Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 21 Juni 2026 06:14 WIB)
(Roncean Cerita) Gesah Kedhung Kerasak (bagiyan 2)
Dianggit ring Kang Ujik
Uwong loro hang suwi sing kecaruk iku aju cerita ngalor-ngidul ambi cekakakan. Nalika cerita masalah Tan Li Ong, kanca-kancane hang padha anggota badminton Phonix tangisan. Emeh setengah dina uwong-wong nggoleti ring pinggirane kedhung. Ana hang sampek melebu ring erong. Sing weruha mayite ketemu ngadeg ring tengah kedhung. Arep munggah sing bisa merga jempolan sikile kecepit watu ring dhasaran kedhung. Sedheng endhase mung kesilep sak kilan. Munggone rambute gondrong, nawi bain mumbal-mumbal keterak ombake banyu ya bisa katon teka pinggirane kedhung hang werane mung sangang meter musuh sepuluh meteran gedigu. Hang nemokaken Kang Usik lukis ambi Kang Usnik negro. Daya tah, jare watu hang njepit jempolan sikile iku didhongkel ambi deriji tangan bain keneng. Suwarane jeritan kanca-kancane sing keneng diendheg, nalika Tan Li Ong dijunjung ring pinggirane kedhung. Serta wis dienggoni kathok lan kaos ana tulisane Phonik, mayite iku rame-rame digawa nyang rumah sakit umum.
“Mari gedigu, kedhung sepi…. nana lare hang wani adus-adusan. Sampek taun 1980-an gedigu, Kali Lo asat kemelinthing yuh?” jare Paesolik.
“Yaiku.. aja cacak iwak ra gempunga. Watu bain sampek nyemeng. Nalika iku nana udan sampek telung taun ika roh?”
“Iyok….Bingung. Sampek-sampek kene juger-juger ring ngingsore Kedhung Kerasak. Nggawe sumber. Nawi magih nemu berebesan. Emane ana, masiya mung mili sithik. Hang penting keneng dienggo kemu lan raup,” jare Adirik ngenget-ngenget.
“Kala semono akeh masarakat hang nganakaken sembayang Istisqo ring lapangan-lapangan,” jare Paesolik.
“Sembayang njaluk udan yuh?” abane Adirik.
“Iyok!” semaure Paesolik mbeneraken.
“Yaiku…wis weruh kalen kemelinthing, ruwahe Wak Mad iku ngomong…!”
“Wak Mad lakine Wak Yah sega janganan ika?” takone Paesolik.
“En..!” semaur Adirik ambi manthuk.
“Ngomong kelendi, tah?”
“Kedhung Kerasak njaluk tumbal maning. Gedigu, yah. Isun sing nyemauri. Mung manthuk-manthuk thok ambi mikir-endane? Batinisun: Lara panas tah Wak Mad iki, gok nggerunyam gedigi kadhung ngomong”.
“Yaiku… yara uwis weruh kadhung kedhung kala semono sing ana banyune. Asat kemelinthing,” jare Paesolik.
“Taping iku omongane uwong tuwek. Nawi nalika iku mari ulih wisik ya sing ngerti!”
Gesahe uwong loro iku kepedhot tekane lare cilik hang aran Atim. Anake Mbok Holisah, dulur misane Adirik. Ruwahe apake Atim arane Kang Mislan, asal teka Kelathak.
“Ana paran, Tim?” takone Adirik.
“Adhik Ibang ambi adhik Kiki wis tangi?”
“Durung ya Tim. Engko kadhung tangi Sun omongi digoleti kakange. Gedigu, yah!”
“Enggih pun!” semaure Atim ambi kaya arep sedhot.
“Tim, Atim…!” celuke Kamilah teka pawon. Atim mandheg ring pelawangan.
“Ika diceluk Mak enome. Memburiya kana, ring pawon!” jare Adirik. Atim melaku melebu pawon ambi mungkruk-mungkruk lan tangan tengene dikencengaken mengisor, tangan kiwane dideleh ring dhadhane.
“Isun welas ning lare iku. Sekaken!” abane Adirik ambi kukur-kukur bathuke hang setemene sing gatel iku.
“Atim iku tinggalane Kang Mislan hang mati ring kedhung Kerasak ika yara?” jare Paesolik kaya ngengetaken.
“Iyok…arane iku Isun hang nguweni. Atimissubhan Hadi. Celukane Atim!” jare Adirik.
Uwong loro iku meneng-menengan sedhela. Pantese bain padha ngenget-ngenget kedadeyan ring kedhung Kerasak hang sampek nyebabaken matine Kang Mislan Kelathak. Kawit-kawitane umah-umah ambi Mbok Holisah wis akeh hang ngengetaken, kadhung uwong dudu aseli Kerantigan, aja pisan-pisan memengan paran maning adus-adusan ring kedhung Kerasak.
Ring pucuke taun 1981-an, banyu ring Kali Lo deres maning. Kerep belabur kerana hang aran udan emeh saben dina. Sangking gedhine banyu belabur, paras-paras hang ana ring pinggirane Kedhung Kerasak padha gempal. Erong-erong hang ana ring kiwa-tengene kedhung kira-kira kepepet gempalan paras. Naming gerojogan magih deres. Masiya kedhung banyune gedhi maning, nana lare hang wani adus-adusan. Sampek kira-kira taun 1986-an gedigu, Wak Mad uwis nana umur. Mbok Holisah mbobot sangang ulan. Wis eleke.
Soren iku dina pungkas ulan puwasa Romadon. Mendhung peteng. Langgar-langgar uwis padha takbiran. Mbok Holisah ngindhit korahan ring banyu wadon. Panggonane kira-kira selawe meter ring ngingsore Kedhung Kerasak. Tengah-tengahe korah-korah wajan, weruh Kang Mislan melaku meripit galengan kidule kedhung aju mudhun. Mbok Holisah melung-melung. Kanca-kanca wadon hang padha-padha ring kalen kala iku uga milu melung-melung nyeluk arane Mislan. Naming sing direken. Mbok Holisah sing kuwat njangkah, merangkang ngunggahi perengan banyu wadon. Gadug kulone umahe Kang Nan thethet, melayu sak kuwat-kuwate ngulonaken. Gadug ring sawah pinggirane kedhung Kerasak, Mbok Holisah nulih Kang Mislan mendheg ring pinggirane gerojogan. Mbok Holisah hang wetenge mondhol-mondhol, merungsudi perengan. Kang Mislan uwis kaya keteriweng. Sing ngereken ring gupuhe Mbok Holisan lan sing ngerungokaken ring suwara melung-melunge. Serta wis parek, Mbok Holisah nyandhak tangane Kang Mislan hang nalika iku mara-mara arep kelumah. Mbok Holisah kaya kerasa tarik-tarikan. Kerana sing kuwat, tangane Kang Mislan dieculaken, polae iyane uga kaya ana hang narik. Serta ucul, Kang Mislan kecebur ring banyu gerojogan iku. Mbok Holisah semaput.
“Kala semono Isun kasep nulungi Mbok Holisah. Nalika ana Mbok Holisah melayu-melayu Isun nututi. Naming sing nutut. Serta gadug panggonan, weruh-weruhe Kang Mislan wis sing ana, Mbok Holisah ketemu nggelethak ring paras iringane gerojogan. Uwong kampung kelebu Rika aju padha teka. Mbok Holis Sun pondhong mulih. Rika ambi dulur-dulur padha takal-takalan nggoleti Kang Mislan. Sampek ana hang nggawa andha. Kerana andha hang dawane mung pitung meter iku, aju disambung ambi andha maning. Seteruse Isun sing weruh wis!” ceritane Adirik.
“Isun lan kanca-kanca padha njebur. Sing mikir banyu melebu ning kuping tah using wis. Batal embuh sing puwasane uwong-wong iku, urusane Pengeran wis. Hang penting bisa nulung Kang Mislan. Nalika iku Iyan aspal nyilep. Napase kuwat. Sak uwen-wen ulihe nyilep, Njumbul-njumbul ambi mondhong Kang Mislan hang wis lemes. Uwong-wong padha njerit nyandhak awake Kang Mislan. Nalika iku Rika teka maning ika yuh?” jare Paesolik.
“Iyok…gupuh wis, Sol. Sing mikir puwasa wis….!”
Awake Kang Mislan dipondhong jak akehan sampek nggadug ring galengan sawahe Pak Tro. Masarakat Kerantigan padha kemeroyok nulung. Jerit-tangise uwong wadon-wadon sing keneng diendheg. Ana hang nggawa pelanca cilik. Awake Kang Mislan dideleh ring ndhuwure pelanca lan digotong rame-rame nyang Rumah Sakit Umum Daerah Belambangan.
Dokter lan perawat hang ana ring UGD padha gupuh. Serta diperiksa, Kang Mislan wis sing ana nyawane. Emane hang tugas soren iku, maklumi. Dadi sing sampek melebu ning urusan administrasi. Mayite Kang Mislan bisa langsung digawa mulih, naming sarate kudu liwat lawang mburi, ngeliwati kamar mayit.
(Ama terusane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.