Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 04 Januari 2026 07:44 WIB)

Roncean Cerita: Kangkung Kang, Kemangi Dhik (Bagiyan 1)


Roncean Cerita: Kangkung Kang, Kemangi Dhik (Bagiyan 1)
Dianggit ring Kang Ujik
           
   Rantag-rantag, Lukman Sothang ditemokaken tangga-tanggane ring pinggir dalan.  Iyane anak penggarep teka keluwarga Wak Akim Kampung Panderejo. Kanca-kanca sak pantarane nulungi  njunjung melebu umahe ambi gemuyu merga cangkeme Lukman ngucap kalimah – "Mambu kembang….wangi.Eh….banger. Eh…..wangi…..eh banger……" Sikile kujed-kujed lan tangane gayaren. Matane merem rapet. Sepidhah udhude ana hang nuntunaken melebu nyang pawon umahe. Kabar kedadeyan hang tememplek lan dirasakaken ambi Lukman, isuk iku  uwis semebyar teka cangkem ning cangkem kaya geni merambat gancang ngobong kayu garing.
   Siji-siji dulure padha teka, kanca-kancane uga pating terungsung, masiya tah sing bisa melebu ning umahe merga uwis kakehen uwong.
    “Keneng paran Sira iki, Man? Kesambet endane?” abane Wak Akim ambi gupuh kurih-kurih kasur panggonane Lukman turu sabendinane.
   Sakat ditinggal mati emake, Lukman ngepos sekolah nalika kelas loro SMP. Mergane isin. Apake hang pudhot iku dhemen memengan wadonan. Serta umure munggah rongpuluh taun, Lukman niru kelakuwane apake. Emeh saben ulan sepisan, wadonane ganti.
    “Pantese bain, ana lare wadon hang lara ati, aju digawe-gawe Lukman iku,” abane Ribut, kancane Lukman memengan, ngomong ning Salanik Kuncir. Lare loro iku gesah ambi kanca-kanca liyane ring iringane gapura wetan  melebu dalan Serayu.
   “Endane?” jare Sukir Gondrong setengah sing percaya, ambi nyolok udud. 
    “Sukir iki sing tau weruh pethithete Lukman, But!” abane Dukik Kesrut. Kanca-kancane nyeluki Dukik Kesrut merga sekalore kesrat-kesrut masiya sing tepak pilek.
    “Ya pantes dulur kadhung Isun sing weruh. Umahisun ra ning Kaempuan hang sampek seperene uwong nyebut Kempon!” semaure Sukir gondrong. 
    Ribut nyeritakaken, emeh saben kampung bisa dipasthekaken ana lare wadon hang tau dadi sir-sirane Lukman. Ana hang umure magih welasan taun, ana hang uwis likuran taun, ana uga hang umure ring ndhuwure iyane. Amit-amit, aja takon rabine uwong hang uwis katut. Sampek ana emak lan anak wadone padha katute.
    “Duwe ilmu seret nawi?” pedhote Salanik Kuncir.
    “Pantese!” saute Dukik Kesrut.
    Ring kulone golongane Ribut, ana maning hang gerombol-gerombol ring emperane langgar. Kira-kira gesahe ya padha, masalah Lukman lan apake.    
     Semono ya magih ana hang welas mbela-mbela keluwargane Lukman. Sak elek-eleke Wak Akim tangane magih gelem enthengan ning tangga lan dulur. Semono uga Lukman. Patheng tandang kadhung uwis wayahe ngersaya sumber, rijig-rijig dalan lan tulung-tulung tangga hang duwe kerepotan, paran maning kadhung ana tangga hang iwuh. Lukman lan apake iku paling ning ngarep ulihe tulung-tulung. Maning kadhung ana Lukman,  kanca-kancane padha patheng megiyet. Polae lancar gawe guyonan. Tulung-tulung ambi cekakakan, sampek sing kerasa ulihe tandang.
  “Kadhung jare Isun, Lukman iku kudu digawa nyang RSUD. Diimpus. Disuntik nganggo obat penenang, buru aron!” abane Nurin hang rongtaun kepungkur tau gereng-gerengan ambi Lukman. Kanca-kancane gesah padha lirik-lirikan lan kethip-kethipan.
   “Omonganrika kari kaya uwong dhendam ak yoh?” abane Marni ambi gemuyu suwing.
  “Ya masa gedigune, sekaken kadhung digeningaken,” semaure Nurin ambi kaya ngenget-enget nalikane magih gereng-gerengan ambi Lukman.
    "Ya magih duwe rasa sekaken Rika yoh, Nur?” poyoke Samiyatun kerog.
     “Aran menusa, Mbok. Bisa ilang welase naming sing bisa lali ning kenangane!” saute Juriyah Bantal,  mancing kanca-kancane gesah padha gemuyu. Nurin mung bisa meringis bain. Sing bisa muring, merga paran hang diomongaken Juriyah Bantal iku mula bener anane.
  “Munggane gelem ngelurug, saben dina  Nurin iki ngelurugi lare wadon terus, ya Rin?” poyoke Marni.
     “Lumuh apuwa wis Mbok, kadhung ditinggal iku arane wis sing diarepi. Kadhung lurug-lurug ya tambah katon kadhung uwis sing didhemeni Lukman. Pyah…..Munggane uwong lanang mung siji ning donya iki?” saut Nurin ambi mencap-mencep.
    “Bener, Rin. Aja cilik ati, Beng…..Ring donya wong lanang trek-trekan….!” Abane Samiyatun Kerog ambi mberguyuh nirokaken suwarane embah-embah.
     “Ehm,  Isun nak mara ning umahe Lukman sulung yah. Kepingin weruh!” jare Marni ambi langsung melaku nyang umahe Lukman.
    Umahe Lukman magih akeh uwong. Teka dokter Puskesmas meriksa awake Lukman ambi takon-takon ning Wak Akim.
     “Sakat mari Asar sore metu, pamit mbecikaken sepidhah udhude ning bingkil. Yaiku, isuk kene mau teka-teka digotong dulur-dulur. Awake gemeter kabeh, sikile kujed-kujed cangkeme nggerunyam kaya uwong kesurupan,” ceritane Wak Akim ning dokter Hanani.
    “Sun periksa kene mau, nana penyakite. Arep ditinggali obat ya kuwatir salah. Iki bain engko ombekena, makene  bisa turu!” jare dr. Hanani ambi ngelungaken tablet sak bungkus pelastik cilik.
    “Durung kelebon panganan, sing paran-paran?” takon Wak Akim.
     “Sing paran-paran. Isuk iki ombekena siji, engko bengi siji!” abane dr. Hanani. Wak Akim manthuk-manthuk ambi nerima pil mau. dr. Hanani ringkes-ringkes aju ninggalaken umahe Lukman hang magih akeh uwong iku. Sakmungkure dr. Hanani, Jaipan uluk-uluk, ngomong edheng: ”Obat tidur?”
   Wak Akim njaluk tulung ning uwong-wong supaya mbantu ngombekaken pil mau ning Lukman. Masiya takal-takalan, Lukman bisa ngeleg obat iku mau. Naming gemetere magih anter. Malah saya oyang. Nggelibag ngiwa-nggelibag nengen sampek endhase gemelantung teka kasure.
     “Obat paran sih iku mau? Gok saya oyang gedigu…..!” melung salah sijine uwong hang ana ring umah iku.
   “Suwi-suwi engko yara kesel, aju kesirep!” saut sijine maning.
  “Geningena bain wis, aja dicekeli. Adhangana bain nawi teblug teka kasure!” jare uwong hang sijie maning.
   “Engko wangune nana ulihe, goletena uwong tuwek bain, wis. Nawi ketemplekan paran-paran Lukman iku!” usule Bik Apiyuk.
    “Sapa, yoh?” takone Wak Akim ning Bik Apiyuk.
    “Dhuh….Banyuwangi….akeh uwong tuwek. Ning Dandangwiring kana ana, Mojoroto kana ana, Cungking akeh, ning Boyolangu ya ana,” saur Bik Apiyuk.
     “Byek…..Bik Apiyuk apal panggonane uwong tuwek. Ketang dhemen takon nomer,” jare Kang Jarimik edheng.
    “Gedigi bain, wis. Aja digening-geningaken Lukman iki. Ayo dulur hang gelem nulungi Isun ayo padha wuduk. Hang sing gelem milu mbantu maca Patehah bain yah!” abane Kang Ashari Gering.
     “Gedigu ya apik….ayo, ayo, ayo…..gentenan wuduk. Hang nyekeli Lukman milu wuduk pisan, agek…..!” abane Samad Gendrug ndhukung kekarepane Kang Ashari. Merga Samad ngerti, Kang Ashari iku uwong hang dhemen tirakat. Akeh melek bengine, akeh puwasane lan sing tau ngapus. Jaba-jerone padha. Ucapane ya lakune. Kerungu ajakane Kang Ashari, hang mula dhemen ibadah ya aju gancang wuduk. Hang uwis kadhung njaga Lukman, ya tetep njaga Lukman. Hang sing dhemen ning keluwargane Lukman ya aju metu, mangu-mangu ring seberang dalan kampung, ngarepe umahe Wak Akim.
     Mari wuduk, uwong-wong iku aju maca Patehah, Kul-hu, Palak lan Annas mbarengi Kang Ashari maca surat Yasin balen ping pitu aju bareng-bareng maca ayat kursi. Sedurunge ndonga, Kang Ashari njaluk banyu putih sak morong. Uwong-wong sak jero umah padha meneng merga Lukman milu mbuntuti maca ayat kursi masiya edheng. Lukman uwis sing nggerunyam maning. Malah milu amin bareng uwong-wong hang ana nalika Kang Ashari ndonga Nur Buwat. Mari maca donga, banyu putih sak morong didamoni ping telu, aju diiling ning gelas gedhi lan diombekaken ning Lukman.

(Ana terusane)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kang Ujik

Editor: Hani Z. Noor