju balik ring sekolahan. Mari adan magerib, lare-lare hang uwis katon lisuh iku mulih ring umahe dhewek-dhewek. Kaya adate, Tejo ngawal Mariyamah melaku ambi gandhengan tangan sampek gadug lawang pager umahe. Lare loro iku pandeng-pandengan suwi, aju peluk-pelukan.
“Munggane sing lisuh, Isun milu ning umahrika!” abane Mariyamah mbisiki Tejo. Tejo ngeculaken pelukane ambi mberebes mili. Lare loro iku pisah ring ngarepe lawang pager.
Sampek rong dina Tejo lan Mariyamah sing ketemu. Nawi bain padha ngelempuhe. Wektu kosong dienggo turu. Sampek dina Rebo isuk, Tejo arep pamit lan njaluk donga ning keluwargane Mariyamah. Merga mari bedhug Tejo kudu melaku nyang Jogyakarta, ngurusi dhaptar kuliyah lan milu bimbingan sulung ring kana, lawase kira-kira setengah ulan. Tejo melaku dhewek. Serta gadug ngarep umahe Mariyamah, lawang pagere digembok. Kerana kerasa kesel ulihe celuk-celuk, Tejo nulis ning kertas :”Mar, Isun kudu berangkat ning Jogya. Isun njaluk pendongane. Muga mbesuk Isun lan Rika tetep bisa ketemu!” Kertas hang mari ditulisi iku aju dilepit lan diselempitaken ring gembok lawang pager.
“Jo, Tejo…!” celuk Kang Tamrin Dheyog hang saben dinane mbokak bingkil sepidhah udhud ring ngarep umahe. Tejo sing kathik semaur, aju gancang mara ning Kang Tamrin.
“Umahe Mariyamah kari rapet. Padha nyang endi endane?”
“Jo…Minggu sore apake Mariyamah, Man Karim teka. Sira ambi Mariyamah jare padha ngelencer perpisahan sekolah. Malem Senen, sekira jam sangaan gedigu, Mariyamah lan Bik Asanuk diejak menyang Surabaya. Polae, Senen isuk Man karim kudu melebu megawe. Megawe pabrikan ya gedigu iku wis….!” Cerita Kang Tamrin. Tejo meneng thok ngerungokaken ceritane Kang Tamrin. “Maning, Mariyamah iku arep dilebokaken dadi karyawan kantor ring pabrik panggonane Man Karim megawe.
“Surabaya endi ya Kang?” takone Tejo setengah pelo. Suwarane edheng.
“Byek, yaiku….Isun sing ngerti, Jo. Selawase iki Bik Asanuk masa tau cerita hang lanang iku manggon ring Surabaya endi. Mariyamah iku ditinggal megawe apake sakat SD yah!” abane Kang Tamrin.
“Iya wis Kang kadhung gedigu, Isun nak cepak-cepak arep melaku nyang Jogya. Niyate kuliyah ning kana Kang. Nawi liya dina Bik Asanuk utawa Mariyamah teka, sampekena salamisun ya Kang!”
“O, iya Jo….Muga sukses ya!”
“Amiin…Kesuwun, Kang. Assalaamu’alaikum….!”
“Wa’alaikumussalaam….!” Semaure Kang Tamrin ambi nyawang jangkahe Tejo hang katon ngelayung.
Tejo lan Mariyamah ngelakoni galur uripe dhewek-dhewek. Nasib welase kaya gendhinge Tejo nalika ulang taun ring kelas SMA ne. Tejo nggethu ning masalah kuliyahe sampek ulih gelar sarjana agama lan ulih kesempatan nerusaken kuliyah ring Maroko.
Kelendi lakone Mariyamah? Mariyamah ucul teka Surabaya tanpa diweruhi apak lan emake, merga arep dijodhohaken ambi dulure apake asli Surabaya hang dadi Kepala Personalia ring kantor pabrik. Aliye Man Karim ngomong arep ngelebokaken Mariyamah megawe ring kantor pabrik panggonane iyane megawe. Sing weruha iku mung akal buluse Man Karim, supaya Mariyamah gelem diajak urip ning Surabaya. Cager bingunge Bik Asanuk lan Man Karim. Mariyamah hang buru weruh Surabaya, ngilang. Bik Asanuk lan Man Karim tau balik mulih nyang Banyuwangi, nawi Mariyamah mulih dhewek. Taping umahe magih rapet tutupan, gembok lawang pagere magih wutuh lan kertas hang disuwelaken Tejo uga uwis diwaca Man Karim. Bik Asanuk selabar ning Bik Indun lan Man Imik, nawi-nawi Mariyamah tau teka lan takon alamat kosse Tejo ning Jogya. Bik Indun bingung nyemauri, merga Mariyamah ya sing tau sambang-sambang ring umahe sakat mari perpisahan SMA bengen. Bik Asanuk gembor-gembor. Man Karim tangisan ambi meluk Bik Asanuk. Man Imik ngedhem-ngedhemi.
Mariyamah melayu teka Surabaya njujug ring umahe Pak enome ring Genteng. Arane Man Andik bedhis. Man Karim sing kira arep golet-golet ring Gentheng, merga bengen tau tokar padu kerana waris antarane Bik Asanuk lan Man Andik. Hang tukang ngurek-urek Man Karim. Mulane Man Karim aju kepelayon balik nyang lemah kelairane, Surabaya.
Sakat buru gadug Genteng, Mariyamah kerep ngeteraken adhik misane hang dadi Penyanyi, Mira, ning setudhiyone Kang Mujib. Suwi-suwi Mariyamah uga milu latihan pisan. Iyane bengen tau diajari Tejo kelendi carane nyanyi hang apik lan bener. Kelendi ngatur napas lan suwarane. Dadi, Kang Mujib saya dhemen ning suwarane Mariyamah. Mulane kadhung kundangan, Kang Mujib mesthi nyangking Mariyamah lan Mira. Suwi-suwi Mariyamah lanyah latihan ring setudhiyone Kang Mujib, malah akrab ambi rabine Kang Mujib. Kerana job nyanyi emeh saben bengi, Mariyamah rumangsa sungkan saben teka nyanyi kira-kira jam rolas bengi mesthi dhodhog-dhodhog umahe Pak enome. Pungkasane Mariyamah milih ngekos dhewek, kerana ulihe job nyanyi lebih akeh kadhung dienggo mbayar kos bain. Kadhung ana job ngeraina, marine acara, Kang Mujib mesthi ngajak ngelencer sulung sedurunge mulih. Kadhang ya ning Pulau Merah. Mariyamah ambi nggoleti tulisane iyane nalika bengen ngelencer ambi Tejo: “Tejo love Mari”. Kerana kerep ketemu, Kang Mujib nyirig-nyirig. Mariyamah ketungkul dhemen ning lakone dhewek lali emak lan apake uga uwis lali ning Tejo. Mariyamah hang aran panggunge Mery iku katut arus napsu sampek gelem dadi rabi simpenane Kang Mujib.
-------------------
Kemanten uwis ganti busana. Mery kelunjuk aju gancang mudhun ninggalaken kuwadhe. Merga busanane kemanten iku padha persis ambi hang iyane enggo nalikane kemanten-kemantenan ambi Tejo, Mupus Beraen Belambangan. Mery sing kethip nulihi kemanten lanange. Diceluk MC sampek koncar-kancir, Mery sing gancang mara ring genjot hiburan. Sampek MC-ne marani lan nuntun Mery balik ning genjot hiburan. Mery nyandhak kitar. Kang Mujib kaget. Merga selawase iki sing ngerti kadhung Mery uga bisa kitaran. Bengen diajari Tejo. Aju nyanyi : “….Nem taun lawase…sun anteni tekanrika…kaya-kaya gunung hang Isun sangga….sampek seperene…Rika ya sing ngabari….wis lali apa tah mula ngelali…Kitar putih iki hang Rika tinggali…ngeyakinaken dhung welasrika sing mung janji….ya mung kitar iki… hang bisa ngedhem-ngedhemi….dhung Isun wis sing kuwat nyangga kangene ati…….Nong endi…Rika saiki nongendi….welasrika magih tah kepatri…..teka a sedhela masiya ring impi….makene lega rasane ati iki……”
Gendhing iku durung tutug. Naming Mery mandheg nyanyi merga sing kuwat nahan iluh. Iyane rumangsa kadhung bengi iku acara kemantenan, kudu seneng-seneng. Mery hang aran aseline Mariyamah iku sing kuwat nggawa lakone dhewek.
Banyuwangi, 2024.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
_Dhayoh!-84715.jpg)